Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Delvia Anita Putri



Nama : Delvia Anita Putri
Kelas  : XII IPA 3
No. Absen : 06

Tema : welingmu
Dening : Hanif Rahma

BABAK 1
Setting :
·         Wektu : Subuh (esuk)
·         Kahanan : nelongso
·         Papan panggonan : omah
( Duh bojoku kok urong muleh yo , rasane awakku kemeng kabeh, aku pengen dipijeti).
(aku cubo ngremake moto)
Bu Rusli : “gek ndang cepet muleh ya mas , yen kekeselen ngene iki biasane sampean sing mijeti aku” (aku njajal ngremake mripat kang wes ra kuat maneh)
Nanging ngnti jam 3 seprapat aku ora iso turu , banjur aku melbu dapur nggo masak.
Faisal : “bu, sampean masak ?” (pitakone anakku).
Bu Rusli : “Iyo nang, arep sholat tahajud ?” (pitakonku karo racik”)
Faisal : “Inggih bu” (semaure karo mesem)
Bu Rusli : “yowes kono ndang sholat”.
Faisal (bingung arep takon opo gak) “Bu eyang pripun ?
Bu Rusli : “(ngecolke olehku iris”) wes ora usah kok pikir, ndang sholat dongakno eyangmu. (semaurku)
Banjur faisal ora semaur njur wudhu.
Bu Rusli : “Aduuuh..” (jeritk)
Faisal : (lagi bar wudhu) “bu kok iso koyo ngene ki piye ?” (mlaku mlebu kamar njumuk obat)
Bu Rusli : (aku ora semaur)
Anis : “dhik ibu kena apa” (pitakone anis anakku wedok mergo genah drijiku diperban)
Faisal : “kakean pikiran paling mbak.  Drijine ibu kena peso”
Anis :”mpun Anis mawon bu sing masak,  ibu ngaso rumiyen”
Bu Rusli : “tenan to?
Anis :”estu”
Bu Rusli :”ibu masak akeh lo” (srmaurku)
Anis :”kok kathah?” (pitakone)
Bu Rusli :”kanggo bapak lan eyang barang”
Anis :”anis mengke ndrek teng rumah sakit geh bu”
Faisal :”isal geh bu”
Bu Rusli :”iyo kabeh oleh melu”.

BABAK 2
Setting :
·         Wektu : esuk
·         Papan panggonan : Rumah Sakit
·         Kahanane : khawatir,  sedih/nelongso
Teko rumah sakit aku langsung mlbu ing ruang perawatane Ibu.
Bu Rusli :”Mas ,njenengan ngaso rumiyin siram terus sarapan, niki mpun kulobetakne dhaharan ugi rasukan jenengan” Kandaku.
Bpk Rusli :”yo dhik.  Tak adus sik.  Nduk , Nang , Ibu lan eyang ditulung I yen perlu opo-opo yo,”
Faisal lan Anis :”Nggih pak” (semaure anak-anak)
Sakwise 30 menit mas Rusli siram lan dhahar wong e mlbu ning kamar inap e ibu.
Mas rusli : (bukak lawang inap e ibu lan nyedak i aku) “Dhik aku kudu ngmong” (kandane)
Bu Rusli :”Nggih mas. (semaurku karo ngiwasi mas rusli) “mangga”
Mas Rusli :”Aja ana kene” (ngiwasi bocah” kang lagi mijeti eyang e)
Bu Rusli :”enggeh mas (karo melu mas Rusli mlaku)  ngedoh saka bayang e ibu
Mas Rusli :”Ndok,  nang, ibu lan bapak metu disek ya. Tulung eyang dijogo” (muni ngono kro mesem lan cah loro iku mantuk-mantuk)
Bu Rusli :” Dos pundi mas(takonku sak wis e metu soko kamar inep e ibu)
Mas Rusli :”Dhik,  iki ibu mbutuhake perawatan kang lueeh soko iki,  jare dokter gerah e ibu wes parah. Ning nggo perawatane ibu iku ora murah” (ngendikane mas Rusli)
Bu Rusli :”pripun geh mas,  kulo bingung tabungan kulo ugi mpun telas. Namung nyisihake nggo maem”(semaurku lan mas rusli meneng)
Podo bingung dewe-dewe.
Mas Rusli :”Dhek opo mobil e kae di dol wae”(takon e mas Rusli)
Bu Rusli :”Mboten mas, mpun dangu jenenngan pngen mobil,  lan nembe saget mundhut setaun kepungkur”
Mas Rusli :”piye maneh dek, aku ora biso golek duwek ng kantor, wong order lagi sepi.
Bu Rusli :”kulo ugi mboten saget ngampil saking sekolahan mas.  SMA panggenan kulo ngara saiki ngalas sawek ngirangi pegawai
Mas Rusli :”yowes dek awakdewe golek dalan liyo”.
Bu Rusli :”Mas pripun yeng ngangge tabungan ingkang damel Anis mlbet kuliah rumiyin.”
Mas Rusli :” ojo wong kari seminggu maneh kudu wes melunasi administrasi ngono”.
Bu Rusli :”Mangke pados maleh”
Mas Rusli :”Ojo,  seminggu kuwi mung sedilut.  Arep golek duwek ono endi” (semaure)
Bu Rusli :”Terus kedap ipun” (ucapku karo nangis).

BABAK 3
Setting :
·         Papan panggonan : Omah
·         Kahanan               : Terharu
·         Wektu.     : Bengi
Aku kari mas Rusli dukung oleh solusi, umpomo ini tambahan soko Anis kan Faisal kan mbobol celengan kang urong tau dijupuk kawit SD.
Bu Rusli :”Bang ini sangune nggo ng Bali sesok. 
Faisal:”buk kulo mboten estu teng Bali”
Bu Rusli :”lha kenopo ra sido melu?”
Faisal :”Artonipun damel eyang mawon, “(semaure karo ngelungake duwit e maneh)
Bu Rusli :”Loh iki duwet e wes disiapi nggo Isal”
Faisal :”nggeh mpun buu mboten nopo nggeh”
Bu Rusli :”nggeh sal..”

BABAK 4
Setting :
·         Papan panggonan : rumah sakit
·         Kahanan : bingung
·         Wektu : isuk

Dina iki  aku ngenteni mas Rusli nunggoni Ibu ng rumah sakit koreksi aku minggat murid-muridku kanggo njogo ibu seng tak tresnani. Pra kroso luhku beres naliko nggatek ake praupane ibu dong latin ngempet larane.
Eyang :”Ndhuk (ngendikane Ibu lirih).
Bu Rusli :”Enggeh bu..
Eyang :”Ibu pengen Bali, bubuk ngomah wae
Bu Rusli :”Kondur pripun to bu?  Ibu dereng sehat mengke mboten kiat menawi mboten wonten griyo.
Eyang :”Ora, pokok e ibu pngen bali nduk
Bu Rusli :”Enggeh,  mangke kulo matur kaliyan dokter rumiyen nggeh bu (semaurku nglegani).

Panjaluk e ibu rong ndino kepungkur iku tak kiro mung panjaluke ibu kang mung kanggo sauntoro.  Nanging jebul ibu pancen pengen bali tenan.  Senadjan dokter ora oleh ibu kundor,  ning ibu ngeyel pengen kundor. Kanthi ngati-ngati aku, Mas Rusli lan Anis mbobong Ibu soko kursi roda tumuju mobil.
Eyang :”Pancen kudu bareng-bareng anggonmu ngangkat beban kang abot.  Kudu alon” supoyo beban biso kok angkat (ngendikane ibu naliko wes ono njero mobil).
Eyang :”Nang, welinge ibu yen nyopiri keluargamu iku sing ngati ngati,  ojo nganti kesasar
Eyang :”Nis, weling e eyang yen dadi cah ayu iku kudune koyo kembang mawar kae.
Anis :”kados kembang mawar pripun to yang?
Eyang :”Lhayo,  mawar kae lek rupane apik, nangeng wong kang tlaten,  sabar lan ngati ngati kang bisa oleh mawar mau jalaran akeh eri ne.
Eyang :”Eh iyo.  Si isal wis mangkat ning Bali yo ndhuk? 
Bu rusli :” enggeh buk,  mpun bidhal.  Menopo ibu kangen? 
Eyang :” Iyo ndhuk ibu kangen kro isal.  Pengen ngrungonkne isal gitaran maneh.
Bu Rusli :”Menopo kulo telvon ke isal bu(pitakonku karo njupuk hp soko tas)
Eyang :”ora ndhui.  Ora usah.  Si isal rausah diganggu,  ben deweke seneng” ono Bali. Ora usah kok hubung I disek nganti bocae njalok dipetok!
Bu Rusli :”Oh enggeh mpun buk (semaurku banjur nglebok ehp maneh)
Eyang :”Ndhuk,  weling e ibu..  Kowe sing biso koyok suket” kae lo ndhuk. 
Anis :”eyang iki lo lucu, mosok anis didawuh I kados mawar, ning ibu didawuh I kados suket to(clatune anis sak durung e aku njawab ngendikane Ibu).
Eyang :”ora ngono cah ayu.  Maksud e eyang suket kuwi lek ora butoh disirami, ning biso lemu” koyo sing ng lapangan mau.  Suket suket mau mung gumantung marang Gusti supoyo biso urep
Ngendikane ibu iku tak rungok ake temenan.  Nanging maksud kang dikarepake iku pati durung pati biso tak tompo.
Eyang :”ndhuk Ibu ngantuk,  pengen turu.
Bu Rusli :”nggeh mpun buk sare mawon(ibu banjur sare lan sirah e disendekake ono awakku.)

BABAK 5
Setting :
·         Waktu : Esuk
·         Papan panggonan : Omah
·         Kahanan : Nelangsa
(Ora let suwe, mobil kang disopiri mas Rusli tekan ngarep omah.  Aku banjur nggugah ibu kang raseh sare).
Bu Rusli :”bu sampun dugi” (pangucapku nggugah ibu)
Anis :”yang, wungu sampun dugi” (pengucape anis karo mbukakak lawang mobil sisih kiwa)
Pak Rusli : “bu, sampun dugi mangga mandhap”
(pangucape mas rusli karo nggawa kursi rodha sing mau dideleh ing bagasi.Ibu iseh merem kaya ora mireng Mas Rusli banjur nyekel tangane ibu, digoleki nadine. Kaya durung yakin,Mas Rusli banjur demek gulune ibu, uga digoleki nadine. Iseh durung yakin,Mas Rusli ndekekake drijine ana irunge ibu. Mas Rusli banjur gedheg-gedheg.
Bu Rusli : “aku wis krasa ora kepenak, aku nangis ibu pripun mas”
Mas rusli :”Innalillahi wa innailaihi roji’un”
Anis :”bu,aku taktelpon dhik Isal ya”
Bu Rusli :”aja nduk, mau eyang wis pesen aja ngganggu isal”
Aku kelingan lan mudheg apa kang wis diweling ibu marang kluwargaku. Aku ora bakal lali karo welinge ibu supaya dadi kaya suket. Bisa urip ora gumantung marang wong liya, mung gumantung marang Gusti Allah.

>>>>> RAMPUNG

Tidak ada komentar:

Posting Komentar