NAMA : SEKAR NOVITASARI
KELAS :XII-IPA 3
NO.ABSEN :33
DRAMA SAKING
CERKAK “KEPANCAL”
DENING : SURYADI.W.S
“cerkak versi editan”
Babak 1
Setting :
·
Papan
Panggonan : dalan
·
Wektu : isuk
·
Kahanane : wedi lan bingun
Ing salah sawijine desa,
anacah lanang seng jenenge kocir deweke seneng banget bayangne Sri Rahayu
sampek-sampek mlaku ing dalan karo bayangne lan mikerne Sri rahayu.
Kocir :
“ dhik Rahayu iku jan istimewa tenan, apese yo mung pirang perkoro sing njalari
deweke istimewa. Ayune keblat papat,
disawang saka ngarep ayu,disawang saka mburi yo ayu, disawang saka iringan
tengen ya tetep ayu, disawang saka iringan kiwa ya tetep ayu. Mbudaya, yen
pinuju njoget,oh,sapa sing weruh mesthi ndomlong panyawangane, satemah si
maling wurung mbobol jendela, si copet wurung nyeler dhompet, si rampog sakala
mgguwang clurite,mergo ketungkul nonton jogete. Aja maneh manungsa dhemit lan gendrueo
ora sido medeni bocah, thuyul – thuyul ora sida nyolongi dhuwit, mergo
ketungkul nonton jogete”
Dlalah Rahayu lewat
banjur Kocir mlaku ana mburine, deweke rumongso yen wong wong lanang anggone
tanggung jawab banjur kocir mlaku ana mburine.
Rahayu :
“ aja mlaku ana buriku”
Kocir
meneng ae ora wani nyauri banjur deweke mlaku ana ngarepe.
Rahayu :
“ lan aja mlaku ana ngarepku”
Kocir :
“ dhik ana mburi salah, ana ngarep salah, aku kudi piye” (karo nembang)
Rahayu :
“ sliramu ja malku ana ing mburiku amergo durung mesthi sarujuk karo jangkahku,
lan uga aja malaku ana ing ngarepku amergo durung mesti aku gelem ngetutne
sliramu, ananging ayo mlaku bebarengan ana ing sisihku, supaya bisa
bareng-bareng ndeleng kahanan, ing sakiwa tengen kita” (karo nembang)
Kocir :
“suaramu aoik temenan dhek, nanging maksute piye dhek, aku gak patek
paham”
Rahayu :
“sampean goleki dhewe ae mas,anggepen iku ujian teko aku”
Kocir :
“enggeh dhek bakal tak garap ujiane sampean kuwi”
Rahayu :
“oh... iya wes mas aku tak dhisek.”
Kocir :
“iya dhek ati-ati ya”
Rahayu :
“iyo mas”
Babak 2
Setting :
·
Papan
Panggonan : omahe mas guru Dwija
·
Wektu : awan
·
Kahanane : nyantai
Sak
banjure Rahayu pamit,Kocir takon nang gone mas masguru Dwija
Kocir :
“mas guru Dwija maksut e saka tembung iki. Sliramu ajamalku ana ing mburiku
amerho durung mesti sarujuk karo jangkahku lan uga aja mlaku ana ing ngarepku
amergo durung mesthi aku gelem ngetutne sliramu ananging aya malku bebarengan
ana ingbsisihku supaya bisa breng-bareng ndeleng kahanan ing sakiwa tengen
kita.”
Guru Dwija : “iku mengku surasa filosofi bebrayan, maksute antarane kakung lan
pamestri lan wenang-wenangan hake padha, drajate padha,mung tugase beda anut
bakat lan kodrate mula kudu bebarengan tumandang ngadhepi urip iki kanthi silih
asih,silih asah, silih among, silih njangkepi, silih menehi lan nampani sarta
silih rumeksa”
Kocir
arepe jawab nanging kocir ora wani amergo iku sing nerangake guru, banjur kocir
mbatin.
Kocir :
“duh gusti rumangsaku mas guru dwija iku jebul bodho,buktine tembung dhek
Rahayu sing gampang iku bareng diterangake mas guru rumangsaku dadi angel, nek
pemahamanku dhik Rahayu iku mung kepingen jejer. Malaku ya jejer. Lungguh ya
jejer turu ya jejer.” (mbaten)
Guru Dwija : “cir... kocir kok meneng ae”
Kocir : (gur mringis)
Gru Dwija : “wespaham opo urung cir”
Kocir :
“insaallah sampun mas guru”
Guru Dwija : “alhamdulillah”
Kocir :
“wasukurillah bersyukur karo gusti Allah” (nembang)
Guru Dwija : “heh...heh kok di terusne opo arepe tanggapan kowe kok nyanyi”
Kocir :
“(guyu) kan ngeten niki kajeng e boten spaneng kajeng e stelkendo ojo stel
kenceng”
Guru dwija : “woh bocah jaluk tak sunat maneh kowe”
Kocir :
“spuntene mas guru kulo sampun disunat”
(wong loro padha guyu bareng)
Kocir ;
“sepedha motorku iku ora relevan mengko yen lunga wong loro numpak sepedha
montor dheweke lak njur lungguh ana mburiku utowo dheweke seng nyetir aku lak
yo ana mburine berarti ora mlaku jejer. Mula nandyan lagi mentas sing ngreyen sepedha motorku
dakedol, rugi sithik ora papa, iku dhemi tresnaku marang dhik Rahayu, spedha
motorku dadi mobil” (mbatin)
Babak 3
Setting :
·
Papan
Panggonan : omahku
·
Wektu : sore
·
Kahanane : seneng
Kocir
muleh nang omahe banjur nyuwun tambah dhuwit arep kanggo tuku mobil
Ibu :
“ tuku mobil iki arep nggo ngankut apa?” (kaget)
Kocir :
“arep dakenggo plesir karo calon bojoku,bu”
Ibu :
“sokor nek kowe wes nduwe calon bojo (ngguyu, sajak seneng karo maringi duwit
akeh), jane opo ora luwih seneng boncengan sepeda ta le?”
Kocir :
“ngene lho, bu, calon bojoku ki ora seneng yen lungguh ono guriku utowo aku ono
gurine, karepe ki mrono mrene kudu jejer, bareng-bareng marang kahanan, mulo
kudu numpak mobil, aku sing nyetir njur dewek’e lungguh ing jejerku. Ngunu lho,
bu.”
Ibu :
“o-o-o kok elok tenan calonmu kuwi. Lah ngendi, jenenge sopo, kok elok temen?”
Kocir :
“rahasia, bu. Sok nak wes nduwe mobil dak ajake dolan rene.”
Ibu : “oh, iyo cah bagus. Ajaken rene aku ben
weruh, rak ayu to?”
Kocir :
“ayune keblat papat loh, bu.”
Ibu :
“ keblat papat? Kaya ngapa kuwi ayune kok keblat papat?”
Kocir :
“uwes sok ibu rak ngerti dhewe.”
Ibu :
“alhamdulillah, anakku lanang wes arep wani rabi.”
Kocir :
“inggih ibuku sing tak sayang, sing ayu banget.”
Ibu :
“gombal amoh kae sing ayu, wes ndang tuku mobil, ngko ndang belajar nyetir
mobil ben ndang intuk SIM.”
Kocir :
“inggih ibu aku wes nduwe angen-angen, mengko sawise dak ajak numpak mubeng
mrono, arep dak ajak leren ono restoran. Banjur aku nglairake sedyaning atiku,
pengen urip bebrayan karo dewek’e.”
Ibu :
“opo iyo bocahe mesti gelem le?”
Kocir :
“mesti dewek’e gelem sebab wes dak turuti karepe, yen lungo mrono mrono tansah
jejer ora ngarep guri. Mung aku isih bingung, mengko olehku arep ngomong kepiye
ya, bu?”
Ibu :
“wah nak kuwi ibu ora ngerti, wes ibu arepe nutukne gaweyan manneh, ndang
dipikirne yo le, semoga sukses le.”
Kocir :
“inggih.... ibu.”
Ibu :
“iyo le.” (banjur ibu ninggalne kocir)
Kocir :
“o-oh dhik rahayu-ku.... oh, aku cinta.... oh,oh.... wah, piye ya kok angel.
Durung-durung kok atiku dheg-dhegan, opo kongkon wong liyo wae kon nekakake
niatku marang dewek’e, nanging yen dewek’e malah muring lan muni, “Rembungan
katresnan kok kongkon wong? Kok ora gelem omong dhewe? Opo lambene kaku, ilate
mengkeret, ora biso omong dhewe?” ngunu opoora kewirangan awakku, gandheng
dheweke mbudaya, mengko arep dak semoni wae nganggo parikan. Mesti bisa
nyandhak karepku. Njur aku kari ngegongi.”
Babak 4
Setting :
·
Papan
Panggonan : omahe dhik Rahayu
·
Wektu : isuk - isuk
·
Kahanane : dheg –dhegan, kaget lan sedi
Esuk-esuk Kocir wis macak
mlithi. Mobil wes di stater,dipanasi mesine sauntara, Kocir wes siap nanging
sabanjure teko omahe dhik Rahayu. Rahayu katon gita –gita mrepegi
Rahayu :
“aduh, mas kocir mipik mobil anyar.” (aloke grapyak karo ngumbar esem sumringah)
Kocir :
“ora anyar kok, dhik. Iki mung mobil lungsuran.”
Rahayu :
“lungsuran ning isih apik banget. Lha sepedah motore kae yo isih, mas?”
Kocir :
“wes didol, dhik, jere kowe seneng mlaku jejer. Numpak mobil rak bisa jejer.”
Rahayu :
“yo bener (guyu), lha kok esuk-esuk wes mrene, ono opo mas kocir?”
Kocir :
“wah iki dhik rahayu wes aweh dalan. Ora usah mengko ning restoran, saiki wae
langsung aku ngomong rencanaku wingi, nganggo parikan. (mbatin)
Anu, dhik.... jendhela kaca dicet ijo.”
Rahayu :
“apa kuwi, mas?” (ora mudheng)
Kocir :
“maune konco dadi bojo.”
Rahayu :
“eh-eh-eh, cocog banget, mas,” (ngguyu renyah)
Kocir :
“suwe ora jamu, jamu pisan godhong meniran,dhik. Suwe ora ketemu, ketemu pisan
nyebar undhangan.”
Rahayu :
“eh-eh-eh, cocog banget mas.”
Kocir :
“aku pengin kowe bahagia, dhik.”
Rahayu :
“aduh, maturnuwun mas kocir. Nek ngono mesthi gelem mbantu aku ta, mas?”
Kocir :
“mesthi, dhik. Mesthi gelem.”
Rahayu
mlebu omah sedhela, bali metu nggawa amplop surat undhangan.
Rahayu :
“mas, iki aku njaluk tulung tenan wenehna undhangan iki marang kancane dhewe
sak klas ing es-dhe biyen. Mbak martini biyen kae lho, saiki manggon ing
cawas.”
Kocir :
“undhangan apa ta, dhik?”
Rahayu :
“pahargyan ningkahku karo mas guru dwija, suk minggu ngarep.”
Kocir :
“mak prepet, sakal jagadku peteng kaya lagi grahan total. Kaya-kaya pegat ruhku
surat undhangan dak tampani lan daya-daya aku pamit ninggal papan kono,”
(mbatin).
Dhuh-dhuh adhuh aku
sedhih aku bingung
Tinilar wong ayu kuning
Kang wasis akarya wuyung
Urip pisan tiba ngomplong
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar