Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Imatul Nur Fitria

 Nama : Imatul Nur Fitria
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 14

Drama saking  cerkak “ Guritan – Guritan ing Pawiyatan
Dening : Puji Wirawan
BABAK 1
Jam sanga luwih seprapat Rudi sing dadi bakul cilok mesthi wis teka ana ing Sekolahan SMK Pertiwi. Sekolah kuwi murite pitung puluh persen bocah-bocah wedok. Akeh kanca-kancane bakul sing wis padha lungguh antri ngenteni sing arep tuku. Ana njaba pager sekolahan Rudi sabar ngenteni, karo njagang sepeda motore, dheweke ngusapi kringet sing wis dleweran ana pipine.
Esuk kuwi panase ora kaya biasane, jam sanga wae rasane kaya wis jam rolas awan. Ora ana mendhung sing nutupi srengenge, langit katon pandhang.

Bulik Suti bakul opak sing lagi nunggoni dodolane lan lungguhe ana sandhinge Rudi, nakoni Rudi :

Bulik Suti : Rudi, wingi nyapa kok ora dodol ?
Rudi : Badan kula radi boten kepenak, Bulik.
Bulik Suti : lho, iyato Rud. Kenangapa awakmu ?
Rudi : kula nggreges, Bulik
Bulik Suti :owalah, Rudi-Rudi. Kok ya duwe lara barang ta, apa ora tau olahraga?
Rudi : kula saben sonten bal-balan lho Bulik
Bulik Suti : bal-balan nyang ndi Rud ?
Rudi : bal-balan wonteng klathakan wingking bale dhusun

Bulik Suti ngomong rada banter nganti Pak Slamet bakol es krim lan es lilin krungu.

Pak Slamet : nanging sak iki wis sehat to Rud ?
Rudi : nggeh sampu pak met, nek dereng kula nggih dereng bakul teng mriki.
Pak Slamet : iya Rud. Rud wingi ana wong lanang loro nganggo jaket ireng, modhele kaya polisi nggoleki awakmu.
Bulik Suti : iya wingi numpak sepedha motor vixion, kabeh jaketan rupane ireng.
Rudi : halah, ampun guyon ta kalih kula. Mosok kula dipadosi polisi kinten-kinten salah kla niku napa ?
Pak Slamet : yen taksawang=sawang pancen mirip karo polisi nanging naluriku ngrasakne yen dheweke iku sejatine dudu polisi. Dheweke nakokne jenengmu lan alamatmu. Aku ora duwe rasa curiga kok, ketoke kekarone uga ora jahat.
Rudi tansah manthuk-manthuk rumangsa ngerti, ning dheweke tansah mikir uga penasaran, kira-kira sapa ya ?

BABAK 2
              Dina kemis esuk jam sanga Rudi kaya biasane dheweke wis neng njaba Sekolahan SMK Pertiwi.
Pak Slamet   : neng endi wae, patang dina ora ketok dodolan ?
Bulik Suti   : lara apa piye kok ora dodol mrene ?
Rudi : boten napa-napa, kula sehat Bulik. Menapa wonten ingkang madosi kula ?
Bulik Suti   : akeh banget sing nggoleki kabeh cewek-cewek
Rudi : halah, yen niku kkan pelanggan setiane kula ta Bulik, maksud kula linthune niku lho !
Bulik Suti : ana Mas Rudi, yen iki sampeyan bakal kaget, lan aku dhewe ya kaget krungu critane wingi, ning aku kok urung apal asmane Bu Guru sing crita kuwi, sing tak apali piyantune isek enom ngganggo kacamata, rambute lurus, yen ora kliru sepedha motore Beat rupane putih.

Rudi bingung lan penasaran, banjur takon maneh marang Bulik Suti.

Rudi   : maksute niku pripun ta Bulik ? kok kula dados bingung ?
Bulik Suti : akau, Pak Slamet lan kabeh bakul ing emper sekolah kene padha ngerti sapa sejatine sampeyan. Sampeyan hebat tenan, ora gengsian lan luwih ngutamakne pendhidhikan. Aku ya rumangsa melu bungah weroh bocah enom kaya sampeyan iki, mergane aku dhewe ya amung lulusan paket B.

Karo kukur-kukur rambute, Rudi rumangsa tambah bingung.

Pak Slamet : wis ta ora usah dipikir, ora apa-apa kok, dadi bocah enom iku kudu sing prakosa aja gampang bingung. Ora oleh mutungan lan sing utama ajangengsian. Arang banget bocah enom kaya awakmu kuwi. Rata-rata neng dhaerahe dhewe iki mari lulus SMA utawa SMK terus padha kerja ana kutha gedhe. Kerja ning daerahe dhewe pada gengsian. Awakmu kui umpama konangan dhening Kick Andy mesthi didadekake narasumber sing iso nuwuhake inspirasi utamane kanggo, bocah-bocah enom. Tenan lho iki ! ( dhawuhe Pak Slamet karo ngrangul pundhake Rudi )

BABAK 3
              Esuk iku dodolane Rudi lumayan laris, mulih saka sekolahan kono Rudi ora perlu ngiderake ciloke maneh ning karo mlaku mulih wae dodolane wis isa entek dhewe.
Jam sewelas awan Rudi wis teka ngomah, kanggo mbuwang rasa ngantuke dheweke turu ana ing kursi sing ana ing ruang tamu.

Rudi : alhamdulillah ya Allah, kula diparingi rizky ingkang kathah. Isek jam sewelas lumayan isa gawe turu awan. ( Rudi banjur mapan turu ing kursi.

BABAK 4
              Wis sewelas dina iki Rudi ngilang, ora dodol cilok ana ing jabane pager Sekolahan SMK Pertiwi. Pelanggane padha nggoleki, Bulik Sutii lan Pak Slamet sing dadi kanca rakete uga wis kangen karo guyon lan suwarane Rudi.

Pak slamet   : Suti, Rudi neng ndi wae ya ? wes sewelas dina iki bocae ora dodolan bareng adhewe
Bulik Suti : aku ya ora weruh Pak, apa ya Rudi lara maneh ya Pak ?
Pak Slamet : mosok iya ? aja sampek lah. Muga-muga wae bocae sehat, mungkin lagi sibuk karo urusan kuliahe.
Bulik Suti   : iya, nanging kula kangen kale guyonane Rudi
Pak Slamet   : iya Sut, aku ya kangen karo swarane Rudi
Bulik Suti   : paling benjing nggeh mpun bakol teng mriki maleh bocae Pak.

Omongane Pak Slamet lan Bulik Suti kepedot amerga akeh bocah-bocah sekolahan sing tuku menyang Pak Slamet lan Bulik Suti.


BABAK 5
              Setu esuk Rudi mubeng masarake ciloke ana ngarepe SD sing ana ing mburine Stadion, karo ngenteni jam istirahat sing kurang seprapat jam maneh, dheweke lungguh ning tunggak glugu. Urung oleh limang menit anggone lungguh, dheweke diparani bocah enom ngganteng.

Farel :  aku Farel mas, adhik kelase sampeyan inh SMA biyen (salaman karo Rudi)
Rudi : lhoh, iyo to ? sepurane dik, aku wes lali, wes gak kelingan marang sampeyan
Farel : enggeh mas, lulus SMA aku kuliah neng Yogya. Dadi jarang neng kene
Rudi : sampeyan kok isik kelingan aku ta Mas ? (takone Rudi sig wis pengen weruh)
Farel : (karo nyilakake rambute sing nutupi mripate) aku penasaran banget Mas karo sampeyan
Rudi : penasaran piye to Mas, lha wong awake dhewe iki rumangsaku kaya ora tau jagongan nalikane SMA biyen (jawabe Rudi sing wis kelewat kaget)
Farel   : sampeyan kenal karo Nafa adhik kelase sampeyan pas SMA biyen ?
Rudi : Nafa sapa ya Mas ? wah yen bocah wedok aku ora pati kenalmergane aku dhewe kuper yen masalah cewek, Nafa kuwi bocahe ciri-cirine piye ?

               Farel njupuk Hpne seng ana sak clana banjur ndudohake fotone Nafa.

Farel : iki Mas bocae, sampeyan kenal ta ?

                Karo ngileng-ngileng foto kui Rudi kukur-kurur rambute banjur ngomong.

Rudi : ya Mas aku rada kelingan Mas, terus hubungan apa kok sampeyan nakokne Nafa marang aku ?
Farel   : ayo, lungguh dhisik (karo ngrangkul Rudi)
Rudi   : eh, iya ayo Mas
Farel : aku wis rong minggu iki ngawasi sampeyan lan ngumpulake informasi bab sampeyan. Tak jalok sampeyan aja salah paham dhisik. Aku iki wiwit SMA kelas loro sak kelas karo Nafa, terus terang wae aku seneng banget karo Nafa, nanging aku ora kasil nggawe atine Nafa tresno marang aku. Alasane jarene dheweke iku wis nduwe pacar, saben tak takoni pacare jenenge sapa lan omahe endi, dheweke ora gelem ngaku. Gelem ngaku nalikane aku lan dheweke padha-padha wis lulus SMA. Dheweke ngaku yenta pacare kui sampeyan, aku dhewe ora percaya banjur aku liburan semester ikimulih pengen mbuktekake sesambunge Nafa karo sampeyan. Aku ngerti sampeyan iki wonge apikan, aku titip tresna ya Mas marang Nafa...
Rudi : Nafa kui apa sing seneng maca geguritan nalikane sabne ana penta sseni ake ?
Farel : iya Mas, geguritan-geguritan sing tau diwaca mbiyen kae lan sing tau dipasnag ana majalah dinding sekolah kae kabeh inspirasine sampeyan landitunjokake kanggo sampeyan. Sakiki dheweke iku dadi TU ana ing SMK Pertiwi lan sak iki tunggal kampus karo sampeyan. Dheweke lagi semester loro.
           
  Rudi rasan ekaya ora percaya dene seprana-seprene selawase iki tibake ana cewek sing seneng marang dheweke , tangan tengene njiwiti lengene sing siseh kiwakanggo mbuktekake yenta dheweke saiki ora lagi ngimpi.

                 Mari crita kaya mau Farel banjur pamitan lan ninggalake Rudi kari dhewekan, pikirane Rudi ngengana,mbayangake wewayangane Nafa nalika SMA. Saben sabtu Rudi mesti oleh kirimas geguritan lewat sms, nalika SMA biyen nanging Rudi ora ngerti saka endi sms iku. Sakiki Rudi ngira geguritan iku teka Nafa.

BABAK 6
               Jam tengah telu Rudi wis lungguh ana taman kampus sisihe kantin, dheweke nggoleki Nafa, cukup takon marang salah sijining mahasiswa adhik tingkate Rudi wis isa nemokne Nafa.
                Sore kuwi Nafa pas lagi ana parkiran mudhun saka sepedha motore, Rudi marani karo ngajak salaman.
Rudi : Mbak Nafa ya ?
                Mripate Nafa sulap banget kaya sorote srengenge, Rudi gobyos, semono uga Nafa.
Nafa : iya Mas
                 Tanpa ana sing ngwehi komando bocah loro mau atine banjur nyawiji. Panyuwunane Nafa sing nganggo sarana geguritan-geguritan skiki kelaksanaan, dheweke iso ngunduh wohing katresna karo Arjuna pilihane, sing ora liya yaiku Rudi.

>>>>> Rampung


Tidak ada komentar:

Posting Komentar