Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Vellan May Muamanah

NAMA : VELAN MAY MU’AMANAH
KELAS : XII-IPA 3
NO.ABSEN : 35
Drama saking cerkak “LISTRIK MATI”
Dening :E.J. Sahputri
Tema           : kesialan
Alur             : maju
Setting                   :
 -waktu         : sakdurunge adzan subuh,bar subuhan, sore, jam 10 bengi
-panggonan  : omah, warung, dalanan, pos ronda
-kahanan      : nersula, mangkel, kaget,mesakke,
Tokoh                    :  a. warsito
                       b. marjo
                       c. mbek sur
                       d. warga
                       e. mbek sarini
                       f. pak carik
                       g. saridin
penokohan   :  a. warsita {ceroboh}
                        b. marjo {apik}
                        c. mbek sur {rodok cuek}
                        d. mbek surti {seneng ngrasani wong}
                        e. pak carik {apikan}
                         f. saridin {kurang nrima}
sudut pandang        : orang ke 3
piwulang                : ojo golek golek kesempatan sing ala menko bisa agawe cilaka

LISTRIK MATI

ADEGAN I
          Anggone nggarap RPP kari ngeprint durung nganti datane disimpen ulang listrike wis dhisiki mati. Banjur sakdurunge adzan subuh listrik wis urip maneh. Warsita langsung tangi jegegah njur ngecupna sega. Karo ngenteni mateng e sego warsito banjur nggawe wedang kopi. Nanging lagi nyeleh gelase sing kari ampas kopi lampune mati maneh.
Warsita        : “lhoh lakok mati maneh iki piye to jane karepe PLN e. masyarakat kok digae dolanan. Jan ora bejaji belas. Kadung arep nyumurupi gaweyanku sing wis gagal total, sing arep tak baleni maneh lampune lakok mati maneh. Rampung ngejur gaweyankusak iki ganti ngejur pangananku. Sego sing maeng tak cupne sak iki dadi opo goro goro lampu sing bola bali mati. Ealaahh tiwas bingung mikir lampu mati tak subuhan dikek bar kui tak moro ndek warunge mbek sur ae.”
ADEGAN II
                     Bar subuhan warsito langsung mangkat ndek warung e mbek sur.
Marjo           : “kawit winginane listrik e kok bola bali mati wae. Maangka ora ono udan ora ono angina. Wong nek mbayar sasenan wae didenda. Jaaann… ora ngilo,”
                     “kopi nasgithel sur.” (tutug e warsita)
Warsita        : “iya kang. Gara gara lstrik bola bali mati gaweyanku cotho. Malah berasku nang reskukerkae dadi opo rupane.”
Marjo           : “karepe PLN iki piye leh?  Esuk awan bengi kok listrike dheluk dheluk mati.”
Warsita        : “ora mudheng aku jo. Wingi awan ps aku ndek juana kana ya ujug-ujug mati ora urus tenan. Rakyat dienggo dolanan.”
Mbek Sur     : “lha ngunu iku lak mateni pangane penusaha warnet lan rental leh? Malah mbubarne berkase elektronik barang”
(pas wong telu kui maeng podo rerembugan masalah listrik sing bola bali mati
saka rememng remeng e sunar teplok sing cumentel nang gedheg, katon ana
ayang ayang e manungsa mlaku tumuju warung. Sing teka iku mbek Sarini)

Mbek Sarini : “jangan sewu sur!”
                       “ Yu Sukar ndek bengi kelangan wedhus kang,”
Wong telu    : “ lho, kok iso?!” (Warsita, Marjo lan mbek Sur)
Marjo           : “Mbek Sukar omah wetane rondhan iku? mosok kemalingan?”
Mbek Sarini : “ rondhan lak wetane Kang. Isih keletan kali pisan. Isih keletan kali pisa. Lha kulone bener kok ndadhah. Malah omah gedheg gampang bobolane, wayah ora ana dilah pisan. jan sasaran ngglomuk!”
Marjo           : “iya iyaa, neng ndak usah pamer untu ngono iku leh” (karo nampani wedang saka Mbek Sur)
                      “Lha ngertin leh kemalingan kapan? kok kebangetan ilehe sobek, apa dhek bengi ora ana sing ngrondha?”
Mbek Sarini : “Sing ngrondha ya ana kang, ning gandheng sepi tur petengan, kepara sasuwene iki lak ora tau ana abane maling njrah desa kene, mula cah – cah rondhanan iku enak – enakan bakan jagung nang oamhe dhongkol. bareng mulih saka kemit bayi watara jam telunan kemau, Yu Sukar jerit jerit weruh lawange pawon kebobol~ wedhuse loro amblas.”
Mbek Sur     : “lha kok cepet men olehe ndenger?”
Mbek Sarini : “Watara jam semono bojoku wetenge mules, Yu. Pas menyat  nyang ndhadah malah dikagetna swara jerite Yu Sukar. Terus wonge kobar niliki dhlok,”
(banjur crito dowo Mbek Sarini lansung bablas mulih. Pak Carik teko)
Pak Carik     : “Ana apa leh, pajar pajar kok wis ribut?”
Warsita        : “Listrik mati marahi cotho pak, Listrik mati nekakna sobek! Pripun iki pak. tugas rpp sing kari ngeprint ngunu kui yo durung tak save maleh bubrah kabeh. Datane yo ora kena di-recover.”
Pak Carik     : “ndek bengi aku wis telfon karo PLN e. jare lagi ana perbaikan sing njalari anane pemadaman. Mulane listrik mota mati iku ora mung nang daerah kene ae, malah tekan ngendhi ngendhi barang.”
Warsita        : “Yen lagi ana perbaikan, apa ora ana cara liya sakliyane dhiluk-dhiluk mati ngene iki? kok malah ngganggu aktipitase masyarakat.”
Pak Carik     : “Aku yo ora mudheng masalah ngunu kui. sing penting teka kejadian suwengi mau kito kudu luweh ati ati maneh ojo sampek baleni maneh.”
Warsita        : “Nggeh Pak Carik. Suwun nggeh infone.”
Pak Carik     : “iyo war. Yo wes yo aku tak muleh kek selak ngeterne anaakku sekolah e. Mengko nak dak tak terne ora gelem budal.”
Warsita        : “Inggeh Pak Carik.”

ADEGAN III
                     Para warga podho rerembugan masalah strategi kanggo nyegah
kejadian sg dhek wingi bengi ora kejadian maneh sing nimpa warga liya.
warga 1        : “sak iki kabeh wis podho nglumpuk ayok gek ndang dibagi gon gonane sing arep dijogo.”
warga 2        : “sing dijogo uga omah – omah song sugih, omah e Bu Suryati, omah e bici sisih tebunan, sing ditinggal bojone kera nang Surabaya. sak iki ayo gek ndang podho mencar maggok ndek pos e dewe – dewe.”
warga 1        : “nanging ora ono pirang wong sing kudu jogo pos rondhane kene. Supaya mengko yen ana warga sing laporan ben gampang.”
warga 3        : “yo wes lak ngunu sing jogo pos rondhane cah 5 tok ae, tur iki kan wong e sing ngrondha kan yo akeh.”

ADEGAN IV
Marja           : “Arep menyang ngendi lek Din?”
Saridin         : “Wong dhuwit nggo tuku beras wis cupet, malah butuh tuku lenga gas nggo ngisi ublik. Sesuk nasib spp-ne anakku piye?”
Marja           : “Nek dhuwite ora ngentasi yo ora usah tuku ta lek.”
Saridin         : “Anakku sesuk ana ulangan sejarang. Jare apalan e ndadhuk. Iki mau dhekne nangis merga wengi iki niyate arep nggethu sinau. Wedi nek diseneni gurune yen bijine elek.”
Marja           : “Oalah ngunu ta lek. ”
Saridin         : “iyo kang. Yo wes ya kang aku tak tuku lenga gas dhisek mengko anakku selak nangis.”
Marja           : “iyo lek.”

Marja           : “kae ana opo yo ndhek pos rondha kok podo guyon nganti swarane tekan kene krungu banter?”


ADEGAN V
Marja           : “Padha banyol perkara apa leh ok nganti cekakaanem keprungu ka jabalkat?”
warga           : “Rahasiaaaa!!!” (karo guyu cekakaan)
Tasulin         : “Tenan kowe weruh?” (nyamuk nyamuk nithili kacang godhog)
Parta            : “Ho’oh. Dengan mata kepalaku sendiri. hahahahahahaa,”
warga 4        : “lha iya, listrik mati iku ancen kesepatan emaskanggo para maling,”
                      “nek ngono, ayo ndang dibuktekna!”
Marja           : “Mbuktekna apa?”
“Maliiiiinnngg!!! Hahahahahaa” (jawaban e wong wong sing ana nang pos
rondha)
Sunar           : “sedhela engkas jam sepuluh, ayo gek ndang siap – siap, mengko ben ora kedandapan lak onok maling!!!”
Marja           : “Iyo lek aku yo tak melu siap – siap”



ADEGAN VI
Wasita          : “waahhh udu ngati ngati iki, amarga wadule Suryati nang senthong mau, yen salah sijine nom-noman sing jaga ana sing nyumurupi nek bengi kerep blusak blusuk ang imahe.”
(warsita mlayu karo ngunting sarunge supaya playune riket, sandhale
dicangkeng. Nanging ujug –ujug mak… Krakk!Gedhabrug!! sikile  Warsita
kesrimpet rapak. Kaya kucing keweden, njur tangi cekekal. wong – wong sing
rondha langsung kaget. )
Marja           : “lhoh, swara opo kui. ehh ayo ditututi bek menowo kui maeng maling sing nyolong wedhus e mbek Suryati”
                     “ayoo.” (saurane cah telu kimau)
(Nanging anggone Tasulin, Parta lan Marja ditutui ora ana sisa. Karepe miket
maling dhendheng ning omh e bucu iku sida kandhas, kelangan lacak)

Warsita        : “Ampuunnn ampun Gustii…. Untuuuunnggg listrik mati!!! Coro ora lak yo monangan aku kimau,” (ujar e warsita karo ngelus dhadhane)

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar