Nama : Aditya Eka Paksi
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 02
Drama Saking
Cerkak “Tumbal Kapitan”
Dening :
Oemaryanto
1.
Unsur Intrinsik
Ø Paraga + Watak :
a)
Sadikun = Ora gampang percaya
b)
Winarsih = Sabar,wedian
c)
Mbak
Etik = Apikan,prihatin
d)
Mbah
Guntoro = Alus,sabar
e)
Anak
Lanang = Wedian
Ø Tema : Horror
Ø Alur : Maju
Ø Setting :
·
Panggonan : Ing omah sadikun,Kebon omah sadikun,Ing
omah mbak Etik
·
Wektu :
Wengi,isuk,awan,sore
·
Kahanan : Angker,tegang
Ø Sudut Pandang : Wong kang utama
Ø Piwulang : Aja lali marang kewajiban manungsa ibadah
maring gusti Allah
2.
Dialog
Babak
1 (Omah sadikun)
Winarsih :”Haahh...!”
Sadikun :”Ana apa sih? Ana apa?”
Winarsih :”Ku…ku…kuwi..”
Sadikun :”Kuwi mung halusinasimu! Wong tangi turu
kadhang kala panyawange during premana kesadarane during genep saengga apa
sing ana ngarepmu malih ora kaya salumrahe”
Winarsih : ”Nanging pak…wewujudan iku katon
cetha saka njero jedhing njur ilang!”
Sadikun : ”Aaahh…! Sampeyan kok seneng mikir barang ora
nggenah! Akibate sithik-sithik wedi merga di baying-bayangi pikirane dewe”
Winarsih : ”Senajan aku percaya lelembut kuwi
ana,nanging aku ora mikirake pak!”
Sadikun :”Ya wis sakarepe sampeyan! Tumrapku samu
barang wewujudan sing katon lan jarene nganeh-nganehi isih bisa di
jlentrehake kanthi nalar sehat!”
Babak 2 (Omah sadikun,ruang tamu)
Sadikun : ”Suk mben aku sida budhal Workshop nang Batu suwene petang Ndina,
yen sampeyan isih duwe rasa wedi, sauntara bisa
nginep ing daleme ibuk utawa ing dalame
tangga sebelah”
Winarsih : ”Mbak etik tangga sebelah iku saguh
ngancani aku pak!”
Sadikun : ”Nek ngono mengko sore aku tak methuki mbak
etik lan sing lanang!”
Babak 3 (Omah Mbak Etik)
Winarsih :”Yen miturut sampeyan omahku kuwi
ana apane mbakyu?”
Mbak etik :”Aku ora ngerti! Kepriye utawa kita
takoke marang wong ngerti?”
Winarsih :”Sampeyan weruh alamate wong kuwi?”
Mbak etik :”Warga desa kene wae kok… asmane mbah
Guntoro”
Winarsih :”Nanging mbakyu aku wanthi-wanthi
masalah iki aja dicritakke bojoku lho ya!”
Mbak etik :”Ya ya aku ngerti saiki mumpung pak
Sadikun lagi tindak, becike mbah Guntoro tak undange mrene!”
Winarsih :”Ya wis mbak aku manut.”
Babak 4 (Omah Sadikun)
Winarsih :”pripun mbah?”
Mbah Guntoro :”Aku tak menyang mushola dhisik,sholat
maghrib!”(sak wis e sholat maghrib)
Mbah Guntor :”Tumbal sing ora bisa dirumat
bisa ngundang tekane lelembut, mula kudu inggal di buang utawa di larung murih
ora nggangu manungsa.”
Winarsih :”Tumbal iku kangge
napa mbah?”
Mbah Guntoro :”Bisa kanggo pager omah,tulak
bebaya,lan sapanunggale. Nanging embuh geneya tumbak kuwi kok dijaraki ngono
wae.”
Winarsih :”Mbah… kula mangsa
borong njenengan ingkang baken griya niki resik saking ngaten-ngaten niku.”
Mbah Guntoro :”Ya…. Insyaallah sore iki uga tak
bongkare.”
Babak 5 (Kebon mburi omah sadikun)
Mbah Guntoro : ”Astaghfirullah…!”
Winarsih : ”Pripun mbah?”
Mbah Guntoro : ”Tumbal iki larunge ing kali
brantas.”
Winarsih : ”Tumbal niku wujude
napa mbah?”
Mbah Guntoro : ”Ngngng…anu sing baku omah iki
wis resik tur ora ana sing nganggu maneh.”
Babak 6 (Omah Sadikun)
Sadikun :”Piye sasuwene aku lunga? Apa isih nemoni
sesawangan sing nylawadi?”
Winarsih :”Ora pak! Kabeh biyasa-biyasa wae
kok, saben bengi mbak etik sare kene, uga ora nate nemoni apa-apa.”
Sadikun :”Mulane ta dadi kuwi aja duwe pikiran
werna-werna, mikira sing positif wae.”
Winarsih :”Inggih pak nyuwun ngapura ingkang
kathah.”
>>>>>
Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar