Nama : Marliana Lutfiarti
Kelas : XII – IPA 3
No.Absen : 20
Drama
saking Cerkak “Raket Biru”
Dening : Astuti Putri
Prolog
Raket biru
iku di resiki ngango kain sing wernane uga biru. Raket kebak kenagan, lan wis
sawetara wektu dadi kanca anggonne astuti nekuni olahraga badminton.
Babak 1
Ing
sawijine sore naliko udan grimis ing mangsa ketiga, Astuti lagi ngresiki raket
biru lan ngending.
Astuti :"Awet jare ketiga kok isih ana udan
wae..."
Bapak :" Kowe iku lagi nembang opo to
tut?".
Astuti :" Niki lo pak, sak niki pun mangsa
ketiga kok tasih wonten udan ."
Ibu :" La pye maneh to tut ?, wong saiki yo
udane iku ra kenal waktu , cwacane yo ra tentu."
Bapak :" La keprie rantaman mu angene ngolek
pasangan, opo yo ijek panggah ?."
Astuti :" Injih pak , niki tasih madosi ingkang
saget nglaksanaaken syarat e kula."
Bapak :" Aku ora mengging, nangging sing
ngati-ati, karepmu bakal golek calon bojo sing setimbang karo keprigelanmu,
nangging aja ngawe gelo wong akeh."
Astuti :" Injih pak, niki kula usahaaken."
(Bapak lan ibu banjur mlebu omah)
Astuti :" Pancen bener kabeh ngendikane bapak
lan ibu, nanging aku ora bakal mundur. Kabeh kudu kelakon miturut ramantamanku.
Saumpomo ndhek biiyen kae bulik kinan ora takon kapan anggonku bakal rabi , aku
ora bakal tumindak kaya ngene."
Babak 2
Ndhek
mbiene kala astuti lagi ngumpul karo bulik e.
Bulik kinan :" Astuti kapan anggonmu rabi ?,
kowe wes ndue calon opo gurung ?."
Astuti :" Mboten semerap bu
lik,dereng."(karo mesem).
Bulik kinan :" walahh... ,wis tiwas awakmu
binggung bulik nduwe kenalan anak e mitra raket ku, bocah e kuwi bagus temenan
. Jeneng e Arga."
Astuti :" (mesem) Ngeh bulik kula pikerake
rumiyen."
Bulik kinan :"walahh iyo tut, tapi ojo
suwe-suwe ya !."
Kinan :"
Ngeh bulik."
Sawise iku astuti banjur nemoni adhine lanang yoiku
Aji
Astuti :" Aji, Mbak kate omong."
Aji :" Ngeh mbak kate omong nopo?"
Astuti :" Ngene lo ji , bulik kinan dheweke
kate njodohke aku marang anak mitra raket e bulik, jeneng e Arga ."
Aji :" Wahhh temenan to iku mbak ?, lak
mangkono aku setuju banget mbak."
Astuti :" Walahh to ji kok mang kono?."
(Bapak teko )
Bapak :" wah-wah enek opo iki kok sajak e
serius eram?"
Aji :" Niki lo pak mbak astutik , terosepun
bulik kinan kate njodohke mbak astutik kaleh anak mitra rakete bulik kinan sing
asminipun Arga."
Ibu :" oalah bapakan iku , iyo tut ndek winggi
bulek mu wes omong karo bapak lan ibu. Bapak lan ibu sih setuju wae nanging
kabeh keputusan ana ing pangarep mu."
Astuti :" (dheweke binggung kudu keprie ,
akhire dheweke ndue ide.) "Nyuwon pangak sami pak, mbesuk sing bakal
dumadi jaturama kula ngeh niku priya sing saget ngalahaken kula main
badminton."
Bapak :" Wealah tut iyo wes gapopo nanging yo
aja ngawe gelane wong akeh lo ya! Lan sing penteng awakmu seneng."
Aji :" Walahh mangkono ta mbak, lak mangkono
aku ya melu ngiwangi hehehe.. sawise iso ngalah ke mbak astuti, priya kuwi uga
bisa ngalah ke aku main badminton."
Babak 3
Saiki. Aji
lan astuti lagi lungguh sesandingan.
Aji :" Wis ana sing arep nantang durung
mbak?"
Astuti :" Ana , jagoane bulik kinan ... kowe
iki ya ngapa kok melu-melu?"
Aji :" heheehe ... iseng mbak. Saliyane kuwi
mbak Astutik kudu entok atlet sing jos! Kanthi mangkono aku bisa melu-melu
entuk mitra tandhing sing sababag. Mbak astutik ngerti dhewe aku kangelan golek
mitra tandhing sing sababag.
Astuti :" Wes sakkarep muae lah ji ."
Aji ngadek ora sida lunga awite ana telpun, banjur
mlaku rada ngadoh . Banjur nyedhaki aku maneh.
Astuti :"
mesti telpun saka wiwik pacarmu."
Aji : (mapan lungguh) " Hehehe iyo mbak ,
dheweke lak nduwe kangmas , jeneng e Puguh. Lan wis suwe kangmas e kuwi
nggatekake Mbak Astuti , nanging katon Mbak Astuti ora nggape."
Astuti :" ohh... laterus napo ji?."
Aji :" ngenten mbak mau jare wiwik mas puguh
kate nantang mbak astuti main badminton."(astuti amung mesem )
Babak 4
Ing GOR PGRI , pingire kali muncar cedhak
kretek Puguh lan adhine wiwik wis siyaga ing papan kuwi . Tetandhingan
badminton kawiwitan, puguh ragu-ragu ,dheweke sarwa rikuh.
Astuti :" Mas Puguh , aja ragu-ragu aku dadi
ora kepenak iki!."
Puguh :" Iyo Mbak Astuti (mesem karo tangane
aweh sasmita yen bakal tenanan. Ing pingir lapangan aji lan wiwik katon
keplok-keplok awehi semangat.)
Aji :" Ayo mbak, mas semangatt!!"
Puguh katon gupuh , kringete wiwit nelesi awake.
Dheweke katon tenanan, nangingg Astuti bisa ngwasani kahanan lan akhire Astuti
menang.
Puguh :" Aku ngakoni kalah ... Mbak Astuti
pancen hebat tenan, wis aku nyerah." (Karo nyalami Astuti.)
Astuti :" Ah ... Mas Puguh anggone nglembana
aku kebangeten.(karo mesem)
Raket biru
banjur di usapi nganggo kain warna biru , raket sing menawa ora bakal bisa di
ganti raket liane , sing kebak cerita lan memori. Nag pinggir lapangan aji lan
wiwik katon seneng mbuh jalarane opo.
Ora mung
puguh sing nantang main badminton nangingg isih ana wong lima sing nantang
badminton , nanging kabeh mau iso dikalahake Astuti, dheweke dadi mikir ,"
umpama mangkono pancen ora ana sing bisa ngalah ake aku main badminton , banjur
kepriye?. Apa kelakon aku bakal ora nduwe pasangan ? Ahhh mbuh ... pokok sing
lumaku dilakoni dhisik."
Babak 5
Dina sabtu
jam papat sore, ana tamu teka ning omah e Astuti. Pranyata tamune iku Bulik
kinan lan wong lanang enom.
Bulik kinan :" Assalammualikum."
Bapak :" waalaikummusallam , eh kinan ayoh
ndang lungguh."
(Astuti
nyawang saka njero omah , dheweke merhate ake tamu sing bareng karo bulik e opo
kwi sing jeneng e Arga ? Wong lanang iku lencir dhuwur , praupane kaya
artis-artis korea.)
Bapak banjur nyeluk astuti
Bapak :" Ndhuk , Astuti mareneo nduk.!"
Astuti :" Ingih pak (mlaku metu)
Bulik kinan :" Astuti... iki hlo sing jeneng e
Arga. Kono gek padha tepungan ."
Arga :" Arga." (Nyalami astuti)
Astuti :" Astuti." (Nyalami Arga)
(Astuti kesemsem marang Arga amergo pawongane beda
banget karo pagirane . Awit maune Astuti ngiro yen Arga kuwi gendhut kemu
ghinuk-ghinuk, nagging pranyata Arga iku proposional.)
Bulik kinan :" Ehemm... pye tut nganteng
ta?."
Astuti :" hehehe .... njeh bulik (karo mesem)
Bulik kinan :" lah sak ki kepriye , awak mu
gelem ora tak jodhoh ke marang Arga?."
Astuti :" Purun mawon bulik , nanging kula
nduweni syarat !."
Arga :" Opo iku , mbek menowo ae aku bisa
hehehe...."
Astuti :" Namung siji yoiku iso ngalah ake aku lan aji main
badminton."
Arga :" walahh... sajane katon susah banget.
Tapi ora ngapalah kanggo dhek astuti mah aku iso." (Karo mesem)
Arga lan Kinan banjur tanding ing GOR PGRI. prayata
Arga duwe kaprigelan mirunggan, Astuti kwalahan . Smesh-an lan kluthikan sing
indah kasil ngurak aring angene astuti main badminton. Wusanane astuti kalah.
Babak 6
Wengine,
naliko astuti arep ngresiki raket biru Aji nemoni astuti.
Aji :" Kepriye mbak , menurut e sampean marang
mas Arga?."
Astuti :" Satemene aku pancen wiwit ketarik
marang kapribadiane mas Arga."(mesam mesem) tapi ji sesok nek awakmu
ngadhepi Arga kudhu tenanan, ojo ngalah ya.!"
Aji :" hahaha iya mbak siap!!."
Dina teruse,
aji main temenan angene nglawan arga. Kekarone sababg, aji main dicampuri emosi
, nanging arga anteng wae. Nalika aji mlumpat nyemes, Aji kelangan keseimbangan
, mula engkele kesleo.
Aji :" Aduhhh..." (kelaran kro nyekeli
sikele)
Arga :" kowe ora ngopo, iso lanjut ta gak ji?,
nak ga isok mben wae diteruske neh ji!."
Aji :" Koyoke sih ogak iso . Uwes ogak usah ,
aku wes ngakoni yen aku kalah."
(Arga banjur mesem , banjur nyedak i Astuti)
Arga :" Dhik Astuti. Ayoh padha tepung kanthi
luwih cedhak dhisek. Yen ana kecocokan ayo diteruske, dene yen ora gathuk , aku
rila mungkasi sesambungan iki."
Astuti :" Maturnuwun , Mas Arga."
Arga :" Iki raketku openana, wernane padha karo
raketmu," (ngelung ne raket werna biru ,jebles karo rakete Astuti.)
Epilog
Raket biru
dwek e Astuti entok kanca, sing wernane uga biru. Raket kuwi sing menehi Mas
Bayu , pancanganku biyen sing tilar donya amarga kecilakaan. Lan saiki aku
bakal neruske main badminton, nganggo raket biru liyane.
>>>>> Rampung
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar