Nama : M. Ryan Taufic R.
Kelas : XII – IPA 3
No. Absen : 23
LUKISAN KANG KEPARO
Dening : Bambang Tradjaja
BABAK 1
Pranotocoro : “Nyandhak adicara kaping kalih , atur pambagya saking
sahibul bait Dhumateng Ibu Kinanthi , wekdal kula sumanggaaken. “
Pranotocoro : “Para tamu ingkang dhahat kinurmatan , wonten
kalodhangan menika kula asung pambagya sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang
tanpa umpami dene kesdu ngestrani pasamuan menika . Dhumateng kulawarga Mas
Pratomo , kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene sampun kersa
rawuh. ”
BABAK 2
Pratomo :
“Aku ana ngendi? ”
Kinanthi : “Oh….. Sampeyan wis sadar , Mas? ”
Pratomo : “ Kowe sapa? ”
Kinanthi : “ Aku Kinanthi ”
Pratomo : “ Aku ana ngendi? ”
Pratomo : “ Oh , dadi aku mau ketabrak motormu? ”
Kinanthi : “ He-eh , maaf… aku ora sengaja . Lha lehmu mlaku
sajak kesusu ora noleh ngiwa nengen . Ujug-ujug kowe nyabrang dalan ngono wae ,
nganti aku ora kober ngerem. ”
Pratomo :
“ Banjur lukisanku ana ngendi? ”
Kinanthi : “ Ora perlu kuwatir , lukisan mu wis dak
singgahake . Apa sampeyan pelukis? ”
Pratomo :
“ Aku isih kuliyah ”
Kinanthi : “ Apa kuliyah ana ASRI ? ”
Pratomo :
“ He-eh ”
Kinanthi : “ oo….. mulane gawananmu kok lukisan. ”
BABAK
3
Kinanthi : “ Sibuk , Mas? ”
Pratomo :
“ He-eh ”
Kinanthi : “ Lagi nglukis apa ta ? ”
Pratomo
: “ Miturut panuwunmu aku lagi nglukis apa ?”
Kinanthi : “ Kok kaya arep nglukis mudha-mudhi jaman kuna ”
Pratomo
: “ He-eh bener . Pinter kowe . Aku niyat nglukis Rara Mendut karp Pranacitra ”
Kinanthi : “ Nanging kok praupane durung kok lukis ? ”
Pratomo :
“ Niyatku aku arep njaluk tulung sliramu ”
Kinanthi : “ Ah, Mas Prat ki ana-ana wae . Sampeyan rak
ngerti yen aku ora bisa nglukis ”
Pratomo :
“ Ora dakkon nglukis , nanging dadi modhele Rara Mendut . Mengko Pranacitra aku
sing dadi modhele ”
Kinanthi : “ Ora Mas , sampeyan kok nduwe krenteg nglukis Rara
Mendut-Pranacitra ki dhasare apa ? ”
Pratomo :
“ Terus terang aku terobsesi karo lakon katresnane wong loro kuwi ”
Kinanthi : “ Nanging rak . kekarone mati bareng merga trekahe
Tumenggung Wiraguna ? ”
Pratomo :
“ Senajan kekaroane mati , nanging tresnane tetep langgeng sabaya mukti sabaya
mati . Aku duwe pangajap lakon katresnane awake dhewe ki kaya Rara
Mendut-Pranacitra ”
Kinanthi : “ Ning yen Tumenggung wiraguna teka tenan piye ,
Mas? ”
Pratomo :
“ Ah ya sengsara ta , Dhik ”
BABAK
4
Pranatacara : “ Adicara salajengipun , atur
panglamar saking pihak kakung . Wekdal kula aturaken Bapak Supratomo ”
Pratomo : “ Matur nuwun dhumateng Ibu
Kinanthi ingkang sampun kersa nampi sowan kula sarombongan . Kula ugi matur
nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun ngrawuhi pasamuan menika saperlu
nyeksi penglamar kula . Mugi ndadosna kawuningan , kula sarombongan keraya-raya
sowan Ibu Kinanthi saperlu nglamar putranipun inggih pun gendhuk Fenti , kangge
anak kula Danang . Ketampi lan mbotenipun kula pasrahaken dhumateng Ibu
Kinanthi . Nuwun ”
Kinanthi : “ Maturnuwun dhumateng Mas
Pratomo ingkang sampun kersa paring kawigatosan dhateng anak kula . Nanging bab
atur wangsulan kula , kersa sabar sawetawis wekdal , amargi wonten bab-bab
ingkang badhe kula rembag kalihan Mas Prat . Dhumateng para tamu , manga kula
aturi pasugatan ingkang cumawis ”
BABAK 5
Kinanthi : “ Ayo lenggah njaba wae Mas ,
golek nggon isis ”
Kinanthi : “ Aku nyuwun ngapura ya Mas ,
ora bisa enggal wangsulan ”
Pratomo : “ Ora dadi ngapa . Wis
semestine wong tuwa mikirake dina tembene bocah . Danang mung buruh pabrik ,
ora bisa njanjeke apa-apa marang Fenti ”
Kinanthi : “ dudu kuwi masalahe , Mas .
Sampeyan ngerti dhewe , aku ora tau mentingke bandha donya . Sing wigati ,
anggere karone padha tresna lan gelem nampa apa anane , kuwi wis luwih saka
cukup ”
Pratomo : “ Danang tresna banget marang
Fenti ”
Kinanthi : “ Semono uga Fenti ”
Pratomo : “ Yen ngono kurang opo maneh?
”
Kinanthi : “ Ana bab sing kudu kok
mangerteni , Mas . Sejatine Fenti kuwi…. ”
Pratomo : “ Fenti kuwu apa , Dhik ? ”
Kinanthi : “ Fenti kuwi dudu anake
Tumenggung wiraguna ”
Pratomo : “ He?! Njur anake sapa ? ”
Kinanthi : “ Anakku karo Pranacitra ”
Pratomo : “ Kowe yakin? ”
Kinanthi : “ Yakin , awit Om Gun impoten
”
Pratomo : “ Gusti… nyuwun ngapura ”
BABAK 6
Kinanthi : “ Bapak kapulet utang
milyaran karo Om Gun . Yen nganti minggu iki bapak ora bisa nglunasi
utang-utange , Om Gun arep nggawa masalah iki menyang jalur hokum , kejaba yen
bapak ngulungke aku minangka gantine utang-utange ”
Pratomo : “ Banjur piye keputusanmu
Dhik ? ”
Kinanthi : “ Sing cetha bocah loro kuwi
ora bisa dirabekake ”
Pratomo : “ Resmine Danang pancen
anakku , Dhik . Nanging dudu getih dagingku ”
Kinanthi : “ Apa maksudmu Mas ? ”
Pratomo : “ Sapungkur biyen bapak rawuh
neng kos-kos an . Bapak ngendika menawa Pak Bunyamin , atasane bapak , nyuwun
tulung supaya aku gelem ningkah karo putrane sing mbarep Siswati , sing wis
ngadhut dhisik . Mengko yen wis lair aku kena megat dheweke . Wekasane aku sida
rabi karo Siswati . Sakawit aku niyat arep megat dheweke menawa bayine wis lair
. Nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresnaku marang dheweke ”
Kinanthi : “ Om Gun semono uga , Mas .
Senajan dheweke ngerti menawa Fenti kuwi dudu anake dhewe . Nanging gelem nompo
aku lan Fenti ”
Pratomo : “ Kapan garwamu seda , Dhik ?
”
Kinanthi : “ Wetara setahun kepungkur ”
Pratomo : “ Banjur saiki piye , apa
sliramu gelem nampa Danang dadi mantumu? ”
Kinanthi : “ Mas Prat menapa tega
misahke Fenti saking Danang ”
Pratomo : “ Aku sing nglamar , sliramu
sing nduweni hak ”
Fenti : “ Kados pundi , Bu ? ”
Kinanthi : “ Ibu ora wenang misahke kowe
saka Danang ”
Danang : “ Pak , kula aturi tindak
ngriki ”
Danang : “ Cobi dipunpirsani ,
lukisan menika mirip sanget kalih kalian panjenengan ”
>>>>
Rampung
v
Unsur Intrinsik
Ø
TEMA :
Dudu anak
kandung
Ø
ALUR :
Campuran
Ø
Setting
a) Wektu
·
Selawe
taun kepungkur
Bukti : “….. wanita sing
tau nyulam benang-benang asmara wetara selawe taun
·
Esuk
Bukti
: Esuk mau sampeyan ketabrak motorku
b) Papan
Panggonan
·
Ruwang
Tamu
Bukti
: Ruwang tamu iki wis kebak wong
·
Rumah
Sakit
Bukti : Nalika pungun-pungun jebul aku lagi
lumah-lumah ana kamar rumah sakit
·
Ngarep
Kamar Kos
Bukti : Sawijining dina nalika aku lagi ketungkul nglukis
ngarep kamar kos
·
Taman
Omah
Bukti : Kinanthi lungguh ana bangku taman ngisor wit pelem
·
Kos-kos
an
Bukti : Kinanthi teko menyang kos –kos an
·
Ngarep
Lawang (Omahe Fenti)
Bukti : Nalika sakloran tekan ngarep lawing
·
Ruwang
Kulawarga
Bukti : Dumadakan , Danang celuk-celuk saka ruwang kulawarga
c) Kahanan
·
Grogi
/ ndredheg
Bukti : Aku dheg-dheg an mergo ora kulina sesorah ana
sangarepe wong akeh
·
Kuwatir
Bukti : ora perlu kuwatir , lukisanmu wis dak singgahake
·
Bingung
Bukti : wose wadul yen dipekso bapake supaya rabi karo
relasi bisnis
Ø Paraga
Lan Watak
·
Pratomo
: Apik lan bakti karo wong tuwa
Bukti : Bapak ngendika menawa Pak Bunyamin , atasane bapak ,
nyuwun tulung supaya aku glelm nignkah karo Siswati
·
Kinanthi
: jujur lan ora egois
Bukti : - Fenti kuwi dudu anake Tumenggung Wiraguna
-
Ibu , ora wenang misahake kowe saka Danang
·
Om
Gun : tulus
Bukti : Senajan dheweke ngerti menawa Fenti kuwi dudu anake
dhewe , nanging gelem nampa aku kanthi tulus
·
Fenti
: nurut karo wong tua
Bukti : kados pundi bu
·
Danang
: ora setia
Bukti : awit wiwit SMK dheweke pancen kerep gonta ganti
pacar
·
Siswati
: sholehah
Bukti : Siswati kuwi bocah apik , bekti karo bojo , atine
kebak rasa welas asih
Ø Sudut
pandang : wong utama
paraga utama
Ø Piwulang :
kita kudu jujur ben ora salah paham utawa kena masalah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar