Jumat, 02 Februari 2018

Naskah Cerkak Khafid Abdul Lubis K.


Nama : Khafit Abdul Lubis Khoiri
Kelas : XII-IPA 3
No. : 16
KETANGGOR
Dening: Ismoe Rianto

Tema : perilaku ala
Tokoh lan penokohan : Sarkam: gampang percoyo, gampang di blituk i, bejat, lan seneng ngumbar kesenengan
                                         Fefen: seneng mblithuki wong, bejat, lan seneng meres duwete wong
Alur : maju
Setting : Wektu : isuk, awan, lan wengi
               Panggonan : jero bis, taksi, ngarep losmen, lan jero kamar
               Kahanan : seneng, bingung, kepencut, gupuh
Sudut Pandang : orang perrtama pelaku utama
Piwulang : ojo gampang percoyo karo wong seng lagek dikenal, lan ojo seneng ngumbar kesenengan karo wong seng dudhuk muhrime koyo Sarkam

Babak 1
Setting: Wektu : Isuk
              Papan Panggonan : Ing jero bis
              Kahanan : Sumpeg

Sarkam : "Lha lek ngene iki ya golek mangan temenan. Gak mek dulinan thok". (Ucape Sarkam)
                "Daleme Malang, Mbak?!" (Sarkam nyoba takon).
Cah wadon : "Tumpang" (wangsul e cah wadon).
Sarkam : "Tumpang iku Wendhit sek ngetan ya?" (Sarkam takon)
Cah wadon : banjur manthuk"
Sarkam : "Abdulrachman Saleh? AURI?" (Sarkam takon)
Cah wadon : "Sik ngetan."
Sarkam : "Surabaya manggone ndi?"
Cah wadon : "Rungkut."
Sarkam : "Kuliahe?"
Cah wadon : "nglamar gawean."
                       "Mas nyambut gawene ndhuk Bank apa Pertamina? Soale aku ko kaya tau ketemu?!"
Sarkam : (mringis)
Cah wadon : "Golekna gawean alu ta Mas!"
Sarkam : "Ijazah terakhire apa?"
Cah wadon : "Ekonomi."
Sarkam : "Bisa komputer?!"
Cah wadon : (namumg gedheg)
Sarkam : "Sayang. Nggonku jan-jane ya golek. Nanging sing bisa komputer."
                 "Gampang!" (cluluke Sarkam).
                 "Kabeh bisa diatur kok. Wong bagian nguji aku dhewe. Tali nek wis ditampa, Mbak kudu kursus komputer."
Cah wadon : "Aku kudu bayar pirang juta?"
Sarkam : "Gak usah!" (Wangsulane Sarkam)
Cah wadon : (banjur cah wadon mesam mesem)
Sarkam : "Nggonku gak usah ngono-ngonoan, Mbak. Mbake ojo gampang-gampang ngeculna dhuwit. Pancen akeh wong sing ngono iku. Janji nggolekna gawean tapi kudu mbayar..."


Babak 2
Setting : Papan panggonan : Terminal Arjosari lan jero taksi
                Kahanan :
Sarkam : "Nang Tumpang numpak apa, Mbak?"
Fefen : "Oper colt"
Sarkam : "Tak terna, Mbak. Aku tak njupuk kendharaan dhisik. Jange nang Malang iki aku kendharaan sing disilih kanca."
Fefen : "Ah, kok ngrepoti!"
Sarkam : "Gakk!" (aloke Sarkam karo nggandeng lengene bocah wadon iku. Banjur ngawe taksi)
                 "Jenenge sapa, Mbak?" (Pitakone sawise taksi nggeblas)
Fefen : "Fefen!"
Sarkam : "Aku Sarkam. Beneran Mbak, mengko bisa gawe surat lamaran, tak cangkinge pisan. Terus ijasah, katepe difotocopy. Karo surat inin orang tua."
Babak 3
Setting : wektu : wengi
          Papan Panggonan : ngarep lan jero losmen
          Kahanan :

Sarkam : "Sik digawa nyang Blitar, digawe ngeterna keluarga. Ayo, dienteni sek."
                 "Mangga, mlebet!" (Sarkameling omben-omben limang botol)
Fefen : "Apa ngono iku, Mas?"
Sarkam : "Kanggo tamba kesel karo ngilangna masuk angin!"
(Fefen nyobo nyruput sak gelas. Mripate merem. Ilaye melet-melet. Nalika Sarkam nyandhak botol seng nomer 3, Fefen nekepi sirah, nekepi weteng. Banjur ngglimpang ngathang-ngathang ing kasur. Mripate merem. Jas, kaos, clana, lan sepatune Fefen dilukar. Nganti Sarkam ngrampungi anggone nguja kekarepane kaping pindho, Fefen isih gumlethak tanpa daya.)
Fefen : "Aku iki arek Dolly, Cak." (Wuwuse Fefen)
             "Nek katene nggawe telerku, aja mok limang botol, Rek. Esuk tangi turu aku wis kemu omben-omben kaya ngunu iku. Sampeyan apene mlayu tah." (Aloke Fefen nutuh)
             "Soal panganan, omben-omben, lan sewan kamar, akj ndhak mau tau... Tapi taripku rongatus seket. Sampeyan mau mindho, dadi limang atus. Tak korting seket gae kenalan."
(Sarkam batine misuh-misuh. Sarkam rumangsa yen diperes. Sarkam rumangsa salah langkah.
Fefen : "Sik ana maneh, Mas. Dhuwitku balekna. Dhuwit telumgatus selawe tak slempitna dhompet kene!"
             "Dhuwitku iku jagane ngepyan omah. Terserah lo Mas, nek kono gak bisa nglunasi karo mbalekna dhuwitku, aku lapur polisi."
Sarkam : "Aja kesusu ta," (Sarkam groyok, banjur pasrah)
(Dhuwite Sarkam diwehne menyang Fefen. Lan sawise dietung, mung enek sewidak lima limang atus rupiah.)
Sarkam : "Wis gak duwe meneh," (wuwuse Sarkam ngrerepa)
Fefen : "Gak perduli! Berani berbuat harus berani bertanggungjawab."
Sarkam : "Sumpah, wis gak duwe maneh!"
Fefen : "Clana, klambi, sepatu. Kabeh dicopot!"
Sarkam : "Kok?!"
Fefen : "Dicopot, apa aku mbengok?! Tambah cilaka sampeyan!"
(Fefen ngunclug karo ora lali ngunci lawang saka njaba)
Fefen : "Terna nang terminal, Cak!" (Pakone Fefen)
Sopir : "Lha bapak?!"
Fefen : "Sik ngaso. Iku kuncine. Aku kesusu."
Taksi nggeblas. Fefen mesam mesem. Glegas-gleges, kelingan Sarkam sing bakal kaya kethek kobong.

>>>>> Rampung 

1 komentar:

  1. The Star Grand at The Star Gold Coast - JtmHub
    The 경주 출장안마 Star Grand at The Star Gold Coast is one 보령 출장안마 of the most incredible entertainment 구미 출장안마 and 부산광역 출장샵 gaming destinations on the Gold Coast. Located in the heart of 여주 출장마사지 Broadbeach,

    BalasHapus