Nama : Moch. Iqbal Prasetyo
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 22
Drama
Saking Cerkak “ESEME LARASATI”
Dening
: ARIPURNA
1.
Unsur Intrinsik
Ø Paraga +
Watak :
a) Larasati = Menengan
b) Mbak Ria = Sabar, seneng rasan-rasan
c) Mbak Wika = Seneng rasan-rasan
d) Mas Dodi = Sregep, ora seneng pamer
e) Pak Agus = Ramah
Ø Tema : Asmara
Ø Alur : Maju
Ø Setting :
·
Panggonan :
Ruang Studio Radio Gembira FM, Ruang Siaran,
·
Wektu :
Isuk
·
Kahanan :
Ayem,Tentrem,
Ø Sudut Pandang :
Wong kapindo kang nyritakake
Ø Piwulang
: Ojo nemen-nemen leh mu mikir jodo, kabeh iku wis ono sing ngatur!
2.
DIALOG
Babak 1 (Ruang Studio)
Larasati :
Hai Mbak Ria, sory aku kawanen iki mau sepedha diasta bapak nang Ponggok. Kepeksa
aku nunggu sak kondure.
Mbak Ria : Aja kuwatir, cah manis. Kayane
Mbak Wika ya ora kabotan natakne lagumu. Wis kana,gek ndang siaran.
Mbak Wika : Kayane Larasati lagi kena imbase
Merapi ya Mbak Ria, ora kaya biasane.
Mbak Ria : Ketoke pancen ngono. . . Ning ya
ora mesthi uga, wong meh saben dinaLarasati ki ya suntrut.
Mbak Wika : Suntrut piye ta? Ra kelingan ya dhek
wingi olehe ngguyu ngeklek-klek merga nampa telpon saka pacare sing jenenge sapa kae, kok
lali ta aku…
Mbak Ria : Bagus.
Mbak Wika : Ya kuwi. Bagus.
Mbak Ria : Sapa wae yen oleh telepon saka
pacare ya mesthi ngguyu keklek-keklek, Mbak. . . Ya mung aku dhewe iki sing during iso ngono wong
pancen durung payu.
Mbak Wika : Husshh. . . ngomong apa kuwi, ora
ilok.
Babak 2 (Ruang Siaran)
Larasati : Pendengar Gembira FM,
kelihatannya cuaca di luar memang tidak begitu bersahabat sehingga harus menangis lebih awal dari
biasanya. Kalau begini enaknya ngapain ya? Larasati jadi bingung. Sepertinya Larasati
malah pingin ikut nangis seperti hujan di luar sana…
Bagi yang sudah kirim salam, Larasati ucapkan terima kasih banyak semoga
harimu sangat menyenangkan. Dan ini ada satu puisi
yang ditujukan untuk yang tersayang di Pasirharjo dari Violet…
Babak 3 (Ruang
Studio)
Mas Dodi : Hallo, Mbak Ria!
Mbak Ria : Wooo. . . iki mau critane Sang
Pangeran nusul Tuan Putri lagi siaran. Gek saka ngendi kok sajak krenggosan?
Mas Dodi : Saka golek perlengkapan terob
Mbak, maklum tanggapan rada rame.
Mbak Ria : Ya syukur, kena ngge imbuh tuku
jas hujan. Ngelingi udane ra mandheg-mandheg ngene. Minimal nek metu ora perlu nunggu
terang!
Mas Dodi : Kayake pancen angel mempertahankan
sebuah hubungan, Mbak. Karaktere wis ora kena dinego blas!
Mbak Ria : Banjur karepe sampeyan piye Mas,
kok muni ngono?
Mas Dodi : Ya lek karepku ki panggah kangge
selawase, ning lek sing dijak selawase njaluke sedhilut wae, ya piye maneh?
Mbak Ria : Kok ya lucu ta Mas, sampeyan ki.
Kaya ludruk wae suwe-suwe.
Mas Dodi : Mbak Ria ki dijak diskusi tenanan malah nggodha.
Mbak Ria : Okey, okey. . . Pancen ya kudu
sabar, menjalani suatu hubungan. Aja lali faktane yen Mas Dodi karo Laras ki selisih umure cukup
adoh lho.
Mas Dodi : Iku wis klebu sind dadi pikiranku, Mbak.
Mbak Ria : Ning kabeh mau ora kok njur dadi
pathokan kudu melu endi sing Dominan. Istilahe Mas Dodi ora perlu kudu ngetut marang sikape
Laras merga dheweke rumangsa ngalem, njalok diuja sembarange. Ning
suwalike Laras ya ora perlu ngetut sekabehing karepe Mas Dodi sing dewasa sembarange.
Mas Dodi : Njur piye, Mbak?
Mbak Ria : Lho apa pacran karo aku wae, sing
wis paham aturan maeine?
Mas Dodi : Ayoo . . . dikira gak gelem! Ya, Aku ngerti karepe Mbak Ria kok.
Mbak Ria : Ning kabeh kuwi perlu proses lho
Mas. Lan sing baku pengertian antarane panjenengan berdua kudu dadi tombak utama kangge
menyelaraskan sebuah hubungan.
Mas Dodi : Kaya arep perang wae?
Mbak Ria : Aap dikira perang ki manggene neng
alas thok. Sing luweh rame, nanging wong liya ajeg ora krungu ki lak perang mungsuh swara
atine dewe ta.
Mas Dodi : Sip. . .
Babak 4 (Ruang
Studio, Dina Minggu)
Mbak Wika : Mbak Ria, wis siap klambi ngge buwuh
pa rung?
Mbak Ria : Sapa kang dadi manten, Mbak?
Mbak Wika : Kamis awake dhewe rombongan menyang
Pasirharjo. Larassti bakal rabi karo Si Violet…
Mbak Ria : Piye jluntrunge kok, jog-joge
tekan Si Violet?
Mbak Wika : Buktine wingi undangane ngono kok. Aku
iki ya penasaran lho karo Si Violet iki.
Mbak Ria : Okey, kamis jam sepuluh budhal.
Mbak Wika : Sip!
>>>>>
Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar