NAMA : DEVI
SULISTYONINGTYAS
KELAS : XII – IPA 3
NO. ABSEN :
08
Cerkak “Munggah Pangkat”
Dening : Irul S Budianto
Babak 1
Setting
-
Papan
panggonan : Kantor TU (sekolahan)
-
Wektu
: Esuk
-
Kahanane
: Kaget
Dak jagang
sepedha motorku neng parkiran.Aku mlebu kantor,antri absebn sedela banjur
gage-gage mlebu ruang tata usaha,papan kerjaku saiki.Aku reda mlengak,wes jam
setengah pitu ngene konco kantor seng teka lagi siji.Tas dak seleh banjur aku
nyedaki prenahe komputer dak uripi
Hartono : “Awakmu wes krungu kabar
durung yen Sugeng mau bengi mlebu RS meneh ?”
Kepala TU : “Hah?! Aku blas ora krungu
kabar yen Sugeng mlebu RS.,(Aku penasaran jane Sugeng kuwi lara apa ya,wingi
sore ijek apik-apik wae nalika mulih kerja).Sugeng lara apa maneh to Har ?”
Hartono : “Yen kuwi aku ora ngerti bos”
Kepala TU : “Lha kowe ngerti teko sopo
yen Sugeng mlebu RS ?”
Hartono : “Bojone Sugeng mau bengi
telpun aku lan mung kanda yen Sugeng mlebu RS.”
Kepala TU : “Apa bojone ora crito
ngenani kahanane Sugeng kok nganti digawa menyang RS ?”
Hartono : “Dheweke ora crito
apa-apa,kejaba mung kanda yen Sugeng kudu digawa menyang RS.”
Babak 2
Setting
-
Papan
panggonan : Omahe Sugeng
-
Wektu
: Esuk
-
Kahanan
: Trenyuh
Batinku melu
ngrasakne susah bareng krungu Sugeng,kanca sing tugase neng bageyan kebersihan
kuwi saiki kudu mlebu RS maneh.Pancen wis sawetara wektu iki kahanane Sugeng
cukup mrihatinake,prag-preg asring lara mlebu metu RS.Atiku kegugah pengin
ngerteni apa sak tenane penyakite,dina minggu jam wolu esuk aku menyang omahe.
Kepala TU : “Sakjane Sugeng kuwi lara
apa to yu ?”
Bojone Sugeng : “Larane mas Sugeng kuwi
komplikasi : diabetes,jantung,lan penyakit liane.”
(Aku ora marem krungu jawaban teka
bojone Sugeng,akhire aku takon dewe menyang Sugeng)
Kepala TU : “Jan-jane apa ta sing mbok
rasakake saiki ?”
Sugeng : “Sing dakrasakake ya ngene iki
mas.Jenenge wae lagi oleh ganjaran.”
Kepala TU : (Krungu tembung sing mentas
diucapkake kuwi njalari atiku dadi trenyuh). “Sing dak karepake jan-jane apa
penyakit sing mbok rasakake saiki ?”
Sugeng : “Yen manut kandane dokter jare
diabetes ngono,karo jantungku rada ora beres.Wis mas aja takon bab kuwi,marai
miris aku.”
Kepala TU : “Sing sabar yo Geng,Allah
maringi penyakit mesti ana obate.”
Sugeng : “Enggeh mas,matur suwon.” (Aku
banjur ora mbacutake pitakonku)
Babak 3
Setting
-
Papan
panggonan : Kantor TU (sekolahan)
-
Wektu
: Esuk
-
Kahanan
: Nelangsa
Aku kelingan nalika jaman
semono nalika aku lan Sugeng padha-padha ditugasake ning bageyan kebersihan
mung bedane aku dadi koordinator kebersihan lan dheweke kejibah tanggung jawab
kebersihan gedhung kantor.
Kepala TU : “Gedhungmu kok rupane kaya aku iki piye to
Geng ?” (Aku mesti takon ngono angger nyipati gaweane Sugeng dakrasa kurang
beres)
Sugeng : “Tenang
bos,rampung-rampung.Tenang wae lho bos.”
Kepala TU : “Aja mung tenang lan
rampung-rampung wae.Sing penting gaweane beres !” (Angger aku wis ngomong kaya
ngono,Sugeng sing sak bendinane yen ngundang aku kanthi sebutan bos biyasane
banjur meneng ora kumecap maneh).
(Critane dadi rada beda nalika
sawijining dina aku lan kanca liyane,klebu Sugeng diangkat dadi Calon Pegawai
Negeri Sipil (CPNS).Awit sawise ana pengangkatan CPNS mau,nyambut gaweku ora
amor maneh karo Sugeng neng bageyan kebersihan.Aku dipindah menyang bageyan
Tata Usaha,dhene tugase Sugeng isih kaya sekawit)
Sugeng : “Aku munggah pangkat utawa ora
gumantung sampeyan lho bos.”
Kepala TU : “Kok iso gumantung aku lho
Geng ?”
Sugeng : “TU-ne rak sampeyan to bos.”
Kepala TU : “Iyo-iyo Geng.” (Aku mung
guyu kemekelen dewe sauger Sugeng omong lan ngeyel ora uwis-uwis,piye maneh
wong watak lan lageyane kaya ngono ing saben dinane)
Babak 4
Setting
-
Papan
panggonan : Kantor pusat Semarang,Gerbwng tol Muktiharjo
-
Wektu
: Esuk
-
Kahanan
: Lega,Sedih
Jam
setengah enem esuk aku wes mlebu kantor,nyepakake lan noto berkas seng kudu dak
gowo menyang kantor pusat Semarang dina iki uga.Kira-kira rong jam urusanku
neng kantor pusat uwes rampung.Beres,ora ana masalah,ora kaya padatan,angger
urusanku wis rampung biyasane aku isih jagongan karo kanca-kanca kantor pusat
utawa leren-leren disek ning kantin,nanging dina iki ora.Rasane mung pingen
selak bali wae menyang Solo.
Kepala TU :
“Kun atiku kok krasa ora kepenak iki ana apa ya?”
Kuncoro :
“Lha enten napa to,pak ?”
Kepala TU :
“Embuh aku ra ngerti,seng cetha atiku dumadakan krasa ora kepenak”
Kuncoro :
“Ingkang pirsa rak panjenengan piyambak to,pak”
Kepala TU :
“Lha kuwi sing aku ora ngerti,apa atiku dina iki kok dumakakan krasa ora
kepenak ngene” (Kuncoro ora semaur maneh.Dheweke meneng,konsentrasi anggone
nyopir,ora krasa lakune mobil wis ucul saka kutha Salatiga.Nengah-nengahi aku
milang-miling golek warung kanggo ngisi weteng,dumadakak hpku muni,ketoke ana
sms mlebu.Hp ning sak clana dak jupuk,banjur dak bukak : (Sugeng meninggal,lagi
wae.Dimakamke dina iki uga jam papat sore).Sms saka Hartono kuwi tak jingglengi
nganti ora kedep,aku semu ora percaya nampo kabar yen Sugeng saiki wis ora
ana,ndisiki sowan ing ngarsane Gusti Allah). “Kun,ora usah mampir warung makan
ya Sugeng ora ana lan dikubur dina iki uga,ayo rada banter sitik ben ana wektu
longgar kanggo layat,wong ngubure iseh jam papat sore.”
Kuncoro :
“Inalillahi wainalillahi roji’un”
Babak 5
Setting
-
Papan
panggonan : Kantor TU (Sekolahan)
-
Wektu
: Sore
-
Kahanan : Nelangsa
Karo nyendhekake sirah,
angenku bali cumanthel menyang wektu rong dina kepungkur. Nalika aku ketemu lan
crita akh-akeh karo Sugeng ing wayah sore.
Sugeng : “Bos, aku arep munggah
pangkat,” (kandhane alon nanging keprungu mantep ditujokake aku)
Kepala TU : “Ngawur wae kowe, Geng”
Sugeng : “Tenang bos, aku arep munggah
pangkat.” (Aku banjur ngguyu kemekel dhewe, aku awit ngerti yen urusan munggah
panggat Sugeng minangka pegawe isih lumayan suwe, isih watara rong taun maneh)
Kepala TU : “Ngarang kok teteg men kowe
kuwi.” (Kandaku sabanjure)
Sugeng : “Diaturi kok ra percoyo.”
Kepala TU : “Sing arep percaya piye,
wong sing ngurusi pegawean ning kantor iki aku.”
Sugeng : “Wis ta, buktekna wae. Sedhela
maneh aku arep munggap pangkat.”
Epilog
Gragap !Aku kaget nalika
ngerti-ngerti mobil sibg dak tumpangi wes mandeg plataran kantorku. Dak lirik
jam tanganku, nuduhake jam loro seprapat. Tembunge Sugeng sing arep munggah
pangkat kaya- kaya bali kekrungu maneh ing kupingku. Ora ngertio tembung kuwi
mujudake ngalamat mligi yen dheweke bener – bener arep munggah pangkat lan
sowan ing ngarsane Gusti Allah. Aku ora ngiro yen tembung munggah munggah
pangkat sing sadurunge mung dak anggep guyonan dadi tembung pamitane Sugeng
ninggalake aku lan kanca- kanca kanggo saklawase.
>>>>>
Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar