Jumat, 02 Februari 2018

Naskah Cerkak Dony Ferry Ago


Nama : Dony Ferry Ago
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 09
Drama saking cerkak : “ KONTRAKTOR “
Dening : Ary Nurdiana
Unsur Intrinsik
1.Parogo karo watak
Aku/Yuli : sabar, Ngati-ati, lan nerimo
Ibuke Yuli : loman kro kecilik -keciliken
Pak Modin : peduli,
Rudi : seneng ngapusi, jahat
Weni : peduli
 Tema : asmara
3.Alur : campuran
4.Setting:
a.panggonan : ing omah, ing ruang tamu, ing kamar
b.waktu : wayah bengi, isuk, awan
c.kahanan : bingung, nelongso, tegang
5.sudut pandang: wong pertama pelaku utama
6. Piwulang : Ojo langsung percoyo karo wong sing durung kenal.


BABAK 1
“Assalammu’alaikum salamku enggal mrucut saka lambe. Yen aku ora ngucap salam dhisik, njur calon maratuwa mutung anake ora sida diwenehake, bisa cilaka mencit aku.
“Wa’aaikum salam Yuli ?“ swarane camer keprungu kedher.
“Inggih, ibu. Wonten dhawuh ?“ pitakonku alus.
Dumadakan ibu nangis. “Nduk.... cah ayu, kangmasmu kecelakaan. Saiki ana rumah sakit. Iki rada parah, Ndhuk.... isih ditangani dhokter.” swarane ibu kaya bledheg nyamber—nyamber ing wayah udan

BABAK 2
SAIKI aku terkenal dadi randha kembang. Ayu pinter tur
“Yuli... Yuli... Ana tamu...." swarane ibu ngagetake aku sinq lagi natasake rambut ana kamar.
“Dalem ibu.....” semaurku. Dina iki aku ora duwe semayan, kadingaren ana tamu kanggo aku. Pasuryane ibu mencungul saka sak walike kamar. Dak sawang sumringah banget. Ora kaya padatane sing ngluncum alum.
“Sinten, Bu tamune ?“ pitakonku karo nyawang ibu anteb.
“Wis endang salina ageman. Tamune Pak Modin ngajak kanca kontraktor. Arep nontoni sliramu.
“Ibu menika sanes jaman Siti Nurbaya. Dalem mboten purun jodho dicomblangi.” Aku mbesengut. Ibu ki kepriye ta. Kanca kuliyahku sing ngesiri aku wae nganti antri-antri durung ana sing dak pilih. Nyangapa kok kesusu. Umurku isih durung genep selawe taun.
“Ndhuk, awake dhewe aja nguciwani Pak Modin. Wong mung kenalan wae. Apa ta salahe ? Kontraktor ndhuk, bagus piyantune,” Ibu mesem.
Yah .... apa salahe gawe marem ibu. Aku banjur dandan, nanging ora duwe pangarep-arep ketemu jodho saiki. Apa maneh rabi, masiya wis bubar sewu dinane Mas Irwan.

BABAK 3
Aku banjur metu dikancani ibu. Bapak lagi tindak menyang Jakarta ana daleme mbakyu.
“Ndhuk iki ponakane bulik Narti. Kuwi Iho sing ana Denpasar. Ana kana dadi kontraktor" Pak Modin sajak seneng nyawang aku gelem metu.
“Yuli" dak ulungake tanganku karo nyawang piyantune bagus kuwi. Aku ora selak, bagus tenan. Nanging geneya atiku durung ana getar?
“Rudi Bacute, jagongan dadi gayeng. Lumayan sukses Rudi iki yen miturut critane. Ana Bali dadi kontraktor perumahan. Mesthi wae dhuwite jutaan, milyaran.
Kahananku kang arep dicomblangi kuwi dak critakne kanca raketku Weni.
“Wonge bagus, Wen. Ananging aku durung kepencut. Embuh kok isih ana sing ngganjel ana ati,” Weni iki kanca raketku kawit cilik.
“Jenenge sapa, Yul ?“ alise Weni gathuk.
“Rudi Prasetyo saiki daleme Denpasar. Ponakane bulik Narti,tanggaku.”
Dumadakan Weni mencolot, kaget.
“Mengko dhisik aku kaya tau krungu jenenge kuwi.... kontraktor uga. “ Weni tangane nyekel sirah. Aku nyawang bingung.
“Yul.... aku saiki eling. Setaun kepungkur ana wong tukang apus — apus ana desane mbakyuku. Jenenge uga Rudi Prasetyo. Ngakune uga kontraktor. Mbakyuku ludhes dirampog, diapusi nganggo gendam... Omahe uga Bali. Awakmu sing ati-ati,” Weni menehi katrangan.

BABAK 4
“Assalammu’alaikum ..."
“Wa’alaikumsalam ..."
Aku dhewe sing mbukak lawang. Pancen bagus tenan Rudi iki.
“Pripuri khabare, Dik Yuli ?“ pitakone alus. Sapa wae bisa kepencut.
“Sae Mas Rudi. Panjenengan ketingal sehat,” semaurku karo mesem.
Durung nganti semaur maneh, saka lawang ngarep mlebu wong telu. Weni kancaku, Pak Modin lan “Minah ?“ swarane Mas Rudi kaget nyawang wanita ayu ing mburine Weni.
“Kok tepang ?“ Ibu wis ana mburiku.
“Inggih, ibu. Menika Mas Rudi kontraktor alias kontrak sana kontrak sini. Pendamelane namung ngapusi lan ngeret mangsane. Pinter gendam ibu kula sampun ngalami piyambak. Sampun ngantos, dik Yuli kenging, Meksakaken" Mbak Minah menehi katrangan.
Dumadakan.. "Dhug!!!" Pak Modin njotos pipine Rudi.
“Pun, Pak Modin, dibeta dhateng kelurahan kemawon. Menika rak nggih ponakane bulik Narti ? Sampun main hakim wonten mriki “ aku mbengok.
“Sepurane, Ndhuk. Iki jebul dudu ponakane bulik Narti. Iki tukang gendam. Aku ya wis kenekan dhuwit sak juta,” semaure Pak Modin njaluk ngapura.

>>>>> Rampung

Naskah Cerkak Khafid Abdul Lubis K.


Nama : Khafit Abdul Lubis Khoiri
Kelas : XII-IPA 3
No. : 16
KETANGGOR
Dening: Ismoe Rianto

Tema : perilaku ala
Tokoh lan penokohan : Sarkam: gampang percoyo, gampang di blituk i, bejat, lan seneng ngumbar kesenengan
                                         Fefen: seneng mblithuki wong, bejat, lan seneng meres duwete wong
Alur : maju
Setting : Wektu : isuk, awan, lan wengi
               Panggonan : jero bis, taksi, ngarep losmen, lan jero kamar
               Kahanan : seneng, bingung, kepencut, gupuh
Sudut Pandang : orang perrtama pelaku utama
Piwulang : ojo gampang percoyo karo wong seng lagek dikenal, lan ojo seneng ngumbar kesenengan karo wong seng dudhuk muhrime koyo Sarkam

Babak 1
Setting: Wektu : Isuk
              Papan Panggonan : Ing jero bis
              Kahanan : Sumpeg

Sarkam : "Lha lek ngene iki ya golek mangan temenan. Gak mek dulinan thok". (Ucape Sarkam)
                "Daleme Malang, Mbak?!" (Sarkam nyoba takon).
Cah wadon : "Tumpang" (wangsul e cah wadon).
Sarkam : "Tumpang iku Wendhit sek ngetan ya?" (Sarkam takon)
Cah wadon : banjur manthuk"
Sarkam : "Abdulrachman Saleh? AURI?" (Sarkam takon)
Cah wadon : "Sik ngetan."
Sarkam : "Surabaya manggone ndi?"
Cah wadon : "Rungkut."
Sarkam : "Kuliahe?"
Cah wadon : "nglamar gawean."
                       "Mas nyambut gawene ndhuk Bank apa Pertamina? Soale aku ko kaya tau ketemu?!"
Sarkam : (mringis)
Cah wadon : "Golekna gawean alu ta Mas!"
Sarkam : "Ijazah terakhire apa?"
Cah wadon : "Ekonomi."
Sarkam : "Bisa komputer?!"
Cah wadon : (namumg gedheg)
Sarkam : "Sayang. Nggonku jan-jane ya golek. Nanging sing bisa komputer."
                 "Gampang!" (cluluke Sarkam).
                 "Kabeh bisa diatur kok. Wong bagian nguji aku dhewe. Tali nek wis ditampa, Mbak kudu kursus komputer."
Cah wadon : "Aku kudu bayar pirang juta?"
Sarkam : "Gak usah!" (Wangsulane Sarkam)
Cah wadon : (banjur cah wadon mesam mesem)
Sarkam : "Nggonku gak usah ngono-ngonoan, Mbak. Mbake ojo gampang-gampang ngeculna dhuwit. Pancen akeh wong sing ngono iku. Janji nggolekna gawean tapi kudu mbayar..."


Babak 2
Setting : Papan panggonan : Terminal Arjosari lan jero taksi
                Kahanan :
Sarkam : "Nang Tumpang numpak apa, Mbak?"
Fefen : "Oper colt"
Sarkam : "Tak terna, Mbak. Aku tak njupuk kendharaan dhisik. Jange nang Malang iki aku kendharaan sing disilih kanca."
Fefen : "Ah, kok ngrepoti!"
Sarkam : "Gakk!" (aloke Sarkam karo nggandeng lengene bocah wadon iku. Banjur ngawe taksi)
                 "Jenenge sapa, Mbak?" (Pitakone sawise taksi nggeblas)
Fefen : "Fefen!"
Sarkam : "Aku Sarkam. Beneran Mbak, mengko bisa gawe surat lamaran, tak cangkinge pisan. Terus ijasah, katepe difotocopy. Karo surat inin orang tua."
Babak 3
Setting : wektu : wengi
          Papan Panggonan : ngarep lan jero losmen
          Kahanan :

Sarkam : "Sik digawa nyang Blitar, digawe ngeterna keluarga. Ayo, dienteni sek."
                 "Mangga, mlebet!" (Sarkameling omben-omben limang botol)
Fefen : "Apa ngono iku, Mas?"
Sarkam : "Kanggo tamba kesel karo ngilangna masuk angin!"
(Fefen nyobo nyruput sak gelas. Mripate merem. Ilaye melet-melet. Nalika Sarkam nyandhak botol seng nomer 3, Fefen nekepi sirah, nekepi weteng. Banjur ngglimpang ngathang-ngathang ing kasur. Mripate merem. Jas, kaos, clana, lan sepatune Fefen dilukar. Nganti Sarkam ngrampungi anggone nguja kekarepane kaping pindho, Fefen isih gumlethak tanpa daya.)
Fefen : "Aku iki arek Dolly, Cak." (Wuwuse Fefen)
             "Nek katene nggawe telerku, aja mok limang botol, Rek. Esuk tangi turu aku wis kemu omben-omben kaya ngunu iku. Sampeyan apene mlayu tah." (Aloke Fefen nutuh)
             "Soal panganan, omben-omben, lan sewan kamar, akj ndhak mau tau... Tapi taripku rongatus seket. Sampeyan mau mindho, dadi limang atus. Tak korting seket gae kenalan."
(Sarkam batine misuh-misuh. Sarkam rumangsa yen diperes. Sarkam rumangsa salah langkah.
Fefen : "Sik ana maneh, Mas. Dhuwitku balekna. Dhuwit telumgatus selawe tak slempitna dhompet kene!"
             "Dhuwitku iku jagane ngepyan omah. Terserah lo Mas, nek kono gak bisa nglunasi karo mbalekna dhuwitku, aku lapur polisi."
Sarkam : "Aja kesusu ta," (Sarkam groyok, banjur pasrah)
(Dhuwite Sarkam diwehne menyang Fefen. Lan sawise dietung, mung enek sewidak lima limang atus rupiah.)
Sarkam : "Wis gak duwe meneh," (wuwuse Sarkam ngrerepa)
Fefen : "Gak perduli! Berani berbuat harus berani bertanggungjawab."
Sarkam : "Sumpah, wis gak duwe maneh!"
Fefen : "Clana, klambi, sepatu. Kabeh dicopot!"
Sarkam : "Kok?!"
Fefen : "Dicopot, apa aku mbengok?! Tambah cilaka sampeyan!"
(Fefen ngunclug karo ora lali ngunci lawang saka njaba)
Fefen : "Terna nang terminal, Cak!" (Pakone Fefen)
Sopir : "Lha bapak?!"
Fefen : "Sik ngaso. Iku kuncine. Aku kesusu."
Taksi nggeblas. Fefen mesam mesem. Glegas-gleges, kelingan Sarkam sing bakal kaya kethek kobong.

>>>>> Rampung 

Kamis, 01 Februari 2018

Naskah Cerkak M. Iqbal Prasetyo



Nama : Moch. Iqbal Prasetyo
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 22

Drama Saking Cerkak “ESEME LARASATI”
Dening : ARIPURNA

1.      Unsur Intrinsik
Ø  Paraga + Watak  :
a)      Larasati                     = Menengan
b)      Mbak Ria                  = Sabar, seneng rasan-rasan
c)      Mbak Wika              = Seneng rasan-rasan
d)      Mas Dodi                 = Sregep, ora seneng pamer
e)      Pak Agus                   = Ramah
Ø  Tema                  : Asmara
Ø  Alur                     : Maju
Ø  Setting               :
·       Panggonan              : Ruang Studio Radio Gembira FM, Ruang Siaran,
·       Wektu                       : Isuk
·       Kahanan                  : Ayem,Tentrem,
Ø Sudut Pandang : Wong kapindo kang nyritakake
Ø Piwulang             : Ojo nemen-nemen leh mu mikir jodo, kabeh iku wis ono sing ngatur!


2.       DIALOG

Babak 1 (Ruang Studio)
Larasati               : Hai Mbak Ria, sory aku kawanen iki mau sepedha diasta bapak nang Ponggok. Kepeksa                                  aku nunggu sak kondure.
Mbak Ria            : Aja kuwatir, cah manis. Kayane Mbak Wika ya ora kabotan natakne lagumu. Wis                                    kana,gek ndang siaran.
Mbak Wika        : Kayane Larasati lagi kena imbase Merapi ya Mbak Ria, ora kaya biasane.
Mbak Ria            : Ketoke pancen ngono. . . Ning ya ora mesthi uga, wong meh saben dinaLarasati ki ya                                              suntrut.
Mbak Wika        : Suntrut piye ta? Ra kelingan ya dhek wingi olehe ngguyu ngeklek-klek merga nampa                                        telpon saka pacare sing jenenge sapa kae, kok lali ta aku…
Mbak Ria            : Bagus.
Mbak Wika        : Ya kuwi. Bagus.
Mbak Ria            : Sapa wae yen oleh telepon saka pacare ya mesthi ngguyu keklek-keklek, Mbak. . . Ya                                         mung aku dhewe iki sing during iso ngono wong pancen durung payu.
Mbak Wika        : Husshh. . . ngomong apa kuwi, ora ilok.

                          Babak 2 (Ruang Siaran)
Larasati               : Pendengar Gembira FM, kelihatannya cuaca di luar memang tidak begitu bersahabat                                              sehingga harus menangis lebih awal dari biasanya. Kalau begini enaknya ngapain ya?                                        Larasati jadi bingung. Sepertinya Larasati malah pingin ikut nangis seperti hujan di luar                                      sana…
                               Bagi yang sudah kirim salam, Larasati ucapkan terima kasih banyak semoga harimu                                sangat menyenangkan. Dan ini ada satu puisi yang ditujukan untuk yang tersayang di                                           Pasirharjo dari Violet…

              Babak 3 (Ruang Studio)
Mas Dodi            : Hallo, Mbak Ria!
Mbak Ria            : Wooo. . . iki mau critane Sang Pangeran nusul Tuan Putri lagi siaran. Gek saka ngendi kok sajak krenggosan?
Mas Dodi            : Saka golek perlengkapan terob Mbak, maklum tanggapan rada rame.
Mbak Ria            : Ya syukur, kena ngge imbuh tuku jas hujan. Ngelingi udane ra mandheg-mandheg ngene. Minimal nek metu ora perlu nunggu terang!
Mas Dodi            : Kayake pancen angel mempertahankan sebuah hubungan, Mbak. Karaktere wis ora kena dinego blas!
Mbak Ria            : Banjur karepe sampeyan piye Mas, kok muni ngono?
 Mas Dodi           : Ya lek karepku ki panggah kangge selawase, ning lek sing dijak selawase njaluke sedhilut wae, ya piye maneh?
 Mbak Ria            : Kok ya lucu ta Mas, sampeyan ki. Kaya ludruk wae suwe-suwe.
Mas Dodi            : Mbak Ria ki dijak  diskusi tenanan malah nggodha.
Mbak Ria            : Okey, okey. . . Pancen ya kudu sabar, menjalani suatu hubungan. Aja lali faktane yen  Mas Dodi karo Laras ki selisih umure cukup adoh lho.
Mas Dodi            : Iku wis  klebu sind dadi pikiranku, Mbak.
Mbak Ria            : Ning kabeh mau ora kok njur dadi pathokan kudu melu endi sing Dominan. Istilahe  Mas Dodi ora perlu kudu ngetut marang sikape Laras merga dheweke rumangsa ngalem, njalok diuja sembarange. Ning suwalike Laras ya ora perlu ngetut sekabehing   karepe Mas Dodi sing dewasa sembarange.
Mas Dodi            : Njur piye, Mbak?
Mbak Ria            : Lho apa pacran karo aku wae, sing wis paham aturan maeine?
Mas Dodi            : Ayoo . . . dikira gak gelem! Ya, Aku ngerti karepe Mbak Ria kok.
Mbak Ria            : Ning kabeh kuwi perlu proses lho Mas. Lan sing baku pengertian antarane panjenengan                           berdua kudu dadi tombak utama kangge menyelaraskan sebuah hubungan.
Mas Dodi            : Kaya arep perang wae?
Mbak Ria            : Aap dikira perang ki manggene neng alas thok. Sing luweh rame, nanging wong liya ajeg ora krungu ki lak perang mungsuh swara atine dewe ta.
Mas Dodi            : Sip. . .

              Babak 4 (Ruang Studio, Dina Minggu)
Mbak Wika        : Mbak Ria, wis siap klambi ngge buwuh pa rung?
Mbak Ria            : Sapa kang dadi manten, Mbak?
Mbak Wika        : Kamis awake dhewe rombongan menyang Pasirharjo. Larassti bakal rabi karo Si Violet…
Mbak Ria            : Piye jluntrunge kok, jog-joge tekan Si Violet?
Mbak Wika        : Buktine wingi undangane ngono kok. Aku iki ya penasaran lho karo Si Violet iki.
Mbak Ria            : Okey, kamis jam sepuluh budhal.
Mbak Wika        : Sip!


>>>>> Rampung