Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Hani Febrianti

Nama : Hani Febriyanti (13) 
Ķelas : XII IPA 3          

AKU NJALUK PITULUNGAN
Drama saking
Cerkak : Aku Njaluk Pitulungan
Dening : Trie Hendrayana MP

Unsur Intrinsik
Tema : Pitulungan
Alur : Maju
Setting :
a        Wektu : Bengi, isuk, awan.
           Papan Panggonan :
1.    Ruangan
2.    Dalan kuta Cirebon
3.    Hotel
4.    Omahe Mas Victor
5.    Mbahrawa
6.    Donya pangimpen
c)    Suasana : serem, kuwatir/tegang, kaget, sumringah.
Sudut Pandang : Wong I
Tokoh :
1.    Mas Tri
2.    Widyarini
3.    Aris Bagaskoro
4.    Hartopo
5.    Marjuki
6.    Mas Victor
7.    Sudarmaji

Babak I
Hartopo       : “Apa ngenani karir apa ngenani cewek.”
(Aris Bagaskoro isih durung bisa semaur)
Marjuki        : “kira-kira perasaan cemburu ayake mau.”
Hartopo       : “Cemburu?”
Marjuki        : “Iya sopo ngerti ana priya sing ngesir widyarini terus serik sampeyan bisa nggandheng cewek kuwi.”
Aris B          : “Mbok menawa ya ngono..”
Hartopo       : “Yen pancen persoalane ngono, opo sampeyan duwe dudutan sapa kira-kira sing pantes disujanani.”
Aris B          : “Wah aku ora bisa ndakwa sapa-sapa pak.”
Marjuki        : “Ora ndakwa, ancer-ancer wae sapa sing kira-kira duwe potensi tumindak ngono, bab niti lan orane mengko kuwi urusane polisi.”
Aris tetep meneng wae, ngunjal ambegan lan lungguhe semedhe, sajake dhadane rada longgar, ujuk-ujuk Mas Tri keprungu suwara sing alus
Widyarini    : “Aja lunga dhisik pak wektu iki uga dheweke kudu ngakoni tumindake.”
Aris B          : “Sampetan ojo sulapan lho pak?”( Aris kerasa ana sing njawil nanging ditoleh ora katon opo-opo)
Hartopo       : “Sing sulapan ki ya sapa? Aku iki pulisi dudu tukang sulap.”
Aris B          : “Lha sing njawil aku iki sopo?”
Widyarini    : “Sing njawil aku mas.”( suwaeane radak serak)
Aris B          : “Rr..rrr..rinnnn..niiiiii”(Aris bener-bener kaget)
Widyarini    : “Bener mas aku rinimu,nyambangi sampeyan.”
Aris B          : “Dudu... dudu.. kowe wis mati... wes matii.”
Widyarini    : “Pancen aku wis mati Mas. Mula aku mrene arep ngajak sampeyan.”
Aris B          : “Emohhh.. emohhh. Aku isih pengeb urip. Aku emoh melu kowe. Lungaa lungaa.”
Widyarini    : “Yen aku sampeyan kongkon lungo, ya kudu karo sampeyan. Sampeyan rak biyen janji arep sehidup semati. Mula saiki aku nagih.. aku mati rak mergo sampeyan. Kudune sampeyan melu aku.”
Aris B          : “Emohhh emohhhh.” (pambengoke karo nutupi raine nganngo tangan lorone)
Widyarini    : “Ora bisa mas. Sampeyan kudu melu aku.” (Widyarini soyo cedhak kaya arep ngranggeh)
Hartopo       : “Mas Tri....”(panyawange ngemu rasa kuwatir)
Mas Tri        : “Rini,aja ya ndukk..aja mbok terusake kekarepanmu kuwi ya.. yen nganti mbok terusake ngglandhang bocah lanang kuwi menyang alammu kuwi ateges kowe bakal nyilakake aku sakanca-kancaku iki. Kemangka tembungmu wingi kae rak mok njaluk tulung supaya bocah iki entuk paukuman sing murwat tumindake.”
Widyarini    : “Nanging pak..”
Mas Tri        : “Ora usah nganggo tembung nanging maneh. Yen kowe arep nekad nerusake niat kuwi. Aja nyalahne aku yen bakal tumindak. Aku bakal mbatalake pitulungan sing wis dak sanggupi. Bocah lqnang iki bakal bebas, malah kowe bakal dak usir saka papan kene, lan sak teruse rohmu bakal klambrangan ngrasakake pasiksan nganti tumeka dina kiyamat mbesuk.”
Widyarini    : “Ya aku manut sampeyan, sauger lanang laknat iki entuk paukuman sing abot.”
Mas Tri        : “Piye Mas Aris, sampeyan ngakoni sing merjaya Widyarini kuwi sampeyan?” (Pitakone Mas Aris nanging deweke isih meneng wae)
Marjuki        : “Digawa nyang kantor wae ndan, diterusake ditakoni neng kono.”
Hartopo       : “Ngono yo apik. Saiki undangen rewange mau lan kondhiwa yen juragane digawa menyang kantor pulisi merga perkara rajapati.”
Marjuki        : “Siap ndann...”
Widyarini    : “Pesenku siji wae pak yen nganti lanang laknat iki ora ngakoni keluputane utawa ukumane ora sepirowa, aja nyalahake aku yen bakal tak oncit-oncit ngantiya tekan leng semut utawa dighedongana waja paribasane, bakal tetep dak uber.”

Babak II
Ora let suwe katanane Hartopo wis nggleser maneh ing aspalan kutha Cirebon, nasak sepine wengi nanging saiki penumpange imbuh siji, Aris Bagaskoro dhewekke katon lemes, nglimpruk kaya gombal teles
Mas Tri        : “aku mudun hotel wae Har.. ngantuk.”
Hartopo       : “ora melu nyang kantor?”
Mas Tri        : “ora ah. Proses sak banjure rak wis sakwutuhe dadi urusan pihak kapulisen. Suk mben wae yen wis rampung tulung aku dikabari, dadi aku ngerti akhire.”
Hartopo       : “Beres! Mesti dak kabari, sampeyan rak ora terus kondur Mbahrawa ta?”
Mas Tri        : “ ya durung, rancanganku aku isih arep nginep neng omahe Mas Victor rong bengi apa telung bengi ngono.”

Babak III
Mlebu bleng neng kamar hotel Mas Tri cepet-cepet salin penganggo, terus nggalangsar neng dhipan. Nanging lagi wae arep ngiyep, wewujudane Widyarini wis jumedhul maneh. Mas Tri bener-bener kaget, ujuk-ujuk Widyarini wis lungguh ing pinggir dhipan.
Mas Tri        : “ Ediann.” (celathune karo kaget)
Widyarini    : “Sampeyan kaget pak.”
Mas Tri        : “Mesthi wae kowe kok isih melu bali mrene? Ora pengin ngerteni proses sak banjure?”
Widyarini    : “Yen aku melu nunggoni, aku samar yen ora bisa nahan niyatku kaya dhek mau kae. Bisa-bisa kantor pulisi dadi geger,sampeyan rak ora neng kana sing bisa menggak niyatku bakal ngrampungi lanang laknat kae.”
Mas Tri        : “ Kok ngunu?”
Widyarini    : “Ya embuh ya. Rasane yen karo sampeyan ki aku kok ora wani mbantah. Kudu manut miturut.”
Mas Tri        : “ Ya wis yen ngono, saiki kari ngenteni kawusanane prastawa iki, kowe ora perlu tumindhak opo-opo maneh”
Widyarini    : “Ya pak. Nanging ana panyuwunku siji maneh, yakuwi tulung kula wargaku ing Magetan dikabari. Alamate sing komplit bisa di deleng ing arsip pegawe ing kantorku.”
Mas Tri        : “Ya kuwi gampang. Wis saiki kowe baliya ing alammu, aku arep turu”
Widyarini    : “Aku matursuwun banget awit pambiyantu sampeyan pak, aku ora bisa males apa-apa, muga wae Gusti Allah paring nugraha marang sampeyan. Sugeng dalu, sugeng sare.” (banjur widyarini ndhingkluk lan ngesun pipine Mas Tri)

Babak IV
Esuke Mas Tri Check-out saka hotel, terus numpak becak menyang omahe Mas Victor
Mas Victor : “Beneran kowe wis tekan kene Tri. Lagi wae arep tak parani. Wis kemput opo durung olehmu ngubengi Cirebon.”
Mas Tri        : “Lumayan, senadyan mung liwat-liwat thok. Nanging anu lho mas, ongkos hotel kok dak bayar ora gelem ngapa ta?”
Mas Victor : “Perkara kuwi ora usah digagas. Bose hotel kuwi kancaku dhewe. Wis kana saiki tasmu diseleh kamar kana terus sarapan dhisik kowe rak durung sarapan ta iki mau?”
Mas Tri        : “Durung.”
Mas Victor : “Pras.. iki om Tri dijak sarapan kana”
Pras              : “Nggeh pak”

Awane Hartopo nilpun, crita yen kasus wingi kae wis beres
Mas Tri        : “Beres piye?”
Hartapa        : “ Aris Bagaskoro ngakoni kabeh tumindake kabeh dicritakake kanthi gamblang penyusunan BAP uga wis rampung, dheweke wis tandhatangan”
Mas Tri        : “Dadi mau kae terus mbok lembur.”
Hartopo       : “Iya mas nganti jam telu. Lha iki sampeyan isih neng hotel apa neng ngendhi”
Mas Tri        : “Aku check-out mau esuk, saiki neng omahe Mas Victor. O.. iya Har, iki ana welingan saka Widyarini.”
Hartopo       : “Apa maneh?? Sampeyan ketoke kok terus raket karo dheweke to Mas? Eling alam karo awake dhewe aja nganti kepencut”
Mas Tri        : “Aku ngerti, ra sah mbok kandhani. Sing urip wae turah-turah . Nganu dheweke wekas yen kaluwargane kon ngandhani. Alamate bisa digoleki neng kantore, bageyan arsip pegawe.”
Hartopo       : “Oke”
Mas Victor : “Sing dirembug iki apa ta? Kok ngrembug nab ayu barang, kowe kecantol cewek Cirebon kene ya?”
Mas Tri        : “Ora mas”
Aku banjur nyritakake apa wae sing dak alami saksuwene aku neng Cirebon, wiwitan nganti pungkasan.

Babak V
Seminggu wis mungkur aku wis bali neng Mbahrawa. Wektu kuwi isih esuk, udakara jam wolu aku ketekanan wong loro setengah tuwo. Lanang wedok, ngenalake jenenge Sudarmaji saka Magelang. Bapak lan ibune jenate Widyarini.
Sudarmaji    : “Kula sakaluwarga matursuwun sanget dhumateng nak Tri ingkang sampun madhangaken prastawa ingkang tumandhuk dateng anak kula Widyarini.”
Mas Tri        : “Sejatosipun ingkang kasil mbikak kasus menika sanes kula Pak,nanging kapulisen ing Cirebon mrika, kula namung sak dermi ngusulaken.”
Sudarmaji    : “Nanging tanpa campurtangan panjenengan prastawa menika rak taksih peteng tumprap kapulsen.”
Mas Tri        : “Sedaya menika rak saking pitedah saha ijinipun Gusti Allah. Kita menika namung jejer titah, namung saged tumindak urut rancanganipun Allah.”
Sudarmaji    : “Panci leres ngaten.”
Mas Tri        : “Lajeng menapa wonten rancangan badhe mindhahaken kuburanipun Widyarini dhateng Magetan menapa tetep wonten Cirebon mawon?”
Sudarmaji    : “Ancas kula menjang ngleresi satus dintenipun badhe kula pindah dhateng magetan, kersanipun caket kaliyan kaluwarga.”

Babak VI
Bengine ing donya pangimpen, Mas Tri ketemu maneh karo Widyarini. Dheweke katon luwih ayu.
Mas Tri        : “Nyangopo awakmu nang kene ndhuk?”
Widyarini    : “Aku arep matursuwun awit pambiyantu sampeyan wong lanang laknat kae uwis entuk ukuman. Saiki aku uwis tenang Mas, saiki wis wektune aku kudu mbalik menyang alamku, aku pamit mas.”
Aku ora bisa piye-piye mong bisa nyawang. Wusanane dheweke mundur, mundur, saya adoh saya adoh. Lan pungkasan ilang blas mlebu ing panggonan sing padhang mblerengi.

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar