Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Gindhis 'Aiyin R.

                          DRAMA SAKING CERKAK ”LARANE PARLAN”
Dening: Sumono Sandy Asmoro

Nama: Ghindhis ‘Aiyin Rozzahra
Kelas: XII-IPA 3
Absen: 11

Ø ADEGAN 1
Nalika Parlan nyambut gawe ing daleme Pak Lurah, yaiku diwenehi penggaweyan ngethoki pring ing mburi omahe Pak Lurah sing arep digawe kandhang pitik. Satemene gaweyane iku entheng, nanging sing nggawe Parlan mangkel, nalika gaweyane dheweke mesti ora ana penere kanggone Pak Lurah.

Pak Parlan:”Lan Parlan pring iki yen ngethoki rada dawa wae ya.”
Parlan:”Inggeh Pak Lurah.” (Sambung Parlan banjur dheweke ngethok pring).
Pak Lurah:”Lan iki kayane pring sing dak kethok kedawan!”
Parlan:”Inggeh Pak, kula cendhakake malih.” (Parlan nerusake ngethok pring).
Pak Lurah:”Lho, iki tansaya kecendhaken Lan, jane kowe iso ngethok pring sing pener apa ora ta!.”
Parlan:”Sepuntene nggih Pak Lurah, mangke kula benerake malih.”
Pak Lurah:”Ya wis sak karepmu wae!” (Suarane Pak Lurah kanthi kethus).
“Ee  ana Inem ta, gawa mrene ndhuk kopi lan jajanane.” (Pak Lurah weruh Inem sing nggawa kopi lan jajanan mlaku tumuju wong kerja).
Inem:”Inggih Pak Dhe.” “Mangga Mas, kopine ndhang di nginum.”(Ujare Inem jroning Parlan).

Atine Parlan rumangsa uisin banget, lan raine rumangsa dibeset nalika Inem pembantune Pak Lurah mara ing kono. Amarga Parlan mari dipaido karo Pak Lurah. Pancen Parlan mambu ati menyang Inem, nanging dialang-alangi Pak Lurah sebab Inem isih mambu dulur. Yen bisa arep digolekake jodho karo wong sing nyambut gawene mapan. Ora mung srabutan kaya Parlan iku.

Ø ADEGAN 2
Nalika muleh nyambut gawe saka daleme Pak Lurah, Parlan lara ndhadak lan ngglethak menyang kamar. Ora ana tangga­-teparone kang ngretakake. Amarga kaluwargane Parlan uga wong mlarat.

Mbok Suti:”Duh kepriye iki awake anakku Parlan tambah saya monggah, apa tak gawekake kunir apu dhisik wae, ya mung iki tambane jalaran ora kuwat tuku obat nyang apotik. Ora nduwe dhuwit kanggo nyang dokter.” (Mbok Suti nggreneng dhewe amarga rumangsa kuwatir jroning Parlan).
Pak Banjar:”Assalamu’alaikum.” (Pak Banjar uga mulih).
Mbok Suti:”Wa’alaikumsalam wr.wb. Ee Bapak, Pak kepriye iki Parlan awake panas kaya disoki wawa.” (Kanthi melas ngingeti Parlan sing ngglethak ing kasur).
Pak Banjar:”Iyo Mbok, nanging kepriye maneh arep digawa menyang rumah sakit ya ora ana duwit. Eh iki Bapak nggawa degan ijo. Jarene nduweni kasiyat kanggo nyuda lara panas.”
Mbok Suti:”Le Parlan anakku, iki bapak nggawa degan ijo ndang diombe banyune degan ijo kuwi, banjur dengan sing isih kemlamut dak sendhoki ya kareben panasmu suda.”
Parlan:”Nggih matur suwun Pak, Mbok.”
Mbok Suti:”Satemene mbok iku ya nggumun marang tangga iku, yen ana sing lara wong sugih njur kinurmat wae wong sak deso grudugan ngertakake. Kayata nalika Pak Brojo blantik sapi, uga Sari putrane Pak Carik lara ing rumah sakit, nganti waras digawa mulih wong sak desa padha teka-lunga ngertakake.Bareng saiki Parlan sing lara durung ana tangga sing mara.”
Pak Bnjar:”Walah. Sing sabar wae mbok,pancen awake dhewe iki wong cilik, sawangen omahe awake dhewe iki trima aling-aling gedheg.Nanging senadyan kaya ngono kita kudu tansah syukur marang Gusti Maha Kuasa.”
Mbok Suti:”Le, wingi iku nggonmu nyambut gawe ana ngendhi ta Le?” (Mbok Suti nlesih).
Parlan:”Ana mburi daleme Pak Lurah, Mbok. Ngethoki pring sor greng cedhak kali.”( Sambung Parlan lirih).
Pak Banjar:”Biyuh kana kae angker lho Le, kowe ora uluk salam sadurunge nyambut gawe?” (Pak Banjar nyambung rembug).
Parlan:”Uwis, Pak. Laraku iki amung lara lumrah, larane wong kesel kakean gawe. Ora marga diganggu makhluk alus.” (Parlan nyobo nentremake atine
wong tuwane. Satemene Parlan ngrasakakelarane kuwi ora liya sebabe kebanteran pikiran amarga lara ati mari dipaido Pak Lurah)

Ø ADEGAN 3
Bubar mahgrib ana sawetara tangga ngretakake larane Parlan. Senadyan ora grudugan wong akeh kaya yen sing lara wong sugih. Atine Parlan rumangsa wis marem.

Mbok Suti:”Kok repot-repot njenengan iku ta Bu?” (Aloke Mbok Suti bareng weruh Bu Narti garwane Pak RT nyelehake jajanan ing mburi).
Bu Narti:”Ora repot kok Yu, mung roti karo jeruk kanggo Parlan.
Pikirane Parlan sajak antuk panglipur ngrungokake anggone wong-wong padha ngobrol ngalor-ngidul. Udakara jam songo bengi wong-wong padha bali, omahe Parlan malih sepi.
Mbok Suti:”Pengin mangan apa, Le? Mau dening Bu RT digawakake roti lan jeruk.” (Kandhane Mbok Surti karo nyedhaki Parlan sing glethak ing ngarep, mungkur nemoni tamu).
Parlan:”Aku ora kepengin mangan roti utawa jeruk kok Mbok.”
Mbok Suti:”Lha kowe pengin apa? Wiwit degan ijo anggone golekke Bapakmu mau.”
Parlan:”Aku kok kepengin mangan gule, kira-kira lak mangan gule sing anget-anget terus sambele krasa pedhes ngono laraku bisa waras.”
Mbok Suti:”Satemene tuku gule kuwi sepuluh ewu ngono bae dibungkus digawa mulih wis oleh, segane gawe dhewe, ning sing aran ora nduwe dhuwit kuwi ya ora nduwe tenan. Arep golek utangan mesthi bae ora ana wong sing percaya. Wong mlarat golek utangan kuwatir yen nganti ora kuwat nyaur.” (Grenengane Mbok Suti susah).
Pak Banjar:”Kabare sesuk bengi Pak Parto arep kekohan. Biyasane yen kekohan kuwi mangane gule. Sesuk yen diundang, bageanku tak gawane mulih ya Le, terus tak wenehake kowe, ben laramu bisa waras.”( Pak Banjar kandha nganti manteb).
Parlan:”Inggih, Pak” (Sambunge Parlan kalem).
Mbok Suti:”Wong urip kuwi yen dadi lakon kok kebangeten temen. Anak lanang kepengin gule bae ora kuwat nukokake, ndadak ngenteni diundang tangga sing kekohan.”
Wektu dhenge kekohan anggone Pak Parto.
Pak Banjar:”Mbok, iki kepriye sajake tekan dina dhenge Pak Parto kekohan, sing diundang watese pos kampling mengetan sing wondene tangga daleme pos kampling mengulon ora diundang. Amarga daleme Pak Parto amung cilik mung dipilih tonggo cedhak wae sing diundang.” (Pak Banjar sajak keranta-ranta jroning ati, getun anggone menehi pangarep-arep menyang Parlan wingi kae, jebul pus ora kaleksanan mangan gule).
Mbok Suti:”Wis ayo Le, Pak, mangan sak anane bae. Ora perlu njagakake berkat saka omahe tangga sing nduwe gawe. Apa sing diduweni ing wektu iku uga mujudake kanugrahan saka Gusti Allah sing perlu disyukuri. Senadyan durung keturutan mangan gule lan mung dijamoni nganggo kunir apu nyatane larane Parlan bisa suda.

Ø ADEGAN 4
Rumangsa rada sehat awake, jroning bathin Parlan kepengin nyambut gawe maneh, kareben nduwe dhuwit supaya bisa tuku gule. Arep bali menyang daleme Pak Lurah maneh atine isih mandheg mangu. Kuwatir yen diundhamana meneh.

Bu Rina:”Mas Parlan, mbok aku nyuwun tulung”. (Ana swaragumontang celuk-celuk ing ngarep lawang omah. Jebul swarane Bu Rina tonggo anyar).
Parlan:”Wonten menapa Bu?” (Sambunge Parlan sumanak).
Bu Rina:”Aku njaluk tulung Mas, daktinggal telung dina jebul gentheng omahku akeh sing mlorot kira-kira kena angin gedhe wingi kae. Kamangka saiki langite mendhung sajak arep udan. Tulung ya Mas, genthengku kae benakna.”
Parlan:”Oo  nggih Bu.” (Parlan uga nututi menyang daleme Bu Rina,  Parlan banjur nyendhekake andha ing tembok lan uga mbenakake gentheng pitu sing pecah lan diganti kabeh).
Bu Rina:”Matur suwun Mas, iki sampeyan dhahar dhisik, nanging sepurane jangane mblendrang durung kober masak anyar. Wingi ana omahe wong tuwaku, sedulurku padha mlumpuk banjur digawekake gule. Isih turah akeh iki Mas dakgawa terus tak panasi iki mau.”
Parlan:”Oo nggih, matur suwun banget Bu.”
Bu Rina:’Mas sadurunge bali iki ana jajanan sampeyan bekta mawon, ing ngriki mboten wonten sing dhahar. Niki kaliyan yatra amarga gawe ganti kula mboten nyambangi sampeyan nalika lara, sebab wektu iku mbak yu kula uga pas lara.’
Parlan:”Yatrane mboten usah Bu.” (Parlan nyoba nolak).
Bu Rina:”Wis ta lah Mas sampeyan tampa, kena nggo tuku apa ta apa mengko.”
Parlan:”Ah tonggo anyar sing jarene wong-wong angkuh kuwi jebul apik. Saiki laraku wis ilang plas, awit wis keturutan anggonku mangan gule, senadyan wis mblendrang nanging ora nyuda rasa.” (Parlan nggreneng dhewe jroning bathin).


Tidak ada komentar:

Posting Komentar