Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Retno Vikyaningsih

Nama : Retno vickyaningsih
Kelas           : XII IPA 3
No.absen     : 30

Begal Kesrekal
Dening : Ki Subadi



Babak 1
          Wengi iki gundhul lan kawak cangkruk ana pos pinggir desa. Kekarone gawe rantaman golek kurban anyar.

Gundhul       : “Wak kira-kira wngi iki awake dhewe entok mangsa opo ora yo wak”
Kawak         : “Wes rasah mbok pikir, mangsa sak pirang-pirang masak siji wae ora enek seng kecekel yo kebangeten. Optimis wae ndhul!”
Gundhul       : “Yo, yen aku tansah optimis. Nanging bang mandhor akhir-akhir iki sregep patroli”
Kawak         : “Wes optimis wae, ora usah wedi sing penting kudu ati-ati lan waspada. Kudu rencanakno ojo grusa-grusu lan kesusu, eling piwulange wong pinter kae”
Gundhul       : “Intine ngene to maksudmu wak ? Eling awake dhewe iki begal handal. Kudu tetep waspada yen ana pulisi?hahaha”
Kawak         : “La kuwi utekmu nyantol karo opo sing tak omongne, jane we pantes dadi caleg, ngono kok wingenane emoh ndhaptar caleg”
Gundhul       : “Caleg karo begal asline ora enek bedhane, caleg kae maine alus, awake dhewe kasar, asline malah luweh kejam caleg amargo ngrampok duwet wong akeh lak awake dhewe Cuma wong siji, loro korbane sedino, kuwi yo nak pas enek Mngsa nak ora enek yo ora entok opo-opo, la caleg ? iso entok soko suap terus iso laporan duwek seng dibutuhne tapi kenyatak ane duwet sing cair nang rakyat e ora kabeh”
Kawak         : “Heeh. Bener omonganmu ndhul jik mending awake dhewe tiwas wong duwuran sing ngrungekno rakyate,hahaha”
 
Babak 2
Tumuju dalan pangapesan, banjur teko gundul menek wit trembesi lan kawak siyaga nyekeli tampar.sakbanjure kuwi montor mangsa digowo blayu.

Gundhul       : “Wak, kawak, enek mangsa nang ngarep kono. Siyap-siyap lho yo ojo sampek taline kendor eman-eman nak lolos!”
Kawak         : “Ki wes tak cekeli rapet ben ra kendor kolorane ndhul”
Kawak         : “Eh maksudku tali ne :D”
Gundhul       : “Mangsa wes teko ngarep, kae lampune wis ketok cedek”
Kawak         : “Siap bos”
         
Sakbanjure kuwi montor mangsa digowo mblayu.

Kawak         : “Ayo dang mudun korbane wes ngletak kecucuran darah kae”
Gundhul       : “Wah apik no koyok air mancur,sek sek tak mudun”
Kawak         : “iyo dang cepet, selak enek sing eroh”
Gundhul       : “iyo iyo kilo wes mudun”
Kawak         : “Ayo dang cepet montore dang diangkat,dang ayo ngaleh  selak kecekel pak ladusing”
Gundhul       : “La montore saiki parane nang ngendi?”
Kawak         : “Ayo dang dijunjung montore”
         
Babak 3
          Byar padhang, gundhul mulih menyang omahe. Teko dhog jinem bojone gundhul bukakno lawang.

Jinem : “Pakne, lha amandaru ana ngendi motore kok mbok gowo mulih,terus monore kenek opo iki kok sajak e mari digawe tibo? amandaru opo mari tibo terus bocahe saiki menyang ngendi pak ?”
Gundhul       “Hah? Dadi iki mau...Ya Allah”
Jinem : “Piye pakne? Ono opo kok bingung dewe,terus saiki amandaru lho ono ngendi dang omong aku ket sewengi ora bisa turu!”
Gundhul       : “Mboh mboh wes mumet sirahku”

Babak 4
          Pulisi lan perawat gumrudug mara nang omahe jinem.pulisi kaget jalaran motore amandaru ditemokake ana omah.

Pulisi           : “Menapa leres menika dalemipun amandaru?”
Jinem : “Inggih pak.kula biyungipun amandaru. Wonten napa nggih pak kalih putra kulo amandaru ?”
Pulisi           : “Ngaturi pirsa bilih dalu menika wau amandaru dipanggihaken gumlethak wonten pinggir dalan. Ketinggalane nembe dibegal mergo wonten tali sing damel amandaru cilaka”
Jinem : “Anakku, ngger! Anakku amandaru kepriye saiki kowe ngger?”
Pulisi           : “Sak niki amandaru dhateng rumah sakit bu”
Jinem : “Ayo pak cepet ayo marani amandaru!”

          Jinem,pulisi lan gundhul teko menyang rumah sakit.

Jinem : “Amandaru kowe kenapa anakku,kok iso koyok ngene ngger kowe cepet ninggalake ibuk lan bapak”
Pulisi           : “Niki ulahe bapak e kiyambak”
Jinem           : “Opo bener pak,julayak kok montore amandaru sampyan gowo mau isuk
Gundhul       : “Iyo pancen iki salahku buk,sepurane buk iki goro goro aku golek rezeki ora halal maleh iki walesanne saka sing kuasa.”


Unsur intrinsik
1.    Tema            : Begal Kesrekel (durjana)
2.    Tokoh           : ~ Warsono gundhul  (apikan)
~ Kawak (lucu,kendhel)
~ Amandaru (pinter,sregep)
~ Polisi (teges,apikan)
~ Perawat (apikan)
3.    Alur             : Alur maju
4.    Latar : ~ Cangkruk tuwo (tenang)
  ~ Dalan pengapesan (tegang,mistis,seneng)
  ~ Latar omah (tegang,susah)
  ~ Rumah sakit (susah)
5.    Sudut pandang       :  wong ketelu
6.    Piwulang                          : golek rezeki kuwi sing apik (halal) amargo sing rezeki entok tako barang elek bakale kewales elek.

Unsur ektrinsik      : ngandhut unsur sosial

Tidak ada komentar:

Posting Komentar