Nama : Witji Sri Rahayu
Kelas : XII IPA 3
No. Absen : 36
Pengarang : Utari
Judul : Wolak Walike Jaman
DIALOG “Wolak Walike Jaman”
BABAK
1
Wingi Yu Uut ider endhog asin ning
Perumahan Surya Asri nanging setoke endhog dina iki kari saitik.
Yu
Uut :”Dina iki sethok
endhog kari setengah rinjing, nak tak iderno ning Surya Asri mesti entek
nanging aku sesok dodolan apa jarene bakule endhog arep prei rong dina.”
Yu Uut mikir amprih sesok iso panggah
ider akhire Yu Uut nduwe pikiran dodolan peyek.
Yu
Uut :”Wis enake mengko
bengi aku tak nggoreng peyek wae. Peyek urang,peyek teri,peyek kacang karo
peyek dhele. Amarga kapan kae pelangganku tau takok”kok suwe gak tau gowo
peyek” .”
Yu
Uut menyang njero omah krungu ana wong nyeluk dheweke.
Supinarti :”Yu Uut......Yu Uut”
Yu
Uut :”Ya, mlebua Pin,
aku jik nata endhog.”
Supinarti :”Jik akeh ta endhoge pean.”
Yu
Uut :”Aku gak
ngendhog,lek endhog asin enek.”
Supinarti :”Anggitku atene tak gawa ning
Puri, sedhela wae engko lek entek.”
Yu Uut mikir amarga sing nyetori endhog
asin arep prei rong dina.
Yu
Uut :”Tapi.....langgananku
sing nyetori endhog asin sesok jare prei.”
Supinarti :”Kan sampean disik tau dodolan
peyek,pean sesok dodolan peyek wae saiki endhoge pean tak gowo ning Puri.”
Yu
Uut :”Iyo,mengko bengi
aku atene nggoreng peyek gawe dodolan sesok rewangan ya Pin.”
Supinarti :”Iyo aja mengko bengi Yu Ut.”
Yu
Uut :”Kena apa kok aja
engko bengi Pin?”
Supinarti :”Mergo aku engko bengi gak iso
mbak Ut, wis ngene ae endhoge pean tak dole mergo aku gak nduwe dodolan blas
dina iki.”
Yu
Uut :”La kowe arep nang
ngendi engko bengi Pin?”
Supinarti :”Aku mengko bengi arep buwuh
ning Rungkut.”
Yu
Uut :”Kok kon nduwe bala
neng Rungkut barang se Pin, sabamu adoh timen.”
Supinarti :”Lho piye ta Mbak Ut aku iki
rak asli Rungkut, piye oleh ta gak endhoge tak iderno daripada sampean gawe
peyek engko bengi sampean engko ngantuk mending saiki wae ben oleh akeh sampean
nak goreng peyek.Lek gak dodolan anakku kon mangan apa Yu Ut.”
Yu
Uut :”Iyo iderno wae
Pin,aku tak nggoreng peyek saiki wae ben gak bengi engko barku. Sing mesti
mangan sego ta Pin.”
Supinarti :”Lek ora ana dhuwit tuku beras
karo apa Yu Ut?”
Yu
Uut :”Karo dhuwit ta
Pin.Wis ndang diiderno ning Puri endhog asine.”
BABAK
2
Supinarti
takok menyang Yu Uut nduwe celengan apa gak amarga Supinarti arep adol tanah
warisansimbah sing ana ning Rungkut arep didol.
Supinarti :”Eh,
Mbak Ut sampean nduwe celengan sithik – sithik tah?”
Yu Uut :”Ana
apa ta Pin.”
Supinarti :”Lek
nduwe, dhuwitana tanahku sing ana ning Rungkut kira – kira ambane 900m2.”
Yu
Uut :”Heh.... kon iku ngomong apa
lho? Padha bakul cilike ae kathik ngongkon tuku tanah barang dhuwit apa sing ge tku.”
Supinarti :” Sak jane aku gak butuh dhuwit gedhe Yu
Ut. Butuhku ki, ge kunci dodolan saben dinane. Apa maneh anakku sing nomer telu
mlebu SMP barengan karo adhike dhaftar SD. Gak yo mumet utekku. E.....lak pean
gelem nuku,ora ketang nyicil sak nduwe pean aku ben gak nemen – nemen leh
kecingkranga. Wis ta Yu Ut mosok karo aku gak percaya. Lha sesuk iku,nek isa
aku utangana dhuwit rong ewu ae tanahku iku tak rega 200 per m2 ne.
”
Yu
Uut :”Kon iku lho Pin kok leh
mempeng mleter aku. Aku iki gak nduwe dhuwit. Katene mbok kon ngiutil ning
pasar tah?”
Supinarti :”Ya sepurane Yu Ut,gelang,karo kalung,
karo cincin pean iku lak mbejaji lek mung butuh dhuwit rong ewu wae.”
Yu
Uut :”Walah walah. Aku lak gak
anggon anggon lak mbok cara ngono.”
Supinarti :”Masi gak anggon anggon ya panggah ayu
kok pean iku Yu Ut, apa katene mbok ge rabi maneh tah?”
Yu
Uut :”Rabi rabi..... kapok aku
Pin, rabi pisan iku wae aku wis digae lara ati. Wis, aku selawase gak katene
golek wong lanang. Fokus usahaku tak gawe nggedhekake anakku telu. Wingi sing
ragil tak dhaftarake TK kenek biaya 500 ewu.”
Supinarti :”Ya wis Yu Ut, pean goreng – gorenga ae,
endhogmu tak gawane ning Puri Sejahtera. Sesuk pean tak ewangi ngedol peyeke.
Tapi welingku ya Yu Ut, tenan kok iki. Aku butuh dhuwit rong ewu dhisik. Pean
sahakno ya?”
Yu
Uut :”Insya Alloh.”
Yu Uut mesakake Supinarti amarga lagi butuh
tenan .
Yu
Uut :”Aku mesakake banget kancaku.
Mbiyen ya tau utang aku satus, nyaure nyicil – nyicil.terus kapan kae yo tau
utang maneh limang atus dicicil sak nduwene.
Gek aku iki
apa ya isa tuku lemah ditawakne kuwi (ana ati)”
BABAK 3
Esuk iki
mau Supinarti budhal dodolan endhog ning Puri Sejahtera
Yu Uut :”Pin
arep budhal ning Puri saiki tah?”
Supinarti :”Yo
Yu Ut aku arep budhal saiki muga – muga ae enthek endhog asine.”
Yu Uut :”Iyo
ati ati yo Pin.”
Supinarti :”Iyo
Yu Ut budhal dhisik.”
Yu Uut
sinambi goreng – goreng mikir nasibe sing kebangeten amerga bojone .
Yu
Uut :”Lek jenenge Damang
tegese”ngerti” nanging jebule main ceki, ngombe karo medok. tanah warisane wong
tuwane ae entek digae seneng – seneng dhewe. Mulane diiris seprapat dituku
dokter gigi. Njur pendhak tau diiris maneh didol kari separo.”
Yu Uut krungu ana swara nyeluk banjur mlebu
omahe tibake anake sing jenenge Rudi.
Rudi :”Buk, nggoreng apa?”
Yu
Uut :”Eh Rudi......nggoreng peyek
Le,yahmene kok wis teka?”
Rudi :”Istirahat buk, ingguk – ingguk
omah.”
Yu
Uut :”Kono gek ndang sarapan
lawuhe pepes pindang.”
Ora suwe adhine Rudi muleh sekolah.
Risti :”(sinambi mangan) Buk enake ibuk
iki bukak warung wae lho. Dadine lek dodol gak usah mider gak karo gendhong
dagangan abot – abot.”
Yu
Uut :”Emoh ndhuk,buke lek bukak
warung mengko mundhak didulat dulit wong lanang.”
Rudi :”Didulit ya ben ta Buk, sokor
gelem ngrabi.”
Yu
Uut :”Buke gak katene rabi maneh
wis kapok, apa kowe kepengin nduwe bapak maneh ta le? Gak usah yo le mending
kowe kerja sing tenanan.... ojo seneng maen,mendem,medhok pokok ojo sampek
molimo.”
Rudi :”Inggih kula mboten bakal koyok
ngonten niku Buk.”
Risti :”Suk lek nduwe bojo aja kaya bapak
Cak. Medhit, kereng,jahat,gak nduwe ngesakna nyang Buke karo anak anake.”
Yu
Uut :”Masio kowe yo ngono ndhuk.
Golek bojo kudu ngerti bibit,bobot lan bebet,kejaba iku sekolahmu sing temenan.
Ben mbesuk isa nyambut gawe gak jgakne kayane wong lanang.”
Jam 11 Supinarti teka endhoge asin entek
banjur tak bagi hasil.
Supinarti :”Kokndengaren yah mene wis muleh.”
Risti :”Inggih gurune rapat dadose
diwangsulne awal, lek.”
Supinarti :”Piye Yu Ut iso gak ngutangi aku dhuwit?
Wis ta soal tanah iku kenek sampean cicil sak nduwene sampean. Sing penting iso
tak gae bunci dodolan.”
Rudi :”Lha sampean napa mboten butuh
panggonan kok smpean dol?”
Supinarti :”Aku wis nduwe enggon ning Sido Purna.
Tanah sing tak dol iki warisane wong tuaku sing ning Rungkut. Tak kon nuku
ibukmu, nyicil sak nduwene,ewangan ibukmu ta le.”
Rudi :”Insya Alloh, dongakne rejeki kula
kathah mengke kula cicilake.”
Yu
Uut :”Kowe wis wani ngewangi ibuk
nyicil tuku tanah ta le?”
Rudi
:”Insya Alloh saget Buk.”
Yu
Uut :”Lek wani tenan, ibuk wani
tuku tanahe Lek Pin iki.”
Rudi :”Ya Buk,muga – muga ae aku isa
ewang – ewang nyicil dongakno wae Buk.”
Yu Uut
ngedol perhiasane digae nyicil tuku tanahe Supinarti. Dina sak banjure Yu Uut
nyicil saknduwene dhuwit lek Supinarti butuh dhuwit karo Rudi diutangake Bank sing
digawe jaminan SK ne. Sampek utange lunas.
Wayahe Rudi rabi manggon ning kost- kostan liya. Ndilalah sing wedok yo
pegawai negeri. Wis rabi nak enek sambat sambute wong tuwa dhewekw gelem
nulungi wayahe dhuwitan aku diterke Rudi ndeleng tanahe ning Rungkut, tanah
kosong, dithukuli alang – alang sak dedeg dhukure. Sawijine dina anakku lanang
sing mbarep ngewehi kabar aneh.
Rudi :”Buk.......
aku mau ning kantor ketemu Bapak.”
Yu
Uut :”Kok iso ketemu bapakmu,kena
apa bapakmu mara ning kantor apa sengaja goleki kowe ?”
Rudi :”Iya Buk..... bapak ketoke susah
banget. Awake kuru.”
Yu
Uut :”Terus bapakmu ngomong apa?”
Rudi :”Jarene ngene Buk..... Rud ibukmu
kuwalon minggat digondhol wong lanang liya. Saiki bapak wis urip dhewe maneh.
Matura nyang ibukmu ya? Bapak njaluk sepura . nek isa, aku saiki tak ngenger
kowe ya Rud. Sokur nak ibukmu gelem.”
Yu
Uut :”Gak usah nggatekna cangkeme
bapakmu! Ben dirasakna. Ya kuwi oleh – oleh bapakmu dewe.”
>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:
Posting Komentar