Kelas : XII-IPA 3
No. Absen : 37
DRAMA
SAKING CERKA “TITIN APURANEN AKU”
DENING : SETYATAMA
BABAK 1
Wilujengan sewu dinane bapak wis rampung, aku enggal nyuwun pamit ibu
lan keluargane adhik. Aku matur yen liburan sekolah anakku arep takjak sowan
eyang, mgiras pantes rekreasi ,banjur pamit aku marani ipeku sing wis siap
ngeterke nganggo sepedha motor. Tekan panggonan travel ,penumpang wis akeh,
ning isih padha lungguhan.
Mas widodo :”Wis dhik, ko
kene wae ora usah ngenteni budhale Elf amarga mengko kesuen ngenteni”
Adhik ipar :”Owalah iya mas aku pamit riyen”
Mas widodo :”Iya dhik ati ati
lo”
Adhik ipar :”Iya mas”
Mas widodo :”Iki mengko
budhale jam piro mas?
Sopir :”Sekedhap malih
Pak, ngentosi penumpang saking Cangkring”
Mas widodo :”Jare jam sanga
ta? Yen mundur terus, tekan Surabaya kawanen lo, jam
Setengah
wolu wis mlebu”
Sopir(bos) :”Entenana sedhela ,paling suwe sepuluh
menit ,penumpang kon mlebu”
Sopir :”Mangga sedaya sami minggah
,wingking dipun lenggahi riyen nggih ,tiyang sekawan.
Mangga
pak, njenengan tengah kemawon”
Mas widodo :”Lho yen ora
enggal budhal, aku nang njaba dhisik sumuk”
Sopir :”Sampun ta
Pak,manga sedaya sampun minggah manga”
Mas widodo :”Nggih”
Sopir :”Saking Cangkring
sepedha motorngembos, ngampiri riyen langsung bidhal”
BABAK 2
Elf mlaku radha banter bareng nyadhak dalan macadam, mlaku alon, menggok
nengen katon ana wong loro lanang wadon ing cedhake seepedha motorbkena
sentronge lampu Elf. Sopir mudun nampani tas ,njur dilebokake bagasi wanita mau
mlebu Elf ,tanpa sangga runggi lungguh ing sisih tengenku karo noleh nyang aku,
Atiku ngedhap, aku ora lali rak Titin. Titin Waahyingsasi sing tau ngregani
atiku nalika semana.
Titin :”Mas widodo, nglali
apa lali?”
Mas widodo :”Njenengan dhik
Titin putrane Pak Dawan sing tak dhereki biyen?”
Titin :”Beber aku Titin
sing njenengan jarne sawetara taun kepungkur ,Pangapuntene mau ora
Rewang
wilujengane Bapak kuwatirbketemu Mbak yu”
Mas widodo :”Ora apa apa
,uwis nikah apa durung?”
Titin :”Sampun ,lah njenengan?”
Ma widodo :”Uwis, anakku
loro”
BABAK 3
Mudhun slahung dalan wiwit penak,lakune Elf wiwit anteng. Bengi saya
nglangut, penumpang liyane wiwit ngantuk. Titin isih lendhetan ing
pundhak.,melek sithik ngucap alon “Mas” njur ambyuk ing pangkonku .Tangan
tengenku di candhak dipenake pernahe sirah.
Titin :”Maas”
Mas widodo :”Iya dhik”
Titin :”Ora ngantuk?”
Mas widodo :”Ora”
Titin :”Mas” (ambyuk)
BABAK 4
Insting tanganku ngelus-elus rambute sing ketel. Penumpang liyane wis
ora nggape, wis katrem karo impene dhewe-dhewe, Ora mung iki malah tangane karo
pisan nyekeli bangkekanku tanpa sangga runggi. Jam rolasan Elf tekan Caruban
menggok ing Restoran.Restoran mau rame, pancen nggo leren para penumpang
Travel.
Titin :”Nyang mburi sik
Mas”
Mas widodo :”Iya ayo”
Titin :”Suk senin tak
enteni ing panggonan iki, yen bias sadurunge jam siji,janji ya Mas”
Mas widodo :”Iya aku janji”
Titin :”Aku percaya
,njenengan ora bakal mblenjani janji sing kaping pindho”
Mas widodo :”Titeni wae endi
sing teka dhisik”
Titin :”Aja lali suk
senin”
Mas widodo :”Aja kuwatir”
BABAK 5
Elf nuju Karang Empat mundhunake penumpang ,isih ana maneh penumpang ing
Tlatah Mojo njur menyang omahku ing Bratang. Sesuk isih sabtu,Minggu,lagi Senin
.Ah rasane kaya setaun….ing sawijining lobby Hotel dalan Rajawali Surabaya ,aki
disumanggakake karo resepsionis di tuduhake ing panggonan kang wis sumadhiya
.Ora let suwe ana pelayan nyuguhi es jeruk rong gelas.
Pelayan (Titin) :” Diunjuk
Mas ,wah njenengan jan satria tenan, ora kleru pamilihe Mbakyu ,Mesthine
njenengan lulus
es-satu kae langsung takcekel ora sah ngenteni es-dua kesuen.Ah
witing tresna
jalaran saka kulina.Aku pancen adoh,bejane sing cedhak ora ana gunane
geguritan
katresnan lane es-em-es mbelgedhes”
Mas widodo :”Sepurane dhik “
Pelayan (Titin) :”Sawise
ngenteni njenengan sing ora cetha kabare,aku nikah karo Carik sing njodohake
pakdheku sing dadi lurah. Aku sering nyang Surabaya, kadang ya karo bojo,kadang
ya ijen saliyane nglipur ati,aku ya usaha golek obat supaya nduwe turun. Ning
pancen bojoku sing gabug. Rabi ping pindho ora nduwe anak.”
Mas widodo :”apuran aku dhik,aku sing salah”
Pelayan (Titin) :”mas cethane aku kepingin duwe anak karo
njenengan”
Mas widodo :”apa? Apa kuwi sing tak rungokne?”
Pelayan(Titin) :”Mas
ning hotel iki wis sumadhiya kamar kanggo saka sapatemon awake dewe.dudu bojoku
rapapa,pokok sing penting duwe turun karo priya sing biyen pancen tak tresnani
lair batin. Aku gelem ngladene njenengan.”
Mas widodo :”gek jaman opo iki?
Pelayan(Titin) :”yen
pancen kaboten ra apa,aku ra meksa gampang mengko aku golek priya liya,embuh
sapa kana aku ora peduli,piye?
Mas widodo :”dhik,sepuranen
aku ,aku cidra ing janji,aja tumindhak nekat,aja jegur kali grindulu kang
banjir.utawa ambyur ing segara kidul kang ombone jumblegur nggegirisi.weningna
penggalihmu iseh ana dalan liya.akeh dalan kang bias dilewati percayao karo
aku. Sakondure saka kene dhik titin bakal duwe momongan dewe utawa yen pancen
kepeksa,bias ngathik putra ang’kat,aja cidra ing kakung.ngenani aku,panguparane
ora bisa nuruti kersamu ,amarga……….?”
Pelayan(Titin) :”amarga apa mas?”
Mas widodo :”sawise
anakku sing kaloro lair,let sawetara wulan ibune cah-cah operasi miyom lan
ngangkat kandhungan.kanggo tandha prasetya ,aku ya njur nyusul operasi kang ora
bisa duwe turun.anak loro tak anggep uwis cukup. Wis ta ayo ndang kundhur. Ayo
ninggalake panggonan kang rasane kurang pas kanggo awakedewe iki. Apuranen aku
dhik,saiki ayo tak dherekake tekan daleme bulik. Wis ta ayo”
Tamu hotel ora dadi kawigatene.suwasana tidem.deweke dhingkluk luhe
tumetes.
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar