Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerka Riza Oktaviana

Penulis         : Yohanes Budi
Nama           : Rizaoktaviana
No.Absen     : 32
Kelas            : XII-IPA 3
Setting          : Papan Panggonan => Sepur Logawa lan Stasiun Kriyan
                       Wayah => Awan
                        Kahanan => Kebingungan
BABAK 1
Sadewa lungguh ijen menyang kursi sepur Logawa nomer 15 A lan kursi 15 B iseh kosong.
Gotri    : kosong mas?
Sadewa : (manthuk) mangga pinarak!
Gotri    : matur nuwun, tindak pundi mas?
Sadewa : wonokromo bu.
Gotri    : wah mbok aja ngundang bu, undang wae Gotri (ngejak salaman)
Sadewa : oooo...... jenengmu Gotri?
Gotri    : iya, wong awake dewe sik sak umuran mas.
Sadewa : ya kirane ben luweh sopan bu.
Gotri    : loh lak sik ngundang bu ta sampeyan ki.
Sadewa : eh iya Gotri.
Gotri    : jane jenengku Tri Waras Rahayu ning bapak lan ibuku yen nimbali Gotri. Omahku sak kidule stasiun iki mas.
Sadewa : oalah iya
Gotri  : (ngetok ‘ake permen saka clanane) iki lek kersa permen mas aja sumelang,iki dudu permen kang bisa marak’ake mabuk apa maneh mabuk asmara hahahaha.........
Sadewa : (mung mesem, bocah iki lah oleh e agresif lagek kenal wis kaya ngene)
Gotri  : wis ora usah sungkan iki njupuk ae mas (karo nyodorke epek-epek’e sing isine permen)
Sadewa : iya matursuwun (aku njupuk permen ning tangan e)
Gotri  : sepisan ngkas salaman mas, nah ngono sampeyan asmane sinten? Mau rak durung napungaken ta?
Sadewa : (tanganku diprekes, mripate sing bunder iku ora ngalih saka raiku)
Gotri    : ya ampun sampeyan iki kok kaya priya sing tau dak temoni jroning impenku wingi kae ta?
Sadewa : iku mung ngipi aja seneng madak-madakke .
Gotri    : lak ngeyel ta? Sapa jenengmu mas sapa?
Sadewa : (suwe-suwe aku risih karo wong iki)
Gotri    : kok meneng wae ta mas? Lak ngono coba ta bedhek’e jenengmu. (karo mikir)
Sadewa  : kok enek-enek ae ta koe ki? Aku risih yen kaya ngene.
Gotri     : sik ta mas, jeneng e sampeyan Sadewa? Iya apa ora?
Sadewa  : loh iya, koe kok bisa ngerti?
Gotri     : lek iya ta awak dewe kui wis pancen jodo, lan ditakderke ketmu ing gerbong sepur Logawa iki mas.
Sadewa  : alah ora, aku yakin koe amung mbedhek.
Gotri      : aku mung angger mbedhek? Le ngono kok isa langsung tepat sasaran ta mas?
Sadewa   : iya ya?.......
Gotri            : kandani awak dewe iku jodo mas.
Sadewa  : (aku dirangkul lan diambung) iki apa ta Gotri kok langsung agresif awak dewe kui lagi ketemu lho
Gotri    : ora popo mas, aku mung gumun ngipiku dadi kenyataan.
Sadewa  : awakmu iki ngawur ora usah ngenek-ngenek.
Gotri     : oallah mas Sadewa, akhire awak dewe bisa ketemu ing papan kene (nangis glolo)
Sadewa  : koe kok malah nangis ki piye ta?
Gotri      : (panggah nangis glolo)
Sadewa  : wis aja nangis, kabeh padha nyawang dikira koe tak apakke
Gotri     : mas sadewaaaaaaaaa.............
Sadewa  : sue-sue aku bingung karo karepmu, jane apa karepmu? Langsung ngomong wae aja gae aku bingung tur risih! Sue-sue aku mangkel, aja sampe gae aku kasar marang awakmu.
Gotri    : sing gedhe pangapuramu ya mas Dewa, aja kok kira aku iki edan. Dek mben kae aku pancen ngipi ketemu sampeyan, jroning impenku kui panjenengan bakal nemoni aku ing gerbonge sepur Logawa. Lhakok jebule tumus tenan, ndara dhasihi sepisan maneh sepurane sing gedhe ya mas Dewa lek tumindakku mau kurang tata wani ngrangkul uga ngambung sampeyan.
Sadewa  : aja gae wong mangkel karo kelakuanmu sing kaya ngene! Aku dewe ana ing sepur iki ndue tujuan sing gumathuk.
Gotri     : apa tujuane sampeyan mas?
Sadewa  : seminggu kepungkur aku sms marang Bangun Adi kancaku kuliah ing Unwiku Purwokerto sing sakiki wis nyambut ing Surabaya. Aku dikon menyang Surabaya karo Bangun jare anggone kerj lagi mbutuhake karyawan. Aku iki ngono wong ora ndue sing ngipi dadi wong sugeh.
Gotri  : mbok aja ngrendah ngene ta mas Dewa iki!
Sadewa : aku ora ngrendah ancen iki keadaanku, dadi lek arep ngeret aku sepurone wae awakmu salah wong, aku mung wong ora ndue alias wong mlarat.
Gotri : yaallah mas, sampeyan iki omong apa ta? Aku ora wong wedok sing kaya ngono
Sadewa  : terus apa maneh lek ora kui karepmu? Aku ki bener-bener wong ora ndue. Karcis gae sepur iki wae leh nukok ne kancaku jeneng e Dewi sing kerjo ing lokete Stasiun Raya Purwokerto lan uga disangoni satus ewu.
Gotri  : Terus sampeyan saiki arep tindak ngendi?
Sadewo  : aku arep menyak Wonokromo
Gotri : yowis leh ngunu
Sadewa : apa wis mari oleh mu nanges?
Gotri : hehe, wes kok mas, aku yo arep menyang kriyan dolan ning omahe endang kancaku kuliah omah ee neng kemasan kidul
Sadewa : oalah iyo,
Gotri : pangapunten seng gedhe ya mas dewa. Aku wis gawe sampeyan bingung. Seneng banget bisa kenal sampeyan
Sadewa : wis iya ora popo
Gotri : sawangen aku mas, aku bakal nompo sampeyan opo anane ora mandang liya
Sadewa : omong opo kowe ki? Knal ae lagek
Gotri : justru kuwi aku nggumun karo kejujurane sampeyan marang akuapa anane
Sadewa : ya iki aku, karo kabeh kekurangan ku ( aku banjur meneng la nyawang gotri)
Gotri : hee mas? Napo sampeyan kok malah nyawang aku terus? Piye tanggepan mu ngenani impen ku mau?
Sadewa  : apa ora oleh yen aku nyawang koe?
Gotri  : oleh mas oleh, nyoh sawangen kabeh rai lan awakku sak utuhe.
Sadewa : ora, aku ki Cuma pengen mastekne koe wong jahat apa ora.
Gotri  : oalah mas Dewa ki enek-enek ae jelas aku ki ora ndue niatan jahat marang sampeyan.
Sadewa : aku ki seneng karo wanita sing sarwa natural ora nyeleneh.
Gotri : aku ora seneng macak reno-reno mas, sing ora nguati ki irunge sampeyan kok oleh setengah mbangir.
Sadewa : hahaha koe ki apa ta?
Gotri  : lah ngono lo mas guyu, tat mau kok judes eram.
Sadewa : aku mung penyesuaian mergo durung kenal karo koe.
Gotri  : iya-iya yawis mangga mas Sadewa dak aturi dhahar. “menika pakurmatan saking diajeng Tri Waras Rahayu Kutoarjo”
Sadewa : hahaha koe ki enek” ae to. Matur nuwun aku ya kebeneran pas luwe.
Gotri  : la sampeyan bene guyu e, yawis ndang di dhahar ta mas Dewa!
Sadewa : iya ta dhahar e sik ya?
Gotri  : iya mas Dewa.
Sadewa mangan sega teka Gotri...........................
Sadewa : matur suwun y tri? Aku sakiki warek.
Gotri  : iya mas Dewa.
Sadewa : aku sakiki ngantuk, apa maneh suwengi aku ora turu gara-gara mikirne sido budal menyang Suroboyo apa ora.
Gotri  : yowis ndang turu wae mas Dewa!!
Ora let suwe ujug-ujug Gotri nggugah Sadewa............
Gotri  : tarik.... tarik..... tarik..... wis tekan Stasiun Tarik mas Dewa.
Sadewa : lhakok cepet eram, kirane sik tko Madiun apa Nganjuk ngono bakne wis teka Stasiun Tarik Sidoarjo ta?
Gotri  : iya mas wis ayo mudun Krian wae. Iki rangsel e wis dakjupukn e pisan.
BABAK 2
Sadewa dituntun Gotri metu teko gerbang sepur Logawo
Pesulap : “ayo-ayo sapa sing arep ngetokake uneg-uneg”
Gotri  : loh ayo mas Dewa awak dewe rono sopo ngerti isa melbu tipi. Kui lek kaya Uya Kuya tukang hipnotis kae.
Sadewa : yowis ayo.
Pesulap : lha iki pasangan Romeo-Juliet ayo arep ngetokke uneg-uneg?
Gotri    : iya-iya aku gelem.
Pesulap  : rene-rene, lungguh kene Romeo-Juliet sisih kiwa Juliet e sisih tengen! Mengko lek nyawang kertas kowe bakal turu ya!
Gotri  : iya siap.
Pesulap : jenengmu sapa?
Gotri  : Tri Waras Rahayu celukane Gotri.
Pesulap : kowe mrene karo sapa?
Gotri : karo pacarku mas Sadewa, sing ketemu neng gerbang sepur Logawo omahe Purwokerto.
Pesulap : kapan wiwit pacaran?
Gotri : wiwit aku ngipi ketemu dhewek e dek mben kae.
Pesulap : wis cukup, sakiki yen awakmu krungu tepuk tangan awakmu kudu tangi!
Gotri  : iya.
Pesulap : yawis sakiki ganti Romeo, padha kaya Juliet mau ya!
Sadewa : iya.
Pesulap : jenengmu sapa?
Sadewa: Sadewa.
Pesulap : rene karo sapa?
Sadewa : karo wong sing ratau tak kenal yakui Gotri, ngerti-ngerti dewek e lungguh ning andeng kursiku sampe-sampe dee ya ngambung lan ngrangkul aku. Gotri ya kandha marang aku yen dewek e bakal pethuk aku menyang gerbong e sepur Logawa.
Pesulap : hahaha........ yawis sakiki yen krungu tepuk tangan awakmu tangio!!
Sadewa : ana apa iki? (bingung)
Gotri  : ora papa mas awak dewe mung ngetok ake uneg-uneg.
Pesulap : sakiki mangga padha tapak asma ing kertas materai. Apa pareng yen rekaman iki disiarke ing tlevisiku?
Gotri  : iya wis siarke wae menyang televisimu cek aku karo mas dewa melbu tipi. Nyoh mas ndang tanda tangan.
Pesulap : selamat Romeo-Juliet sing wis pacaran wiwit Kutoarjo-Kriyan, mugo langgeng.
Sadewa : iya padha-padha.

Ora suwe ngerti-ngerti Bangun wis ana ing Stasiun Kriyan
Sadewa        : loh iki lak Bangun ta?
Bangun        : iya piye kabare wa?
Sadewa        : apik-apik wae. Iki pie ta? Jaremu rak arep methuk i nek Stasiun Wonokromo kok sakiki wis ning kene?
Bangun        : alah wis ayo melbu mobil (barengan karo Gotri)
Sadewa        : iki jane piye ta? Aja gae aku tambah bingung marang awakmu.
Gotri            : aku mbakyu ipene Bangun Adi sing jrene kancamu kuliah ning Unwiku Purwokwrto kui. Sepurone sing akeh lek aku wis mbujuk marang awakmu.
Sadewa        : masyaallah, sepurone sing akeh aku ora ngerti yen awakmu bakne mbakyu ne Bangun ngerti ngono aku ora sakpenak e marang awakmu.
Gotri            : alah wis iya ora popo, aku ya salah ora ngomong apa anane.

Sue-sue Sadewa lan Gotri rabi..............

Sadewa        : aku biyen kok mbujuk i bakne sing dhek gerbong kae mung sandiwara hahaha...........
Gotri            : iya mas Dewa, hahaha sepuro e lek aku wis gae bingung sampeyan biyen.
Sadewa        : wis ora dadi ngapa, sing penting aku sakiki oleh kerja,bojo lan mangan turu dikancani karo Gotri (bojoku) jan Uneg-Uneg Wareg.

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar