Nami :
Nia Kurniawati
Kelas/No Absen :
XII-IPA3/26
Drama Saking Cerkak “Tresna Piningit”
Dening : Eni S
BABAK I
Wes udakara rong taun akuy kuliyah ning Surabaya lan
aku nderek nang daleme mbakku kene perumahan dines sekolahan. Kuliyah karo
ngiras-ngirus ngekos gratis. Mbakku dewe ngetutne kakunge seng dadi guru,
mbakku mbukak kantin nang sekolahan.
Mbak arini : din dini mreneo
Dini :
enggeh mbak wonten nopo?
Mbak arini :
kuliahmu piye? Gak enek masalah to?
Dini :
mboten entem nopo-nopo mbak
Mbak arini :
awakmu wes due pacar porong din?
Dini :
dereng mbak hehehe
Mbak arini :
awasno ya nak kuliahmu ra tutuk terus bukak terop
Dini :
piye mbak maksute? Ngewangi dekor nang mantenan to mbak?
Mbak arini :
awakmu isuk mau sarapan opo din?
Dini :
opo ya mbak, godokan mi ndek ingi mbak koyok e
Mbak arini :
wah jolayak awakmu dijak ngomong gak ngedong, maksute mbakyumu iki kowe sekolah
seng tenanan gausah mikir pacaran yo din. Ojo niru mbakyu mu iki seng kuliah e
gak ditutukne amerga kepengen rabi.
Dini :
walah ora mbak santai ae mbek adekmu sing ayu, manis, karo seneng nabung iki
hehehe
Mbak arini :
wes-wes, dino kimau gak kuliah din?
Dini :
kuliah mbak mari ngene budal
Mbak arini :
oalah iyo din
BABAK II
Sakjane
gak enek masalah kanggone sopo ae ngenani aku nyenengi pak adi. Salah sijine
guru seng tak senengi pas aku ngewangi mbakku nang kantin e amerga iki salah
siji pelanggane. Nganti awan kuwi nalika aku mulih kuliah.
Mbak arini :
din kowe nyenengi pak adi ya? Iki apa?
Dini :
anu mbak
Mbak arini :
anu opo? Iki buku mu kan isine kok fotone pak adi?
Dini :
sepurane mbak, aku wes suwi nyimpen rasa karo pak adi aku wedi nek samean eroh
engko malah pak adi ngindari aku.
Mbak arini :
oalah din…din.., kuliah lagi kawit wae wis wani macem-macem!! Nak sudo siji pelangganku goro kowe ngeneki.
Dini :
sepurane mbak
Mbak arini :
awasno sampek aku eroh awakmu ngedoli pak adi pas tuku nang kene. Mulai saiki
awakmu kudu ngedohi pak adi!
Dini :
nggeh mbak
BABAK III
Bar
kuwi wis ora ono kedadean apa-apa. Mbalik kaya wingi-uni, mung yen ana pak adi
tuku apa-apa mbak arini sing langsung ngeladeni, aku dikon mlebu ben gak golek
kesempatan mbakku nate ngomong. Nganti sore kuwi.
Bocah cilik :
bambang ketiban genteng…!!! Bambang ketiban genteng…!!!
Dini :
sopo dek?! Nang ndi??
Bocah cilik :
bambang mbak! Bocahe nang kono sanding sekolahan seng rusak mbak
Dini :
wes ayoh rono dek!!
Dini :
piye ngelu nopo mboten?
Bambang :
mboten mbak
Pak adi :
suwun din iki mau cah-cah arep dakjak latihan voli. Hla kok malah kaya ngene
aku telat amerga mari ngeterne sekar mulih
Dini :
lha mari ko ndi pak?
Pak adi :
mari tuku seserahan gae lamaran sesok awakmu melu ya pisan-pisan mbaturi aku
din
Dini :
kapan to pak acarane?
Pak adi :
malem minggu din, piye melu gak
Dini :
gak iso pak enek acara
Pak adi :
oalah tenanan din?
Dini :
enggeh pak
Pak adi :
oalah yowes din
BABAK IV
Akhire ya ngene iki, dakkuwat-kuwatne meksa gak
kuwat maneh ngempet pangrasa iki, kanthi alasan nyedeki kampus amerga kuliyahku
tugase tambah akeh, aku teros jaluk ngekos dewe.
Mbak arini : kowe
ning opo jaluk ngekos dewe wes penak ngene
Dini :
aku ape ngindari petuk pak adi mbak
Mbak arini :
oalah ngono yo apik din, piye mas dini oleh ngekos dewe gak
Mas budi(kakange mbak arini) : lueh apik dini nang
kene sek, bocah cilik nang sekolahan podo
seneng nek enek dini nang kene
Dini :
oalah
Mbak arini :
piye din?
Dini :
wes manut mbak
Mas budi :
lha ngono lho din guyu sek sajake kok mencucu ae
Mbak arini :
biasa mas biasane malah gulung-gulung
Dini :
bih mbak kui ora bener
BABAK V
Malem
minggu aku lungguh neng teras kossan dhewekan. Kanca-kanca dha week-end dhewe-dhewe. Saiki lamarane pak
adi sak perih-perihe atikuaku jik kober dongakne muga lancer acarane. Ana
sepeda motor mlebu ngarepan sing numpak helm tropongan.
Dini : sopo ya kuwi? Koyok tau kenal
Pak adi : ra sah ngomong apa-apa, rungokno sekar
kuwi anake bulikku. Nalika aku ngomong yen aku seneng kowe sekar gak ngolehi
amerga kowe duwe idola uakeh
Dini : sekar konco kuliahku?
Pak adi : iyo din wi anake bulikku lha awakmu tak
kon ngancani lamaran ki duk lamarankku nanging lamarane sekar koncomu kui
Dini : tapi?
Pak adi : aku weroh nak kowe seneng aku teko bukumu
seng kleleran digae dolanan ponakanmu nang warung.
Dini : (rasane deg-deg ser)
Pak adi : wes
ayo saiki enggal salin, acarane sekar selak diawiti. Aku mlayu mrene
sakwise sekar njamin nek kowe ki pancen seneng temenan karo aku.
Kembang-Kembang Tresnoing Telenge Atiku Langsung Mekar Maneh
>>>>> Rampung
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar