Nama
: Delvia Anita Putri
Kelas : XII IPA 3
No. Absen : 06
Tema : welingmu
Dening : Hanif
Rahma
BABAK
1
Setting :
·
Wektu : Subuh (esuk)
·
Kahanan : nelongso
·
Papan panggonan : omah
( Duh bojoku kok urong muleh yo , rasane
awakku kemeng kabeh, aku pengen dipijeti).
(aku cubo ngremake moto)
Bu Rusli : “gek ndang cepet muleh ya mas
, yen kekeselen ngene iki biasane sampean sing mijeti aku” (aku njajal ngremake
mripat kang wes ra kuat maneh)
Nanging ngnti jam 3 seprapat aku ora iso
turu , banjur aku melbu dapur nggo masak.
Faisal : “bu, sampean masak ?” (pitakone
anakku).
Bu Rusli : “Iyo nang, arep sholat
tahajud ?” (pitakonku karo racik”)
Faisal : “Inggih bu” (semaure karo
mesem)
Bu Rusli : “yowes kono ndang sholat”.
Faisal (bingung arep takon opo gak) “Bu
eyang pripun ?
Bu Rusli : “(ngecolke olehku iris”) wes
ora usah kok pikir, ndang sholat dongakno eyangmu. (semaurku)
Banjur faisal ora semaur njur wudhu.
Bu Rusli : “Aduuuh..” (jeritk)
Faisal : (lagi bar wudhu) “bu kok iso
koyo ngene ki piye ?” (mlaku mlebu kamar njumuk obat)
Bu Rusli : (aku ora semaur)
Anis : “dhik ibu kena apa” (pitakone anis anakku wedok mergo genah drijiku diperban)
Faisal : “kakean pikiran
paling mbak. Drijine ibu kena peso”
Anis :”mpun Anis mawon bu
sing masak, ibu ngaso rumiyen”
Bu Rusli : “tenan to?
Anis :”estu”
Bu Rusli :”ibu masak akeh
lo” (srmaurku)
Anis :”kok kathah?”
(pitakone)
Bu Rusli :”kanggo bapak lan
eyang barang”
Anis :”anis mengke ndrek
teng rumah sakit geh bu”
Faisal :”isal geh bu”
Bu Rusli :”iyo kabeh oleh
melu”.
BABAK 2
Setting :
·
Wektu : esuk
·
Papan panggonan
: Rumah Sakit
·
Kahanane :
khawatir, sedih/nelongso
Teko rumah sakit aku
langsung mlbu ing ruang perawatane Ibu.
Bu Rusli :”Mas ,njenengan
ngaso rumiyin siram terus sarapan, niki mpun kulobetakne dhaharan ugi rasukan
jenengan” Kandaku.
Bpk Rusli :”yo dhik. Tak adus sik.
Nduk , Nang , Ibu lan eyang ditulung I yen perlu opo-opo yo,”
Faisal lan Anis :”Nggih pak”
(semaure anak-anak)
Sakwise 30 menit mas Rusli
siram lan dhahar wong e mlbu ning kamar inap e ibu.
Mas rusli : (bukak lawang
inap e ibu lan nyedak i aku) “Dhik aku kudu ngmong” (kandane)
Bu Rusli :”Nggih mas.
(semaurku karo ngiwasi mas rusli) “mangga”
Mas Rusli :”Aja ana kene”
(ngiwasi bocah” kang lagi mijeti eyang e)
Bu Rusli :”enggeh mas (karo
melu mas Rusli mlaku) ngedoh saka bayang
e ibu
Mas Rusli :”Ndok, nang, ibu lan bapak metu disek ya. Tulung
eyang dijogo” (muni ngono kro mesem lan cah loro iku mantuk-mantuk)
Bu Rusli :” Dos pundi
mas(takonku sak wis e metu soko kamar inep e ibu)
Mas Rusli :”Dhik, iki ibu mbutuhake perawatan kang lueeh soko
iki, jare dokter gerah e ibu wes parah.
Ning nggo perawatane ibu iku ora murah” (ngendikane mas Rusli)
Bu Rusli :”pripun geh
mas, kulo bingung tabungan kulo ugi mpun
telas. Namung nyisihake nggo maem”(semaurku lan mas rusli meneng)
Podo bingung dewe-dewe.
Mas Rusli :”Dhek opo mobil e
kae di dol wae”(takon e mas Rusli)
Bu Rusli :”Mboten mas, mpun
dangu jenenngan pngen mobil, lan nembe
saget mundhut setaun kepungkur”
Mas Rusli :”piye maneh dek,
aku ora biso golek duwek ng kantor, wong order lagi sepi.
Bu Rusli :”kulo ugi mboten
saget ngampil saking sekolahan mas. SMA
panggenan kulo ngara saiki ngalas sawek ngirangi pegawai
Mas Rusli :”yowes dek
awakdewe golek dalan liyo”.
Bu Rusli :”Mas pripun yeng
ngangge tabungan ingkang damel Anis mlbet kuliah rumiyin.”
Mas Rusli :” ojo wong kari
seminggu maneh kudu wes melunasi administrasi ngono”.
Bu Rusli :”Mangke pados
maleh”
Mas Rusli :”Ojo, seminggu kuwi mung sedilut. Arep golek duwek ono endi” (semaure)
Bu Rusli :”Terus kedap ipun”
(ucapku karo nangis).
BABAK 3
Setting :
·
Papan panggonan
: Omah
·
Kahanan : Terharu
·
Wektu. : Bengi
Aku kari mas Rusli dukung
oleh solusi, umpomo ini tambahan soko Anis kan Faisal kan mbobol celengan kang
urong tau dijupuk kawit SD.
Bu Rusli :”Bang ini sangune
nggo ng Bali sesok.
Faisal:”buk kulo mboten estu
teng Bali”
Bu Rusli :”lha kenopo ra
sido melu?”
Faisal :”Artonipun damel
eyang mawon, “(semaure karo ngelungake duwit e maneh)
Bu Rusli :”Loh iki duwet e
wes disiapi nggo Isal”
Faisal :”nggeh mpun buu
mboten nopo nggeh”
Bu Rusli :”nggeh sal..”
BABAK 4
Setting :
·
Papan panggonan
: rumah sakit
·
Kahanan :
bingung
·
Wektu : isuk
Dina iki aku ngenteni mas Rusli nunggoni Ibu ng rumah
sakit koreksi aku minggat murid-muridku kanggo njogo ibu seng tak tresnani. Pra
kroso luhku beres naliko nggatek ake praupane ibu dong latin ngempet larane.
Eyang :”Ndhuk (ngendikane
Ibu lirih).
Bu Rusli :”Enggeh bu..
Eyang :”Ibu pengen Bali, bubuk
ngomah wae
Bu Rusli :”Kondur pripun to
bu? Ibu dereng sehat mengke mboten kiat
menawi mboten wonten griyo.
Eyang :”Ora, pokok e ibu
pngen bali nduk
Bu Rusli :”Enggeh, mangke kulo matur kaliyan dokter rumiyen nggeh
bu (semaurku nglegani).
Panjaluk e ibu rong ndino
kepungkur iku tak kiro mung panjaluke ibu kang mung kanggo sauntoro. Nanging jebul ibu pancen pengen bali
tenan. Senadjan dokter ora oleh ibu
kundor, ning ibu ngeyel pengen kundor.
Kanthi ngati-ngati aku, Mas Rusli lan Anis mbobong Ibu soko kursi roda tumuju
mobil.
Eyang :”Pancen kudu
bareng-bareng anggonmu ngangkat beban kang abot. Kudu alon” supoyo beban biso kok angkat
(ngendikane ibu naliko wes ono njero mobil).
Eyang :”Nang, welinge ibu
yen nyopiri keluargamu iku sing ngati ngati,
ojo nganti kesasar
Eyang :”Nis, weling e eyang
yen dadi cah ayu iku kudune koyo kembang mawar kae.
Anis :”kados kembang mawar
pripun to yang?
Eyang :”Lhayo, mawar kae lek rupane apik, nangeng wong kang
tlaten, sabar lan ngati ngati kang bisa
oleh mawar mau jalaran akeh eri ne.
Eyang :”Eh iyo. Si isal wis mangkat ning Bali yo ndhuk?
Bu rusli :” enggeh buk, mpun bidhal.
Menopo ibu kangen?
Eyang :” Iyo ndhuk ibu
kangen kro isal. Pengen ngrungonkne isal
gitaran maneh.
Bu Rusli :”Menopo kulo
telvon ke isal bu(pitakonku karo njupuk hp soko tas)
Eyang :”ora ndhui. Ora usah.
Si isal rausah diganggu, ben
deweke seneng” ono Bali. Ora usah kok hubung I disek nganti bocae njalok
dipetok!
Bu Rusli :”Oh enggeh mpun
buk (semaurku banjur nglebok ehp maneh)
Eyang :”Ndhuk, weling e ibu.. Kowe sing biso koyok suket” kae lo
ndhuk.
Anis :”eyang iki lo lucu,
mosok anis didawuh I kados mawar, ning ibu didawuh I kados suket to(clatune
anis sak durung e aku njawab ngendikane Ibu).
Eyang :”ora ngono cah
ayu. Maksud e eyang suket kuwi lek ora
butoh disirami, ning biso lemu” koyo sing ng lapangan mau. Suket suket mau mung gumantung marang Gusti
supoyo biso urep
Ngendikane ibu iku tak
rungok ake temenan. Nanging maksud kang
dikarepake iku pati durung pati biso tak tompo.
Eyang :”ndhuk Ibu
ngantuk, pengen turu.
Bu Rusli :”nggeh mpun buk
sare mawon(ibu banjur sare lan sirah e disendekake ono awakku.)
BABAK 5
Setting :
·
Waktu : Esuk
·
Papan panggonan
: Omah
·
Kahanan :
Nelangsa
(Ora let suwe, mobil kang
disopiri mas Rusli tekan ngarep omah.
Aku banjur nggugah ibu kang raseh sare).
Bu Rusli :”bu sampun dugi” (pangucapku
nggugah ibu)
Anis :”yang, wungu sampun
dugi” (pengucape anis karo mbukakak lawang mobil sisih kiwa)
Pak Rusli : “bu, sampun dugi
mangga mandhap”
(pangucape mas rusli karo
nggawa kursi rodha sing mau dideleh ing bagasi.Ibu iseh merem kaya ora mireng Mas
Rusli banjur nyekel tangane ibu, digoleki nadine. Kaya durung yakin,Mas Rusli
banjur demek gulune ibu, uga digoleki nadine. Iseh durung yakin,Mas Rusli
ndekekake drijine ana irunge ibu. Mas Rusli banjur gedheg-gedheg.
Bu Rusli : “aku wis krasa
ora kepenak, aku nangis ibu pripun mas”
Mas rusli :”Innalillahi wa
innailaihi roji’un”
Anis :”bu,aku taktelpon dhik
Isal ya”
Bu Rusli :”aja nduk, mau
eyang wis pesen aja ngganggu isal”
Aku kelingan lan mudheg apa
kang wis diweling ibu marang kluwargaku. Aku ora bakal lali karo welinge ibu
supaya dadi kaya suket. Bisa urip ora gumantung marang wong liya, mung
gumantung marang Gusti Allah.