Naskah Drama Bahasa Jawa:
"NAMBANG"
Dening: JMV Sunarjo
Nama : Devi Kurniawati
Kelas : XII IPA 3
No. Absen: 07
Babak
1
Tekan nambangan lore pasar jam
wolu bengi, Wage numpak becak sing ditumpaki saka terminal. Wage banjur mlebu
dhepot bakso pojokan pasar. Kejaba ngeyub merga udan rimis-rimis lan rasa luwe
sing ora kena disemayani.
Wage :"Bakso setunggal Pak
Lik."
Slamet :"Di bungkus napa di maem
mriki?"
Wage :"Di maem mriki mawon Pak
Lik."
Slamet :"Oh nggeh Mas. Sampean
pinarak riyin sinambi ngenteni pesenane dadi."
Wage :"Nggeh Pak Lik."
Sinambi ngenteni pesenan bakso Wage njumput gedhang goreng siji,
diemplok ngilangi kemecer ing tutuke. Ora suwi, bakule bakso enggal nyuguhake
pesenane.
Slamet :"Niki Mas, baksone!"
Wage :"Nggeh, Pak Lik."
Slamet :"Unjukane napa, Mas?"
takone bakul bakso mau karo nyuguhake bakso neng ngarepe Wage.
Wage :"Kopi." wangsulane Wage
sinambi ngranggeh botol kecap lan caos.
Slamet :"Kopine gelas napa
cingkir, Mas? pitakone bakule bakso maneh.
Wage :"Gelas mawon kalih kangge
ngilangi ngantuk."
Slamet :"Oh nggeh Mas.
Sakejab" pamit bakul bakso.
Bakso durung entek kopine wis metu.
Slamet :"Niki Mas unjukane."
sinambi nyuguhake kopi menyang mejo.
Wage :"Nggeh Pak Lik."
Slamet :"Napa wonten pesenan malih
Mas?"
Wage :"Boten. Sampun sedoyo
niki."
Slamet :"Ya wis lak ngunu. Tak
bali ngedoli pesenan liyane." pamit bakul baksone.
Wage :"Nggeh Pak Lik."
Sinambi nikmati wedang kopi ngiras-ngirus ngenteni mlorode weteng lan
terange udan. Dirasa banyune udan sing ceblok mung kari siji loro, Wage buli
mbayar regane panganan sing wis dipangan buli pamit bakule bakso.
Wage :"Regine bakso, kopi kalih
gedhang goreng setunggal pinten Pak Lik?"
Slamet :"Regine wolung ewu Mas,
sedaya."
Wage :"Niki yatrane Pak Lik. Kula
bade pamit menyisan."
Slamet :"Nggeh Mas. Ati-ati."
Metu saka dhepot Wage ngathongake tangane mendhuwur mesthekake udane
wis terang temenan apa durung, terus bablas menyang nambangan lore pasar.
Babak
2
Nambangan prahu pinggire Be ngawan Solo lore pasar sing nggubungake
desa lor kono karo kutho iki uga dadi dalan alternatif. Tekan pos penjagaan
nambangan Wage nyetitekake wong-wong sing podo lungguh ing kono. Wage eling Pak
No sing biyen isih dadi petugas jaga pos.
Wage :"Pak No mboten bagi Pak
Lik?" pitakone Wage marang salah sijining pawongan sing lagi padha lungguh
ing pos penjagaan mau.
Petugas Pos :"Pak No? Halah Dhik,
wonge wis suwe ora jaga. Wis tuwa saiki kontrake digentekne aku."
wangsulane pawongan mau.
Wage :"Ngoten ta Pak Lik."
Petugas Pos :"Arep bambang ta,
Dhik?" pitakon pawongan marang Wage.
Wage :"Nggeh Pak Lik."
wangsulane Wage sinambi nyawang mengalor. Ing pinggir bengawan sisih lor ana
perahu ngenteni penumpang sing arep nyebrang.
Petugas Pos :"Omahe ngendi, kok
aku ora tau weruh?"
Wage :"Dhusun ler niku. Mpun
limang taunan kula mboten wangsul Lik, buruh teng sanes pulo, Kalimantan."
wangsulane Wage nerangake.
Petugas Pos :"Wo, lha layak aku
ora tau weruh. Sabar. Enteni sedhelok, lha kae praune wis wiwit nya
brang." kandanane petugas mau karo nudingi prau sing wis wiwit nyabrang.
Wage :"Nggeh Pak Lik."
Petugas Pos :"Kepriye kerjo nang
pulo liyo? Luwih penak apa luwih gak penak?"
Wage :"Sami mawon Pak Lik kerjaan
ting mriko kalih ting mriki. Menyang mriko nyambut damele soro Pak Lik."
Petugas Pos :"Dadi buruh apa ta
Dhik, nang kono?"
Wage :"Buruh pertambangan batu
bara Pak Lik."
Petugas Pos :"Wah, jelas soro wi
kerjone Dhik."
Wage :"Nggeh Pak Lik. Kulo niki
nggeh pun boten baleni maleh kerjo ting mriku."
Petugas Pos :"Iya Dhik, golek
kerjoan nang kene wae ora usah adoh-adoh."
Wage :"Nggeh, Pak Lik."
Ora watara suwe prau mepet neng pinggir. Penumpang sing wis wiwit mau
ngenteni tekane prau lan wis mbayar ongkos tambangan nuli padha munggah prau
klebu Wage.
Babak
3
Alon-alon prau wiwit nengah. Wengi iku sing nambang ora pati ana sing
guneman. Ning merga suwasana peteng, raine penumpang prau mung katon
remeng-remeng. Malika ana thathit sagebyaran uga Wage nglirik sawijining Kenya
sing lungguh ing sandhinge.
Wage :"Aku kok tau kenal, sapa
ya?"
Yati :"Yati Mas, tangga RT.
Sampeyan Mas Wage, ta?" wangsulane grapyak.
Wage :"O, iya eling aku. Bareng
sapa?" Wage takon maneh.
Yati :"Ijen. Peneran entuk kanca,
mengko kancani mlaku, ya? Wong sajalur!"
Wage :"Ya. Dakkancani mlaku."
wangsulane Wage mantep.
Yati :"Iya, Mas."
Wage :"Awakmu mari tekan endi ta
Yat, uwes bengi kok nambang Ijen?
Yati :"Aku mari bali tekan kutha
Mas?
Wage :"Ana urusan apa menyang
kutha?"
Yati :"Ora ana urusan penting,
Mas. Pingin dolan menyang kutha ae."
Wage :"Owalah, Yat. Dolan nang
kutha kok yo wayah bengi."
Yati :"Isone metu gur wayah bengi,
Mas." wangsulane Yati.
Saklebetan Wage weruh yen penumpang liyane padha ngguyu. Kepara ana
sing cluluk.
"Gendheng wiwit mau guneman
dhewe."
Babak
4
Udakara seprapat jaman prau wis minggir, penumpang age-age padha
mudhun dha mencar menyang tujuwane dhewe-dhewe. Kaya janji sakawit Makan Yati,
Wage uga ngancani mlaku bareng.
Wage :"Piye kabare padha
becik?" pitakon Wage.
Yati :"Alhamdulillah becik, Mas.
Mas Wage dhewe piye kabare, suwe ya Mas Wage ora bali?"
Wage :"Alhamdulillah becik uga.
Nanging ya ngene iki tambah ireng wong saben ndina panas-panas bot-bote golek
butuhkan dadi buruh kasar. Arep bali pendhak taun sangune ora cukup, kudu
nyelengi dhisik."
Yati :"Ya, ora apa-apa sing
penting waras." wangsulane Yati maneh.
Wage :"Omong-omong anakmu wis
piro, Ti?"
Yati :"Heh! Anak apa, wong rabi
wae durung. Durung payu, Mas!"
Wage :"Mosok? Yen ngono sesuk aku
dakdolan neng omahmu ya. Entuk?"
Yati :"Lha mangga. Nanggung omahku
saiki wis pindhah lho!" Yati nerangake.
Wage :"Wis pindhah. Neng endi?"
Yati :"Saiki aku neng omah kono
kuwi." wangsule Yati karo nudingi sawijining omah cilik cekli sapinggiring
dalan.
Wage :"Dadi cekak-cukupe iki mau
wis tekan ngarep omahmu sing anyar, ta?"
Yati :"Iya, Mas. Ancen idek omahe.
Iki omahku sing anyar."
Wage :"Tapi kok sepimen omahmu,
Yat! Opo ora ana wong nang omahmu?"
Yati :"Aku saiki urip dewe Mas,
nang kene. Ora ana sapa-sapa."
Wage :"Yat iki wis bengi. Dakmuleh
saiki, wis di enteni wong omah."
Yati :Iya. Sesuk dolan mrene tenan lho,
Mas. Dakenteni!" welinge Yati manti-manti marang Wage sakdurunge Wage
mbacutake laku.
Wage :"Iyo Yat. Aku muleh
saiki."
Yati :"Iya Mas, ati-ati neng
dalan."
Babak
5
Langkahe Wage di gelak daya-daya tekan omah. Ati kang bungah merah
arep kepethuk wong tuwa, sedulur lan tangga teparo. Luwih saka iku merga
dheweke lagi bae ketemu Kenya sing sajake pengarep-arep sesambungan sing luwih
raket. Durung nganti mlebu omah wis dipethuk dening wong tuwane kekaro, sedulur
sedulur lan tangga teparone.
Bapake Wage :"Yen maca smsmu jare
nambang, dakpethuk dakenteni nganti rong rambalan kok ora ana. Kowe mau liwat
ngendi, nganti meh tengah wengi kok lagi tekan omah?"
Wage :"Ya nambang kaya biyen ke,
Pak. Saka nambangan mlaku karo ngancani Yati."
Simbol :"Yati?... Yati tangga RT
kae? Astagfirullah Le, Wage. Yati mono wis tukar cinta setaun kepungkur!"
wangsulane simbol sinambi beban dhadhane.
Wage :"Mosok ta, Mbok. Wong dhek
mau nambang bareng. Malah aku kon ngancani diajak mlaku bareng, aku ya diduduhi
omahe sing anyar barang. Yen Simbok ora ngandel sesuk daktuduhi omahe sing
anyar. Wong sesuk aku dikon dolan mana!" wangsulane Wage ora ngandel
keterangane Simboke.
Simbok :"Eling Le. Yati mono wis
tilar cinta setaun kepungkur merga dikhianati calon bojone. Critane ngene,
calon bojone kuwi wis ambruk turu neng omahe Yati pirang-pirang sasi. Nanging
mbuh apa jalarane, Yati ditinggal. Rumangsa kegirangan terus ngendhat neng wit
kemuning kuburan kana. Mula Le, dadi wong lanang iku aja gampang ngumbar janji
marang kenya. Yen kaya Yati ngono kuwi...?"
Wage :"Dadi kenya sing dakkancani
mau sopo, Mbok?"
Simbok :"Yo paling rohe Yati,
Le." wangsule Simbok.
Wage :" Walah, Mbok. Keneng apa
done Yati metuki aku?" pitakon Wage.
Simbok :"Yo ora eruh, Le."
Wage :"Kok yo segitune Yati,
ditinggal calon bojone malah ngendhat."
Simbok :"Ya piye maneh, Le. Wong
wadon iku mesti kepikiran lak ditinggal adoh ora ana kabar karo wong
lanang."
Bapake Wage :"Dadi olehmu tekan
omah nganti bengi ngene iki merah kowe kesasar mubeng desa liwat kuburan kana
kae?" Bapake Wage munggel guneman Simboke Wage.
Wage :"Enggeh Pak."
wangsulane Wage.
Sawetara iku wengine sangsaya nglangut, senadyan awak lungkrah kesel
banget nanging Wage durung bisa turu. Atine giris uga merga lebar bambang
bebarengan karo kenya sing wis tilar donya.
Wage :"Layak mau digeguyu wong
saprau dikira aku iki wong gendheng merga guneman dhewe. Hiii!" atine bumi
ungkep-ungkep krukupan sarung.
RAMPUNG...
UNSUR
INTRINSIK CERKAK:
CRITA ROMANSA "NAMBANG"
1. TEMA: Nambang karo kenya sing wis
tilar donya.
2. ALUR: Maju.
3. LATAR: a.) Tempat: Dhepot bakul bakso, Pos Penjagaan, Prau, Dalan
lan Omah.
b.) Suwasana: Udan rimis-rimis lan sepi.
c.) Wektu: Bengi.
4. TOKOH: Wage, Yati, Slamet, Petugas
Pos, Simbok, Bapake Wage.
5.
PENOKOHAN:
Ø Wage: Sopan, apikan lan gak percoyoan
Ø Yati: Grapyak
Ø Slamet: Apikan
Ø Petugas Pos:
Sumeh, Apikan
Ø Simbok: Welas asih
Ø Bapake Wage:
Welas asih
6.
SUDUT PANDANG: Orang Ketiga Serba Tahu
7.
PIWULANG: Dadi uwong iku aja gampang ngumbar janji marang kenya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar