Nama
: Khafit Abdul Lubis Khoiri
Kelas
: XII-IPA 3
No.
: 16
KETANGGOR
Dening: Ismoe Rianto
Tema
: perilaku ala
Tokoh
lan penokohan : Sarkam: gampang percoyo, gampang di blituk i, bejat, lan seneng
ngumbar kesenengan
Fefen: seneng mblithuki wong, bejat, lan seneng
meres duwete wong
Alur
: maju
Setting
: Wektu : isuk, awan, lan wengi
Panggonan
: jero bis, taksi, ngarep losmen, lan jero kamar
Kahanan : seneng, bingung, kepencut, gupuh
Sudut
Pandang : orang perrtama pelaku utama
Piwulang
: ojo gampang percoyo karo wong seng lagek dikenal, lan ojo seneng ngumbar kesenengan
karo wong seng dudhuk muhrime koyo Sarkam
Babak
1
Setting:
Wektu : Isuk
Papan Panggonan : Ing jero bis
Kahanan : Sumpeg
Sarkam
: "Lha lek ngene iki ya golek mangan temenan. Gak mek dulinan thok".
(Ucape Sarkam)
"Daleme Malang,
Mbak?!" (Sarkam nyoba takon).
Cah
wadon : "Tumpang" (wangsul e cah wadon).
Sarkam
: "Tumpang iku Wendhit sek ngetan ya?" (Sarkam takon)
Cah
wadon : banjur manthuk"
Sarkam
: "Abdulrachman Saleh? AURI?" (Sarkam takon)
Cah
wadon : "Sik ngetan."
Sarkam
: "Surabaya manggone ndi?"
Cah
wadon : "Rungkut."
Sarkam
: "Kuliahe?"
Cah
wadon : "nglamar gawean."
"Mas nyambut gawene ndhuk Bank
apa Pertamina? Soale aku ko kaya tau ketemu?!"
Sarkam
: (mringis)
Cah
wadon : "Golekna gawean alu ta Mas!"
Sarkam
: "Ijazah terakhire apa?"
Cah
wadon : "Ekonomi."
Sarkam
: "Bisa komputer?!"
Cah
wadon : (namumg gedheg)
Sarkam
: "Sayang. Nggonku jan-jane ya golek. Nanging sing bisa komputer."
"Gampang!" (cluluke
Sarkam).
"Kabeh bisa diatur kok.
Wong bagian nguji aku dhewe. Tali nek wis ditampa, Mbak kudu kursus
komputer."
Cah
wadon : "Aku kudu bayar pirang juta?"
Sarkam
: "Gak usah!" (Wangsulane Sarkam)
Cah
wadon : (banjur cah wadon mesam mesem)
Sarkam
: "Nggonku gak usah ngono-ngonoan, Mbak. Mbake ojo gampang-gampang
ngeculna dhuwit. Pancen akeh wong sing ngono iku. Janji nggolekna gawean tapi
kudu mbayar..."
Babak
2
Setting
: Papan panggonan : Terminal Arjosari lan jero taksi
Kahanan :
Sarkam
: "Nang Tumpang numpak apa, Mbak?"
Fefen
: "Oper colt"
Sarkam
: "Tak terna, Mbak. Aku tak njupuk kendharaan dhisik. Jange nang Malang
iki aku kendharaan sing disilih kanca."
Fefen
: "Ah, kok ngrepoti!"
Sarkam
: "Gakk!" (aloke Sarkam karo nggandeng lengene bocah wadon iku.
Banjur ngawe taksi)
"Jenenge sapa,
Mbak?" (Pitakone sawise taksi nggeblas)
Fefen
: "Fefen!"
Sarkam
: "Aku Sarkam. Beneran Mbak, mengko bisa gawe surat lamaran, tak cangkinge
pisan. Terus ijasah, katepe difotocopy. Karo surat inin orang tua."
Babak
3
Setting
: wektu : wengi
Papan Panggonan : ngarep lan jero
losmen
Kahanan :
Sarkam
: "Sik digawa nyang Blitar, digawe ngeterna keluarga. Ayo, dienteni
sek."
"Mangga, mlebet!"
(Sarkameling omben-omben limang botol)
Fefen
: "Apa ngono iku, Mas?"
Sarkam
: "Kanggo tamba kesel karo ngilangna masuk angin!"
(Fefen
nyobo nyruput sak gelas. Mripate merem. Ilaye melet-melet. Nalika Sarkam
nyandhak botol seng nomer 3, Fefen nekepi sirah, nekepi weteng. Banjur
ngglimpang ngathang-ngathang ing kasur. Mripate merem. Jas, kaos, clana, lan
sepatune Fefen dilukar. Nganti Sarkam ngrampungi anggone nguja kekarepane
kaping pindho, Fefen isih gumlethak tanpa daya.)
Fefen
: "Aku iki arek Dolly, Cak." (Wuwuse Fefen)
"Nek katene nggawe telerku,
aja mok limang botol, Rek. Esuk tangi turu aku wis kemu omben-omben kaya ngunu
iku. Sampeyan apene mlayu tah." (Aloke Fefen nutuh)
"Soal panganan, omben-omben,
lan sewan kamar, akj ndhak mau tau... Tapi taripku rongatus seket. Sampeyan mau
mindho, dadi limang atus. Tak korting seket gae kenalan."
(Sarkam
batine misuh-misuh. Sarkam rumangsa yen diperes. Sarkam rumangsa salah langkah.
Fefen
: "Sik ana maneh, Mas. Dhuwitku balekna. Dhuwit telumgatus selawe tak
slempitna dhompet kene!"
"Dhuwitku iku jagane ngepyan
omah. Terserah lo Mas, nek kono gak bisa nglunasi karo mbalekna dhuwitku, aku
lapur polisi."
Sarkam
: "Aja kesusu ta," (Sarkam groyok, banjur pasrah)
(Dhuwite
Sarkam diwehne menyang Fefen. Lan sawise dietung, mung enek sewidak lima limang
atus rupiah.)
Sarkam
: "Wis gak duwe meneh," (wuwuse Sarkam ngrerepa)
Fefen
: "Gak perduli! Berani berbuat harus berani bertanggungjawab."
Sarkam
: "Sumpah, wis gak duwe maneh!"
Fefen
: "Clana, klambi, sepatu. Kabeh dicopot!"
Sarkam
: "Kok?!"
Fefen
: "Dicopot, apa aku mbengok?! Tambah cilaka sampeyan!"
(Fefen
ngunclug karo ora lali ngunci lawang saka njaba)
Fefen
: "Terna nang terminal, Cak!" (Pakone Fefen)
Sopir
: "Lha bapak?!"
Fefen
: "Sik ngaso. Iku kuncine. Aku kesusu."
Taksi
nggeblas. Fefen mesam mesem. Glegas-gleges, kelingan Sarkam sing bakal kaya
kethek kobong.
>>>>> Rampung
The Star Grand at The Star Gold Coast - JtmHub
BalasHapusThe 경주 출장안마 Star Grand at The Star Gold Coast is one 보령 출장안마 of the most incredible entertainment 구미 출장안마 and 부산광역 출장샵 gaming destinations on the Gold Coast. Located in the heart of 여주 출장마사지 Broadbeach,