Kelas : XII-IPA
3
No. Absen : 04
Drama saking cerkak “Durung Tiba titi wancine”
Dening : Rinda Asy Syifa
Babak 1
Iva :
“Mbak Mar, ayo cepetan!”
Maryam :
“Mbak Mar tak nata iqra’ riyin nggih. Nek kesusu Iva mantuk riyin mawon”
Iva :
“Tenan mbak?”
Maryam :
“Iyo dhik, mantuk o disik ora apa-apa”
Iva :
“Nggih mbak, aku mantuk e bareng Dika karo Ratri ya mbak!”
Maryam :
“Iyo dhik, ati-ati nek mantuk”
Iva :
“ Nggih mbak Mar”
Maryam : “ Oiyo dhik, mengko nek ibu nggoleki
mbak sik nang masjid ya nata iqra’ e bocah-bocah!”
Iva : “Nggih mbak, Assalamu’alaikum”
Maryam : “Wa’alaikumsalam”
Babak 2
Lakuku
tumuju pit ana latar kang dikebaki suket jalaran wis suwe ora dianakake kerja
bakti.
Nalikane aku arep nggenjot pitku, kedadak ana swara ngundang jenengku.
Gunarto : “Dhik Mar,”
“Dhik Mar, apa lali marang janjimu?”
Maryam
: “ Mas Gun?”
Gunarto
: “ Apa lali marang janjimu wingi? Di SMS ora mbales, ditelpon ora diangkat”
Maryam
: “ lho, mas kok ngertos menawi kula teng ngriki?”
Gunarto
: “ Mergane saka jroning ati sajero-jerone nyasmitake yen kowe lagi ngulanng
ngji.”
Maryam
: “ Ora usah nggombali aku”
Gunarto
: “ Aku mau wis saka omahmu,ketemu ibumu. Ora kaya ndhek sewulan kepungkur aku
ora panggih ibumu”
Maryam
: “ Apa mas ? nang omahku? Ketemu ibuku?(batin maryam)
Babak
3
Sasuwene
mlaku pit ku dienggokne mas gun ana ngarepe cangkruk sing kamangka omahku ora
sawetane cangkruk keletan kalen cilik lan akhire
Gunarto
: Mreneno dik, aku arep kandha
Maryam
: “ Iva kak mboten ten ngriki nggih mas? (Aku nyaba nyuara)
Gunarto
: “ O,dhik Iva mau ancen dolanan ning kene, weruh aku banjur mlayu bali. Sajake
Iva kesenengnen tak gawakne oleh –oleh gulali.
Maryam
: “ Ibu wau ngendhika napa mas?”
Gunarto
: (Gedheg - gedheg) Ora ngendhika apa – apa mung matur nuwun oleh
–olehe,terus....”
Maryam : (Motong omongane) ”Terus napa? “
Gunarto : “ iya terus,aku takon kowe neng endi?,
Njur aku pamit goleki kowe neng masjid”
Maryam : “ Oalah mung ngono mawon to mas?”
Gunarto : “Iya ta dek, lha arep piye maneh?”
Maryam : “Ora piye – piye kok mas”
Gunarto : “Dik Maryam, sejatine ning njero atimu ana
aku opo ora?”(lembut suarane)”Kandhakna
sing satemene,apa sing kok rasake. Yen kanggoku nggawa gela, aku ora
bakal nesu,yen kanggoku gawe lega aku ya ora bakal kesusu”
Maryam : (Aku tetep ndingkluk mripatku brambangi.
Mbuh saka ngendi critane,aku isa – isane nangis ana ngarepe mas Gun) “ Mas...
nyuwun pangapunten, “(Kandhaku sinambi ngelungke amplop marang Mas gun) “ Kula
pun Siap menawi njenengan badhe duka, estu kula mboten saget ngestokake kerjane
njenengan”(suaraku alon,lirih ngulapi eluh kang netes ana pipiku)
Gunarto : “ Aku ora nyangka yen wiji tresna sing tak
uwur-uwurake,tak siram,tak jaga sabendina suwene telung tahun iki bakal pungkas
ngene iki. Aku wis sabar nunggu,nyimpen sakabehane,merga aku ngerteni yen kowe
ora kaya kenya-kenya liya. Aku ora nempuh dalan pacaran merga kuwi wujud
tresnaku dek. Apa iki kekarepanmu dek?”(Mas Gun ngundhari isi ati kang ditalemi
sesuwene telung tahun)
Maryam : “ Kula pancen mpun ngancik wayah
palakram,kepara kanca-kanca malah pun kagungan momongan. Nanging kados pundi
maleh mas,Gusti Allah ngersake margi sanes kangge kula lan njenengan.” “Ibu
nepangake kula kalih Mas Wawan,sedhereke Bu Warsih tangga ler dhaleme simbah
ing salatiga.”Bu warsih niku kanca celak Ibu kula wiwit alit. Kula mboten saget
nentang kersanipun Ibu.”
Gunarto : “ya wis dik Mar, nek iku gae kowe
bahagia.Aku ikhlas menawa aku kelingan kowe.”
Maryam : “ Estu kula ugi gadhah menapa ingkang
njenengan....”(ukaraku ora tak tutuke nalika keprungu swarane Iva bengok
-bengok)
Iva : “ Mbak Mar! Digoleki Ibu”(Mbengok saka lurung
banjur lunga maneh karo kanca-kancane dolan)
Babak 4
Gege aku menyat nuntun pit. Mas Gun melu nututi aku,
polate bingung kaya dene polatanku. Ana apa karo Ibu.
Maryam : “ Assalamu’alaikum, Enten napa bu?”
(Langsung lungguh sisih ing Ibu ing ruang tengah)
Ibu : “ Gunarto ndi? Undangen rene!”
Maryam : (Bingung lan khawatir) “ wonten napa ta
bu?”
Ibu : “ wes gek ndang.... kon mlebu! (Ora srento
sajake)
Maryam : (Mlaku tumuju teras)” Mas ken mlebet”
(Mlebu Omah maneh)
Ibu : “ Ngene Mar,Ibu are crita.Nalikane Ibu sowan
simbah mau, Ibu ketemu karo buleke Wawan. Kebeneran ketemu Ibu nyuwun biodatane
priya kang arep dikenalke karo kowe, dadi sesok piyambake ora usah merlake
mrene” (Ibu mendhek anggone crita,banjur mbukak lampiran kertas cilik ana
dhuwur meja)” Iki Wacanen “(ngewenehake lampiran)
Maryam : (Kertas cilik mau tak waca mripatku banjur
mbrambangi)
Ibu : “ Iki fotone “
Maryam : (kaget lan bingung ) “ Mas Gunarto Setiawan,Mas Wawan! (Isih bingung)
Ibu : “ Wis tak restuni, nduk. Muga Gusti Allah
paringi dalan kang lancar.Jebul wawan sing dikarepke Bu Warsih kuwi ya Gunarto
iki. Mau nalika Gun iku teka omah, Ibu wis ngeti kabeh. Wawan kuwi Udang -
udangane nalika isih cilik,Wawan pindah omah melu wong tuwane nang Bantul,mula
Bu Warsih arang ketemu.Bu Warsih uga durung taren marang Wawan perkara
jejodhohan iki.Merga manut critane Bu Warsih, Wawan iki bocahe ora gampang
kepincut.”
Maryam : “ Mas Gun ya Mas Wawan? (Bungah banget)
Gunarto : (Arep ngruket Maryam,nanging maryam malah
ngruket Ibune)
Ibu : “ Durung tiniba titi wancini ngger!”
Babak 5
Adzan Wes Kumandang
Ibu : “Ayoh pada sholat,wes magrib kae ngger”
Maryam : “ Inggih Bu, Bapak nggih sampun Adzan!”
Gunarto : “ Inggih Bu, Iva kalih kancane nggih
sampun bidhal teng masjid.”
Maryam : (Dongaku muga yen wis tiniba titi wancine
Mas Gun uga bakal kaya Bapak ing ngarep kae)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar