Nama :
Awanda Kartika Sari
Kelas :
XII-IPA 3
No. Absen :
05
Drama saking cerkak “ Sugeng Tumindak mas Jimmy”
Dening : Suryadi Ws.
Babak 1
(Tengah Prapatan)
Wis limalas taun Jimmy priya Amerika
iku ngalap Endang dadi sisihane. Katitik nganti kelakon lair anak siji umur pat
belas taun. Wadon, ayu rupane, dadi tetali kan saya ngencengake sambung
tresnane. Nalika lagi mulih saka latihan kesenian ing sekolahane, dadakan kaya
tanpa sungkan bocah iku nylonong saka kidul ing tengah prapatan, katampa mobil
saka kulon.
Markum : ” Ya
Allah, aku nabrak bocah, kepriye iki?( Markum mudun saka mobil lan mriksa
keadaan bocah mau).”Nduk, sadar nduk!! Masyaallah!(Markum cepet nulung bocah
iku mau lan digawa menyang rumah sakit, nanging wis ora ketututan)
Babak 2
(Pemakaman)
Nalika upacara pemakamane, tangis
kesedhihan ngebaki swasana, nganti bebasan udan tangis mendhung sungkawa.
Endang :”
Nduk, uripmu kok ya mung sakmene. Kok tega sliramu ninggal ibu nduk!”
Jimmy :” Iku
kabeh gara-gara Markum, wong sing nabrak anake dhewe nganti ngilangake lan
nggarai pepes semangat urip awake!”
Endang :”Ora
ngunu mas Jimmy, iki kabeh uwis dedalan takdir pestine gusti Allah mas.”
Jimmy :”
Semangatku pepes, anak siji sing tak tresnani inggalke aku saklawase”(Jimmy
nangis nganti miseg-miseg)
Endang :”Uwis
mas, lilakno takdire gusti Allah”
Babak 3
(Ngarep kamar)
Awan-awan Jimmy metu saka kamar nggawa
glathi. Atine ngigit-igit, kepengen males pati marang Markum.
Endang :” Mas
jimmy arep menyang endi, Arep ngapa nggawa glathi ngunu kuwi?”
Jimmy:” Aku
arep marani Markum, perlu nggawe peritungan. Markum kudu tanggungjawab marang
kedadeyan iki!”
Endang :” Jimmy
mandheg! Kowe arep gawe pitungan nanging tanpa mikir akibate kepriye”
Jimmy :”
Tujuanku males pati, apa wae akibate bakal dak lakoni.”(Mllaku ngedohi Endang)
Endang :”
Kabeh sing weruh kedadeyane padha ngandhakake yen sing salah iki anake dhewe.
Markum ora mungkin bisa ngendhani nadyan wis usaha ngerim mobile lan ngliwar
nengen.”
Jimmy :” Ora
iso! Markum wis nabrak anakku, dheweke kudu tanggung jawab!”
Endang : “
Ojo Mas! Iki ngunu iso di rembug apik – apik “
Jimmy : “
kowe kok malah mbelani Markum. Sing mati dadi kurban ki anakmu,Endang!
Endang : “
Iki ngono perkara wawasan urip, wis to rungokne aku kabeh kuwi butuh diskusi
iso dirembug apik –apik”
Jimmy lan Endang omong – omongan bahas
Markum sing wis nabrak anake wadon. Nanging perkara iku mau sing ndadekake
alasan Jimmy lan Endang medot tresna.
Babak 4
(Ruang Tamu)
Tekan kono Jimmy katon tumungkul
sedhih. Malah katon eluhe mbrebel saka mripate gawe kagete Endang.
Endang : “
Ana apa Jimmy?”
Jimmy : “
Dhik Endang, kematiane anakmu sajake dadi tanggara lamun katresnan lan
jejodhone awake dhewe kudu puput tekan samene” (Ngadeg,nyaketi,ngragkul Endang
karo nangis miseg-miseg)
Endang : “
Jejodhowane bisa puput, mas. Nanging katresnan bakal terus lumaku. Ora kudu
bibiting bebojowan,nanging bisa mekar dadi sambung, sedulur utawa mitra raket.”
Jimmy : “ Nek
ngono aku milih awake dhewe dadi sdulur wae. Saiki aku njaluk pamit, arep
menyang kantor agama”
Endang
: (Manthuk ngiyani) “ Iya mas ati–ati”
Babak
5 (Ngarep Omah)
Esuk-esuk Jimmy wis siyap kanthi
mobile. Kabeh barang wis mlebu mobil. Kanggo pungkasan dheweke pamit Endang
Jimmy:
(Ngrangkul Endang karo ngomong klesik-klesik) “ Dhik aku pamit langsung nyang
Amerika. Nglakokake tugas anyarku ing Los angeles. Sakwisi kedadeyan iki muga
kowe entuk jodho sing luwih pas lan cocog. Njaluk ngapura kabeh kaluputanku.”
Endang
: “ Iya Mas, semono uga kowe,muga enthuk
jodho wanita sing luwih bisa mulyaake uripmu”
Jimmy
: “ Iyo dhik. Muga sakwise iki awake bisa dadi pribadi sing luwih becik.”
Endang
: (Mesem lan batine pratela : Mas aku ngerti kowe priya sing apik,lan kowe uga
ngerti aku iki wanita apik. Nanging apik lan apik durung karuan bisa sawiji
kanti salarase) “ Ati-ati mas, muga dalanmu dikersani Gusti Allah nganti tekan
kono”
Jimmy
: “ Aku njaluk pamit, Assalammu’alaikum” (mlaku ngedohi Endang)
Endang
: “ Wa’alaikumsalam”Sugeng tindak mas
Jimmy. Muga tansah rahayu saparan lakumu” (Ucape karo ngusapi eluh kang mbrebel
mili ing pipi).
>>>>> Rampung
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar