Nama : Dony Ferry Ago
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 09
Drama saking cerkak : “ KONTRAKTOR “
Dening : Ary Nurdiana
Unsur Intrinsik1.Parogo karo watak
Aku/Yuli : sabar, Ngati-ati, lan nerimo
Ibuke Yuli : loman kro kecilik -keciliken
Pak Modin : peduli,
Rudi : seneng ngapusi, jahat
Weni : peduli
Tema : asmara
3.Alur : campuran
4.Setting:
a.panggonan : ing omah, ing ruang tamu, ing kamar
b.waktu : wayah bengi, isuk, awan
c.kahanan : bingung, nelongso, tegang
5.sudut pandang: wong pertama pelaku utama
6. Piwulang : Ojo langsung percoyo karo wong sing durung kenal.
BABAK 1
“Assalammu’alaikum salamku enggal mrucut saka lambe. Yen aku ora ngucap salam dhisik, njur calon maratuwa mutung anake ora sida diwenehake, bisa cilaka mencit aku.
“Wa’aaikum salam Yuli ?“ swarane camer keprungu kedher.
“Inggih, ibu. Wonten dhawuh ?“ pitakonku alus.
Dumadakan ibu nangis. “Nduk.... cah ayu,
kangmasmu kecelakaan. Saiki ana rumah sakit. Iki rada parah, Ndhuk.... isih
ditangani dhokter.” swarane ibu kaya bledheg nyamber—nyamber ing wayah udan
BABAK 2
SAIKI aku terkenal dadi randha kembang. Ayu pinter tur“Yuli... Yuli... Ana tamu...." swarane ibu ngagetake aku sinq lagi natasake rambut ana kamar.
“Dalem ibu.....” semaurku. Dina iki aku ora duwe semayan, kadingaren ana tamu kanggo aku. Pasuryane ibu mencungul saka sak walike kamar. Dak sawang sumringah banget. Ora kaya padatane sing ngluncum alum.
“Sinten, Bu tamune ?“ pitakonku karo nyawang ibu anteb.
“Wis endang salina ageman. Tamune Pak Modin ngajak kanca kontraktor. Arep nontoni sliramu.
“Ibu menika sanes jaman Siti Nurbaya. Dalem mboten purun jodho dicomblangi.” Aku mbesengut. Ibu ki kepriye ta. Kanca kuliyahku sing ngesiri aku wae nganti antri-antri durung ana sing dak pilih. Nyangapa kok kesusu. Umurku isih durung genep selawe taun.
“Ndhuk, awake dhewe aja nguciwani Pak Modin. Wong mung kenalan wae. Apa ta salahe ? Kontraktor ndhuk, bagus piyantune,” Ibu mesem.
Yah .... apa salahe gawe marem ibu. Aku banjur dandan, nanging ora duwe pangarep-arep ketemu jodho saiki. Apa maneh rabi, masiya wis bubar sewu dinane Mas Irwan.
BABAK 3
Aku banjur metu dikancani ibu. Bapak lagi tindak menyang Jakarta ana daleme mbakyu.
“Ndhuk iki ponakane bulik Narti. Kuwi Iho sing ana Denpasar. Ana kana dadi kontraktor" Pak Modin sajak seneng nyawang aku gelem metu.
“Yuli" dak ulungake tanganku karo nyawang piyantune bagus kuwi. Aku ora selak, bagus tenan. Nanging geneya atiku durung ana getar?
“Rudi Bacute, jagongan dadi gayeng. Lumayan sukses Rudi iki yen miturut critane. Ana Bali dadi kontraktor perumahan. Mesthi wae dhuwite jutaan, milyaran.
Kahananku kang arep dicomblangi kuwi dak critakne kanca raketku Weni.
“Wonge bagus, Wen. Ananging aku durung kepencut. Embuh kok isih ana sing ngganjel ana ati,” Weni iki kanca raketku kawit cilik.
“Jenenge sapa, Yul ?“ alise Weni gathuk.
“Rudi Prasetyo saiki daleme Denpasar. Ponakane bulik Narti,tanggaku.”
Dumadakan Weni mencolot, kaget.
“Mengko dhisik aku kaya tau krungu jenenge kuwi.... kontraktor uga. “ Weni tangane nyekel sirah. Aku nyawang bingung.
“Yul.... aku saiki eling. Setaun kepungkur ana wong tukang apus — apus ana desane mbakyuku. Jenenge uga Rudi Prasetyo. Ngakune uga kontraktor. Mbakyuku ludhes dirampog, diapusi nganggo gendam... Omahe uga Bali. Awakmu sing ati-ati,” Weni menehi katrangan.
BABAK 4
“Assalammu’alaikum ..."
“Wa’alaikumsalam ..."
Aku dhewe sing mbukak lawang. Pancen bagus tenan Rudi iki.
“Pripuri khabare, Dik Yuli ?“ pitakone alus. Sapa wae bisa kepencut.
“Sae Mas Rudi. Panjenengan ketingal sehat,” semaurku karo mesem.
Durung nganti semaur maneh, saka lawang ngarep mlebu wong telu. Weni kancaku, Pak Modin lan “Minah ?“ swarane Mas Rudi kaget nyawang wanita ayu ing mburine Weni.
“Kok tepang ?“ Ibu wis ana mburiku.
“Inggih, ibu. Menika Mas Rudi kontraktor alias kontrak sana kontrak sini. Pendamelane namung ngapusi lan ngeret mangsane. Pinter gendam ibu kula sampun ngalami piyambak. Sampun ngantos, dik Yuli kenging, Meksakaken" Mbak Minah menehi katrangan.
Dumadakan.. "Dhug!!!" Pak Modin njotos pipine Rudi.
“Pun, Pak Modin, dibeta dhateng kelurahan kemawon. Menika rak nggih ponakane bulik Narti ? Sampun main hakim wonten mriki “ aku mbengok.
“Sepurane, Ndhuk. Iki jebul dudu ponakane bulik Narti. Iki tukang gendam. Aku ya wis kenekan dhuwit sak juta,” semaure Pak Modin njaluk ngapura.
>>>>>
Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar