Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Lian Kristanti

Nama : Lian Kristanti
Kelas : XII  IPA 3
No.Absen : 17                                                                                                                                                                                          
Drama saking cerkak “Nonton Wayang Bareng Lelembut”
Dening : A.S. Yasman

BABAK 1  
     # Wasito lagi ngenteni kanca-kancane ing Gerdhu jaga poncode kampung.
Wasito     : “Endi yo kanca-kanca kok suwi eram?”
Parjan      : “Apa awake dhewe budhal dhisik menyang pasar To?”
Wasito     : “Aja Jan awake dhewe budhal barengan wae karo kanca-kanca”
Parjan      : “Iyo wis To dienteni wae”
(Radinah lan Raminah teka gawa dagangane)
Radinah    : “Jan.. To.. wis suwe kowe ning kene?”
Parjan       : “Suwe nah..”
Radinah    : “Sepurane yo”
Raminah   : “Iyo sepurane yo..”
Wasito       : “Iyo gakpopo..”
Parjan       : “Kurang Rumini iki sing durung teka”
(Rumini teka gawa dagangane)
Rumini    : “Eh wis teka kabeh sepurane yo aku keri”
Wasito    : “Wis gakpopo, ayo saiki ndang budhal”



BABAK 2
      # Wasito lan kanca-kancane mulih saka Pasar Trangkil mlaku bebarengan lewat bulak
          amba.
Wasito    : “Piye Jan daganganmu, wis entek durung?”
Parjan     : “Durung To, lha daganganmu piye?”
Wasito    : “Alhamdulillah entek Jan. Lha daganganmu piye nah?”
Radinah   : “Durung entek To?”
Rumini    : “Entek orane kuwi kudu tetep disyukuri”
Raminah  : “Iyo bener iku ni”
Wasito     : “Iyo nah. Sesok padha ngenteni ing Gerdhu maneh yo?”
(Parjan,Rumini,Radinah,Raminah) : “Iyo to”

BABAK 3
     # Wasito ngenteni kanca-kancane ing Gerdhu lan disapa-aruh karo pawongan sing durung
        Ditepungi.
Wasito           : “Kadingaren kanca-kanca kok durung ana sing teka ya?”
Singataruna  : (teka marani Wasito) “Wis suwe nunggu kanca-kancamu?”
Wasito            : (Kaget)
Singataruna  : “Kaget apa wedi? Mula urip kuwi kudu waskhita, aja pijer nggetuni lelakon
                            sing wis kawuri. Ora usah wedi karo aku, aku dudu begal aku sejatine wis 
                            kawit mau ngancani  kowe,  mung wae kowe kurang premana nganti ora
                            weruh tekaku”
Wasito            : “Panjenengan iku sinten mbah?”
Singataruna  : “Kabeh krandah lan sedulurku kiwa tengenku ngarani jenengku Singataruna”
Wasito           : “Kula Wasito mbah”
Singataruna  : “Iki mau piye nalare isih tengah wengi kok nyanggong ning kene?” Apa ora
                            kepenak kemulan ning omah?”
Wasito            : "Rumaos kula mpun pajar mbah, amargi wau kula mireng swanten jago
                             kluruk saut-sautan”
Singataruna  : “Kuwi krungon-krungonen jenenge nglindur. Mula aja kakehan nggagas rena-
                            rena ben ora nglindur, jam rolas bengi kok dikira pajar”
Wasito           : “Enggeh mbah kula wau nggagas sanggan panguripan”
Singataruna  : “Wis ngene wae, ayo metu aku nonton wayang ning Bantengan. Dhalange
                           Sapanyana lan lakone Parta krama. Aku nampa uleman saka sedulurku enom
                           sing lagi dadi manten”
  Tanpa mikir dhawa Wasito gelem, dheweke banjur mikul dagangane ngetut lakune Singataruna...

BABAK 4
     #Wasito lan  Singataruna teka panggonan sing dituju..
Singataruna       : “Pangapuramu dhi, tekaku randhat. Iki mau ngancani anak lanang saka
                                 Swaduk”
Manten lanang  : “Ora dadi ngapa kakang, sing baku bisa teka”
Singataruna        : “Mangertiya to, manten lanang iki rumuhun klebu tetunggule Adipati Pati
                                 Pesantenan, nanging saiki mbalela, dheweke seneng raben”
Wasito                 : (Mung meneng ngiwasi manten lanang lan manten wadon)
   Ki Metesek yaiku manten lanang ngamuk nalika manten wadon mbradhat saka kwade terus nggeret Ki Dhalang diajak mlayu. Wasito uga katut dadi pangamuke Ki Metesek, Wasito di dugang engga ora eling apa-apa.

BABAK 5
     #Parjan lan kanca-kancane nemokake Wasito semendhe ing ngisor wit randhu ngarepe kuburan Bantengan.
Parjan       : “Eh lha iku nek Wasito?”
Radinah    : “Iyo iku Wasito, kok iso ning ngisor wit randhu yo?”
Raminah   : “Wis ayo ndang ditulungi!”
Parjan        : “Kene tak wenehi banyu dhisik” (Ngulapi raine Wasito nganggo banyu)
Wasito       : (Kriyip-kriyip karo noleh kiwa tengene sajak isih kaweden)
Rumini       : “Iki mau piye ngger larah-larahe kok daganganmu kocar-kacir? Apa ana durjana
                        sing mbegal kowe?
Radinah     : “Mau kanca-kancamu kabeh ngenteni ning Gerdhu, mergo ana oncore kok ora
                        ana wonge?”
Wasito        : “Aku mau diajak pawongan sing jenenge Singataruna nonton wayang ning
                         Bantengan”
Parjan         : “Wis jelas kowe ki mari diajak nonton wayang ing tilase sumur gemulig sing
                         manggon ing tengahe makam umum Bantengan”
Wasito         : “ Maksudmu piye jan?”
Parjan          : “Kowe mau diajak arwahe mbah Singataruna nglari lelakon sing wis kawuri,
                         nglari sejarah tinggalane leluhur”
   Sawise kejadian kuwi Wasito diterne mulih lan kanca-kancane tetep budhal bakulan ning pasar Trangkil.

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar