Judul : TANGGA ANYAR
Penulis : AJI DEWANTO
Nama : LINDA OKTAVIANA
Kelas : XII IPA 3
No. Absen : 19
No. Absen : 19
Babak 1
Ing sawijining dina omah suwung sing ana ing ngarep kost-ku katone bakal
ana sing ngisi. Dak sawang teka omah ana motor pick up ngusungi perabotan omah.
Aji : sapa ya sing bakal ngisi omah suwung iku ? (karo lungguh ana
teras kost-ku. Sak banjure adit teka)
Adit : ji.. (sambi nepuk pundak e aji )
Aji : ehh dit,kowe iki ngageti wae. Untung wae jantungku ora cepot.
Adit : hehehe ngapurane ji. Lah kowe iki ya ngapa ko ngelamun ? mikir
skripsi yaa. Hahaha duga ae muga cepet
rampung (samba
cekakakan)
Aji : ah kowe iki omong apa . aku ora lagi mikir skripsi
Adit : lah terus mikir apa ?
(Aji deleng omah suwung
ngarep kost an. Adit penasaran karo apa sing di deleng aji)
Adit : loh apaa arep ana sing ngenggoni ji ?
Aji : kathone iya dit
Adit : kira – kira sapa ya ji ? muga wae cewek ayu – ayu hahaha ( adit
bayangake karo guyu )
Aji : aminn hahaha. Aku ya ngarep kaya ngono
Babak 2
Pranyata tenan,tangga anyar ku iku cewek 2 sing ayu-ayu lan
enom. Katone umure sapanntaranku. Elis sing rambute sak pundhak dene sing
potongane kaya wong lanang iku jenenge Aning. Kekarnone grapyak semanak.
Ing sawijining esuk nalika
nembe padha resik-resik latar, aku yo rekake ngresiki pager kost-ku karo nyoba
golek kawigaten. Nanging ora babar pisan ana respon. Mula iku banjur
ngoyag-ngoyag wit kattes. Dumadakan
Breeesssss!!!!!!!!!
Aji : aduhhhh…
Aning : loh suara apa iku lis ?
Elis : aku yo ora ngerti ning ? coba digoleki
Aning : iya lis
(aning lan elis kaget aamrga
iku suara kates kang nibani uwong)
Elis : wahh sakit boten mas ?
Aji : boten, nanging nggih niki dados reged sedaya (wangsulanku karo
cucul kaos)
Aning : eh mase kok malah cucul kaos ? porno lo mas ( wangsulane alis karo
guyu)
Elis : ealah gek dang salin
mas,
Aji : nggih dek
Wiwit kadadeyan kui aku
akrab karo tangga anyarku . sedela wae wis bias gegojegan lan geguyonan.
Elis : mas
aji,sliramu kuwi kuliyah kok katone kepenak wae.mangkat awan,mulih bengi .
sesuke maneh ora mlebu,apa ora
didukani pak dosen ?
Aji : aku saktemene wis ora kuliah, iki mung kari ngrampungke revisi
skripsi, mulane ya katon santai wae,. Hla mbak
Wis rampung ya
kuliahe ?
Elis ora wangsulan,nanging
malah gnti topik. Aku ora peduli sing penting bias ngobrol karo tanggaku sing
ayu iki. Nanging rasane dadi tuman. Umpama ora weruh klebate sedela wae,rasane
kaya ana sing ilang. Nanging yen wes weruh klebate utawa diaruh-aruhi saka
kadoan,rasane kaya wong ora adus setaun banjur kesiram banyu sewindu.
Babak 3
Dina iki aku menyang kampus. Sabaline aku menyang kampus
adit nyegat ing teras kost.
Adit : ji kowe mau di goleki
Aji : sapa ?
Adit : sapa meneh, yen ora tangga anyar sing ayu
Aji : elis apa aning ?
Adit : sing rambute rada dawa kae sapa ?
Aji : elis. Ana apa ?
Adit : iya, mau deweke titip sesuatu.
Tak canthelke nggon Grendel lawang kamarmu.
Aji : oh iya,suwun ya dit
Adit : iya,tapi ya aja matur suwun thok.
Menawa oleh rejeki yo di bagi-bagi. JNE
wae bayar
Aji : haha iya iya dit,tenang wae (karo mlaku menyang kamarku)
Aku ora sabra selak kepengin
ngerti apa sing di karepake adit. Kadingaren temen elis nitip sesuatu. Ana tas plastic warna jambon .
ana kerdus ing jero platik iku. Aku mlebu kamar takbukak isi kerdus kuwi.
Pranyata isine kue donat kang cacahe papat ana gulane lembut di wadahi dewe.
Lan ana tulisan “YEN ORA SENENG KENA DIBALEKKE”.
Aji : aku ora waras yen nganti ora seneng kue donat iki,apa maneh
sing menehi wong ayu. (batinku,kadingaren. Aduh aku dadi baper )
Ora suwe donat cacah telu
iku mlebu jero wetengku. Nalika nyekel donat sing kepapat aku kelingan adit
kanca raketku.
Aji : duh iya,adit. (aku ngadek,lan mlaku setengah mlayu ngampiri
adit)
Aji : dit, iki lo donat
Adit : kok mung siji se dit ? kamangka mau isine akeh
Aji : wes ta, kudune kowe iki
bersyukur isih tak wenehi. Kok malah grenengan !
Adit : kudune kowe sing matur nuwun! Umpama aku jahat genah titipane
ora tak wenehke kowe,utawa isine tak jupuk disik. Hara kepriye ?
adit ora gelem
ngalah,nanging aku sing ngalah amarga yen aku ora ngalah malah dadi dawa
masalahe,banjur aku sms elis. Sing unine “lis , matur nuwung kanggo donate” .
ora nganti setengah menit hpku muni. Pratanda ana sing telfon. Pranyata sing
telfun elis.
Elis : kurang apa mas donate ?
Aji : kurang akeh hahaha
Elis : woo upama cedhak genah tak jiwit tenan.
Aji : coba yen bias
Elis : mas aji seneng donat ?
Aji : seneng banget,sebabe ora tuku hehehe… sak liyane kui anu …..
Ellis : anu apa mas ?
Aji : seneng amarga ana bolongane sing tengah
Elis : halaahhh senengane kok nyrempet-nyrempet
Aji : hla wong kasunyatane mangkono, aja bosen-bosen ya menehi
donat. Menehi liyane yo ra bakal ditolak hehehe…
Elis : hahahaha . ya uwis mas, aku arep resik-resik pawon. Mau bar
masak durung tak resiki. Sebabe durung sempet.
Aji : iya dek,gek dang di resiki cek e resik
Sawise nutup telfun aku aku
tansah kesengsem marang elis,karo batin
Aji : rasa apa ya iki kok ora karuan. Apa rasa kuwi tuwuh maneh ?
wis mbuh lah dilakoni wae. Sapa ngerti iku jodhoku
Penyakit lawas sing tansah dak singkirin
tansah bali tuwuh sajroning atiku. Penyakit kui ora liya jatuh cinta. Nate aku nglakoni bab penyakit ceblok dhemen utawa jatuh
cinta nanging nyatane nglarani ati. Mula iku aku tansah ngindari temen
penyakit kasebut. Nanging sakiki penyakit kui tuwuh maneh. Saben wektu ing
netraku mung wewayange elis. Upama ana wektu kalodhangan aku mesti merlokke
wektu kangge nggatekke Elis. Dumadakan adit ngageti aku
Adit : hayo… lagi ngapa ? nginjen cewek yoo (adit nggablok gegerku)
Aji : ah ! gawe kaget wae. Galo sawangen ana sesawangan endah . (
aku nduding Elis lan Aning)
Adit : aku gumun karo kowe
Aji : gumun kepriye ?
Adit :Sasuwenen iki kowe anyep njejep kaya es, babar pisan ora gelem
srawung karo wanita. Umpama srawung ya lumrahe wae. Hla iki bareng ana tangga
anyar kok kathone kowe banget kepencut. Kamangka kepiye satemene tangga anyar
kuwi kowe dhewe rak durung ngerti, ta ?
Aji : hehehe… pranyata kowe iki nggatekke aku ya ? matur suwun.
Pancen aku kepranan karo tangga anyar kae. Lan aku ora mbutuhi kepiye dhweke
satemene. Sing baku rasanku kepenak ngono wae.
Adit : kowe yaw is ngerti kepiye statuse tangga anyar kae ?
Aji : elis lan Aning kae mbakyu adhi. Nyambut gawe ing sawijining
supermarket gedhe kang duwe jeneng misuwur.
Adit : mubg kuwi ?
Aji : iya, nembe kuwi sing tak ngerteni
Adit : ora ateges aku nyampuri urusanmu . nanging kowe tak jaluk sing
ati-ati, aja grasa-grusu yen tumindak. Luwih becik di tlisik dhisik kepiye
kahanane tangga anyar kae. Aja nesu ya. Kabeh iki takomongke amarga kowe kanca
raketku.
Aji : hehehe matur suwun dit.
Aku ora nesu. Nanging kepiye wae aku duwe hak kanggo mlangkah miturut
krentegku dewe. Tak jaluk kowe aja sungkan-sungkan ngelingke aku,ya ?
Adit : iya ji, aku ga bakal sungkan lan bosen gae ngelingke kowe.
Aku lan aji ngepuk-ngepuk
pundak.
Babak 4
Wektu terus lumaku,kanthi sesidheman aku sesambungan karo
elis. Elis uga tansah wanti-wanti supaya Aning aja nganti ngerti. Aku manut
pokok atiku seneng. Sawijining wengi kamarku di dhodog seru saka njaba. Aku
kaget banjur tak bukak cepet.
Adit : jii.. jii.. cepet bukak en lawangmu
Aji : iya mengko disik (bengokku saka jero ,karo mlayu nuju lawing)
Aji : ana apa dit ?
Adit : anggonmu cedhak karo elis pungkasana ! aja nganthi kowe melu
kena pulute. Kae delengen !
Aku lan aji enggal mlayu
nyedaak i omahe elis lan aning. Ana wong laanang kang ngamuk ing omah kui. Ora
suwe banjur katon aning mlayu metu bablas lunga. Kahanan nembe lerem sawise
diparani pengurus kampung. Swasana wis bali lerem warga kampong lan pak RT wis
bali marang omah dewe-dewe. Nanging aku lan adit isih legeg ana ing teras. Kanthi alon-alon adit cerita ngenani elis
Adit : dit aku arep cerita rungokno
Aji : iya manga
Adit : elis kuwi wis duwe bojo. Wong sing ngamuk mau kuwi bojone elis.
Bojone iku nyambut gawe ana ing njaba Negara. Bojone banget percayane marang
elis,nanging kepercayaane malah dilirwakedening elis sesambungan karo wong
liya. Bab kuwi dilakoni elis awit dheweke krungu yen bojone ing paran uga
sesambungan karo wanita liya.
Aji : terus kepriye dit. Dadi iku mau mantan bojone elis ?
Adit : halah sik talah,durung tutuk olehku cerita.
Aji : ya wis tutukno
Adit : nanging kahanan bias dirampungi kanti becik. Elis lan bojone
tobat ora bakal baleni maneh lan janji bakal setya. Elis uga diwelingi supaya
ora cedhak karo wong lanang liya. Elis manut. Elis pancen ora sesambungan Karo
wong lanang liya nanging sesambungan karo wanita,yakuwi Aning. Elis lan aning
kalebu pawongan kang duwe lara jiwa.
Aji : dadi aning kuwi dudu mbakyu ne elis. Nanging….
Adit : iya ji. Mula kuwi wis duwe firasat ora enak ngenani elis.
Untunge durung adoh olehmu sesambungan.
Aji : iya dit, untunge gusti Allah maringi paningal kepriye elis.
Adit : gusti Allah sik tresna marang kowe. Mula kuwi sakiki yen cedhak
ojo grasa-grusu penting seneng. Tapi kudu di selidiki dishik.
Aji : iya dit. Awit saiki aku kudu ngati-ati olehku mlangkah. Apa
maneh urusan ati.
Adit ngguyu lan ngepuk
pundhakku. Ing batin aku nyuwun marang Gusti amrih uripku tansah kaaayoman.
Amrih ora gampang keglewan marang apa wae,sing tundhane malah gae uripku
tentrem.
>>>>> RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar