Nama : M. Dwi Prasetya
Kelas : XII-IPA3
No.Abs : 24
YOBEN AKU RAPOPO
Dening : Narko “Sodrun” Budiman
Unsur Intrinsik
a.) Paraga + Watak :
1. Usman : Sabar
2. Pakdhe Jaenal : Pengertian
3. Sugeng : Cethil
b.) Alur : Maju
c.) Setting :
1. Panggonan : Ruang tamu
2. Waktu : Awan bakdha dhuhur, awan ngarepke sore.
3. Kahanan : Tegang
BABAK 1
Lukisan ludruk sing dipasang neng tembok sisih kidul nduwur jendela wis tau ditekokne mas Aryo kolektor seni lukis.
Usman :
lukisan ludruk sing tak pasang kui wis tau ditakokne mas Aryo diregani
Rp 3 juta nanging ugong tak wehne,yen ngerti bojoku gambar-gambar kuwi
mesti wes diculake.
Lek ganjur : nyapo ora mbok wehne man, apa kowe eman?
Usman :
ora mergo eman, nanging sejatine ora duwe nilai seni dhuwur. lengen
beksan sisi kiwane uga dinyang mas Muhni Rp 2,5 juta, dhik Sumo ketoke
iya kepranan karo lukisan reyog, dhik Sumo wani ngedukne dhuwit Rp 6
juta, jreg! Emboh kesemsem apa pancen kemlinthi saploke kerjo nang
jakarta.
Lek ganjur : bisa rangerti seni beke!
Usman :
aja ngunu lik, ngerti apa ora marang seni, ora masalah sing baku wes
nganyang! Tegese sitik akeh ngregani seni lan senimane!
BABAK 2
Naliko
lik ganjur karo bojone ngeteri undangan awan bakdha dhuhur, pakdhe
jaenal teka sawise bage-binage banjur entek sing diomongake.
Pakdhe jaenal : aku mung ndeleng ruang tamumu man, dhek aku genduren kae,arep alok jek akeh uwong ora kepenak
Usmaan : enggih, lajeng kersanipun pakdhe?
Pakdhe jaenal : tekaku mung arep tskonnn, anakmu seng mbarep jik kuliah nang malang?
Usman : inggih pakdhe gek teng pundi maleh wong dereng lulus
Pakdhe jaenal : ehm, anu njur sing masang gambar-gambar iku kabeh yo kowe? Dudu anakmu?
Usman : nggeh kula, gek sinten maleh, pakdhe? Enten napa ta pakdhe?
Pakdhe jaenal : gambar lan wayang kuwi yo lakmu tuku kabeh?
Usman : mboten! Gek damel nduwiti napa? Niku gambar-gambar sing teng pigura angsal maringi kanca pelukis.
Pakdhe jaennal : wayang kresna? gunungan? Liyane kuwi?
Usman : nggeh angsal maringi kanca
Pakdhe jaenal : wayang kuwi yo lekmu ngukir dhewe?
Usman : alaaaaa... gek kula niki saged napa pakdhe?
Pakdhe jaenal : ya bek-beke!
Usman
: kanca kula niki kathah, sewu punjul siji jenenge bala sewu! Bab
wayang mawon kados wayang kresna niku lak maringi dalang nyoto, gunugan
niku seng ngukir dalang agus, dhalang tok kanca kula niku! Lek gelem
nanggap mawon kula niki gratis kathah sing nawai.
Pakdhe jaenal : ngaggepo aku man, gambar wayang kuwi ora medeni setan. Malah iso nekakne setan.
Usman :kula
niki ngajeni sing maringi pakdhe. Lek piyambake sewanci-wanci tindak
mriki, lajeng pirsa nek mboten dipajang, rak mboten sekeca. Nggih
mbenjing nek pakdhe mriki maleh tumbaske nggeh, kula pasange!
Pakdhe jaenal : yowis man aku tak bali dhisek
Usman : inggih pakdhe
BAB 3
Selikur dina candake usman ketekan tamu saka probolingga. Mitra lawas
Mas suhadi : ruang tamu kok kaya gedhong bioskop, akeh gamare!
Usman : tamu kok umih! Kenyih! Teka ora gowo jajan,malah maido!
BAB 4
Awan ngarepke sore, watara jam loro awan. Sugeng juragan roti sing lagi sukses, teka merdayoh.
Usman : parkiren nang latar kene ae, dhik,cukup kok!
Sugeng : wes kang kene ae!
Usman : iyo dhik
Jriet!
Lawang mobil wes ditutup. Tangane sugeng mung nyangking kunci
mobil! Usman misuh alon jebul sugeng cethil,mlirit kaya mbiyen.
Sugeng : kang kok duwe gambar wayang werkudara, aoman, karo sopo kuwi? Bethara bayu ya?
Usman : iya dhik, kancaku rawuh rene maringi gamar wayag. Ya tak pasang, sing migora iya aku dhik! eman-eman gambar apik kok.
Sugeg : wayang kulit sing nang tembok kulon kuwi yo lak menehi uwong ketoke?
Usman : kok ngerti?
Sugeng :
bener kang!kowe ngerti ra?perang baratayuda jaya binangun,antar
kurawa munngsuh pandawa,mokal yen bala kurawa menang,mesthi dadi
bebanten prasasat kaya babadan pacing!kurawa bakal tumpes kelor yen
nganti ngegkel mungsuh anak-anake pandhu kuwi la tinimbang mati dadi
bangke kathik ora mbejaji,kartamarma pilih endha.Tiggal glanggang colong
playu!golek slamet!hebat ora kang?
Usman : hebate yo hebat.Lha lungane si kartamarma kuwi tujuane mung golek slamet apa ana pawadan liya?
Sugeg :
golek slamet kang!kowe ngerti,aku duwe ijasah sarjana seni tibake ora
kena kanggo golek duwit akeh.Dadi CPNS panggah kodul.Ping pira aku
melu tes?ping enem kang!pirang puluh yuta sing tak cepake kanggo nyogok?
Usman : pirang juta?
Sugeng :dhuwitku ora sido tak enggo nyogok!kudu golek slamet.Banting setir mbukak usaha roti,kang!
Usman :apik
tenan kuwi,dhik.Nanging,sak ngertiku ngalihe kartamarna palangan
campuh baratayudha kuwi ora golek slamet tok,nanging ana pamrihe
kartamarma melik nggendhong lali,yen prabu Duryudana mati,radhane sing
ayu aran Baowati dipek bojo.
Cep-klakep sugeng ora
guneman.Sugeng ora ngira yen Usman bakal mungkasi rembugan kuwi tekan
kono.Usman wis rumangsa lega.Sak kabehe panyaruwe bab rerengga ning
ruwang tamune ora digubris.Omah-omahe dhewe nyangapa wong liya melu
ngatur rasa senine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar