Nama : Rina Dwi Lestari
Kelas : XII-IPA-3
No.abs : 31
Judul : NUHONI JANJI
Dening : Sukma Satriani Rihadini Putri
Jangkep setaun anggone warga desa ngiliran sing budhal nmenyang sawah nemokake mayite Parman nggantung ing pange wit pelem .
Tutik :”hu..hu..hu.. (lungguh dhewe ning ngarep omah karo nangis ).tega tenan Mas sampeyan ..kena apa sampeyan ngendhat ..huuu..huu..huuu..(kelingan bojone ).sajake kae yen sampeyan nduwe Masalah ,bisa omong aku ,pulisi aweh dudutan yen motife sampeyan lapus siri amarga isin di-phk perusahaane sampeyan sing wis bangkrut……Mas..Mas …tega tenan sliramu ninggal aku” .
Sawise ditinggal Parman Tutik kerep tumindhak nyeleneh,dheweke asring ngguya –ngguyu dhewe ,uga gumremeng caturan ijen terus nangis ngglolo .malem jemuah kliwon ,pendhak setaun saka tiwase Parman ,udakara jam setengah rolas bengi ,Tutik mbuk a lawang
Tutik :”Mas…Mas ..Mas Parman …kuwi sampeyan ta Mas(celuk –celuk ..ning njero omah,nyawang ngarep menawa enek wong lanang sing ngadhek ning isor wit pelem )
Budi :”loooo…..Tutik napa kae ya” (krungu swarane Tutik saka kamar )
Tutik ::Mas Parman…. Mas Parman “(praupane sumriyah,banjur metu,mlaku alon alon tumuju wit pelem )
Budi :”(metu nututi Tutik sing metu saka omah ) “looo……ya..Allah ..Tutik napa kae kok moro ning wit pelem “
Bapak : (weruh Tutik metu saka omah ) ..”Tut,elinga nduk….!! Kowe arep menyang endhi ?Aja gawe kuwatir kang Mas mu ndhuk..”
Budi :”kowe arep ning endhi tut.. Ayo mbalik .!!!”(budi menging Tutik )Tutik
Budi :”aku arep marani Mas Parman” (Tutik ora ngrungokake omongane kakange ,tetep ngibrit menyang wit pelem )
Budi :”tut, mandheg tut…..kowe arep menyang endhi ,,..?”
Bapak :”ayo …bud tututana adhikmu kae..…!”.(omong menyang budi karo nyekeli dadane sing mulai sesek )
Budi :”nggih pak …(mlaku mara ning wit pelem ) …ya Allah tut (kaget amarga weruh Tutik nggeblak semaput lala purwaduksinane ) pak…pak ..njenengan mriki pak ….!
Bapak :”enek apa bud….?”(kaget)
Budi :”niki pak ..Tutik semaput”
Bapak :”oallaahhhh…..tutttt…kok ngenemen nasibmu (nangis mbrebes ) yo wis ayo ndang di gawa ning njero…!”
Budi :”nggeh pak ..” (nganggkat anggene adhike sing semaput)
Naliko ninggalake apapan kang wingit kuwi, githoke budi mengkorong ,rumangsane kaya diawasi mripat abang nyeremong .tekan ngomah anggone Tutik diturokake ning kamare .
Bapak :”hu..hu..hu…..oalahhh tut..awakmu kok mbaleh ngene ta” (mbrebes ,nelangsa)
Ibu :”laypo…to pak …. Anakmu kok polahe wes gak normal tan saya nemen mendina “(nangis gero-gero)
Budi :” pun …. Buk ..pak ..panjenengan sedaya mboten usah kuwatir ,menawi niki Tutik tasek kesel “
Ibu :”layo….ta..leee…adhikmu piye kae polahe kok koyok ngono” (ngelus-ngelus rambute Tutik sing jek semaput)
Esuke Tutik pungung –pungung eling ,saka peturone ,cahyane kaya kembang ,katon seger ora mantra mantra yen mau bengi mentas nandhang kanir .
Ibu :”nduk ..kowe mau bengi kena apa ta nduk …?”Kok koyak wong wong nglindur ,caturan dhewe banjur mlaku menyang panggonan Parman nganyut tuwuh (pitakone ibu menyang Tutik )
Tutik :”(mesem nyawang ibune ) buk ..wau dalu Mas Parman wangsul ..”
Ibu :”apa maksudmu ndhuk ..?”(bingung )
Titik :”nggeh buk ..Mas Parman wau dalu wangsul dheweke ngendhikanipun pasuryan kula mundhak ayu,awak kula tambah semog ,,lak kula lingsem ta bu…. (nesusake dheweke mesem –mesem )
Ibu :” astagfirullah nduk …. Istigfar… Parman iku wis ora enek nduk “
Tutik :”looo…..ndek wingi dalu ,Mas Parman kok wangsul buk ..?”
Ibu “ya ..Allah gusti ..ilinga nduk bojomu wis ora enek ..ora bisa mulih maneh “
(mbrebes )
Tutik :”kok mboten saged wangsul pripon ta buk ..Mas Parman wau dalu saestu wangsul kok,ibu mawon mboten pirsa “
Ibu :”ya ..Allah nduk ..”
Tutik :”lha…..wong Mas Parman lajeng ngajak kula mlampah mlampah ningali griyanipun ingkang enggal,griyanipun sae loo buk ,,,Mas Parman ngendhika badhe ngajak kula boyongan dhateng mriko (karo mesem –mesem dheewe ) terosenipun Mas Parman badhe mriki maleh..malem jemuah kliwon ,badhe tinfhak mriki mapag kula “
Ibu :(kaget,awake sakala ngadeg njejeti,bojone diceluk ) pak ..pak ..panjenengan mriki pak ..!”
Bapak :”enek apa ta buk ..kok bengok bengok ..?(kaged ,mlaku cepet-cepet)
Ibu :”iki loo ..pak anakmu piye jawane ..kok saya nggladrah ..?(rembuk e karo bojone )
Bapak :”geneya ta buk Tutik …?
Ibu :”anakmu wi looo… pak ..crito yen wingi bengi Parman mulih lan ngajak Tutik melu menyang omahe sing anyar ,iki piye pak kok dadi koyok ngene saya nemen ..hu..hu.huuu “(mbrebes)
Tutik :”Mas Parman arep nyusul aku lan di boyong menyang oamahe sing anyar (mesem-mesem dhewe)
Kanggo nggawekake murih lara owahe Tutik supaya ora sengsara nemen ., bapak lan ibune banjur nggelar ruwatan lan slametan tulak balak ,supaya ora tansah direrindu dening arwahe Parman .
Ibu :”pak..pak Tutik kok soyo nemen ta” (lungguh ning ruang keluarga )
Bapak :”layo…ta..buk ..piye iki ngesakne Tutik “(bingung )
Ibu :”menawa kuwi Tutik direndhu dening arwahe paarman “
Bapak :”iya..paling buk aku yoo kroso ngunu ..pye tapi ,,carane supaya arwahe Parman bisa ilang saka Tutik ..?”
Ibu :”biasane kanggo nolak balak ..wong ngadakake ruwatan pak ..”
Bapak :”yo..lak ngunu solusine bapak manut buk yo muga –muga iso marekake Tutik “
Ibu :”awak dhewe aja lali ngadakake slametan pak “
Bapak :iya buk ..yo wes awak dhewe mulai ruwatane lan slametane “
Nganthi sesasi sawise ruwatan ora ana bab sing nganeh nganeh ,Tutik kayak kayak pulih normal ,eling yen bojone wis tinggal donya bapak ibune nyicil ayem .
Ibu :”alhamdullilah ya ..pak Tutik radak mari “
Bapak :iya buk .. Njajali yTutik jaken omong omongan buk ..!”
Ibu :”Tutik…nak mreneo nak ..!
Tutik : “wonten apa buk …?” (marani ibu lan bapake sing omong-omongan ing emper ngarep )
Ibu :”awakmu wes gak tau diajak Parman ning omahe neh ta nduk sak i…? “
Tutik :”mboten buk ..Mas Parman kan sampun mboten wonten ..”
Ibu :”yo..alhamdullillahh ..lak ngono ..ibuk wedi lak kedadean kuwi teka maneh “
Nanging ora suwe Tutik kumat maneh ,dheweke bali nyeluki bojone sing wes ngajal.
Tutik : “Mas Parman ..Mas Parman ..Mas ..(celuk –celuk ning njero kamar ) Mas Parman kowe arep menyang endhi Mas ..?Kowe lak yo wes janji ngajak aku boyongan menyang omahe sampeyan . Kowe enek ning endhi Mas ….?”
Bapak :”napa kae Tutik kok bengok –bengok ?”
Ibu :”iyo..pak enek apa kae ,ayo didelok ning kamare ..!”
Budi :”nggih buk ,ayo….”
Bapak :”tut..tut…nduk..” (ndodog lawang kamare Tutik )
Budi :”kok mboten di buk ak pak …tgut..tut… kena apa kowe tutu “(ndodog lawang kamare Tutik )
Tutik :” (omong dhewe ning njero kamar ,dheweke ngalami lelakon gaib ,rumangsane swarane Parman dumeling ing kupinge ) Mas Parman ..Mas ..Parman
Bapak :”napa kae Tutik …?“
Ibu :”paling arwahe Parman mbalik pak “
Budi :”tut..tut..(nerosake anggone ndododg lawang kamare Tutik )
Tutik :”(omong dhewe) iya Mas aku gelem mbok jak menyang endi wae Mas ,aku emoh adoh saka sliramu .Mas ayo tumuli budhal menyang omahmu sing anyar (kayak kayak Parman ngejak omong )
Bapak :”buk …buk ..Tutik omong apa kae ..?”
Ibu :”iya pak ..aku wedi Tutik wi ngko ngendat nyisan ..”
Budi :”pun ,pak buk ..mboten usah kawatir ..kulo dobrak mawon lawange “
Bapak :”iyo…leee….ndang …ati-ati tapi ya..”
Budi :”tut..tut bukaken tut ..(karo ndobrag lawang kamar Tutik )
Ibu :”ya ..Allah ..ana apa iki ?”
Budi :”Tutik …trng pundi buk kok mboten wonten teng kamar ..kamare kok suwung nggeh buk ,,?“
Bapak :” Tutik ilang buk ..”
Budi :”menawi Tutik dibeta dhateng arwahipun Parman menyang wit pelem ..!
Ibu :”yo..wis lak ngunu ayo ndang mrono ..”
Tanpa mbuwang wektu tetelune gagancangan menyang wit pelem .
Budi :”niku Tutik buk …dheweke ning isor wit pelem .”
Bapak :”buk…Tutik kok koyoke ngalungake tali menyang guluune ..(nyawang Tutik sing mulai nyaduki kursi sing dingo ancik -ancik)
Ibu :”ya Allah…. Napa kae Tutik..?
Budi :”tut….mudhun ..tut ..!”
Bapak :”tut……aja mbok terusne nduk….. Ayo nduk mudhuno ..”
Ibu :”aaa……(mbengok)
Nanging kabeh wis kebacut ,tekan nggon ilate Tutik wis melet,mripate mendholo,lan saka irunge metu gethihe sing dlewer.
Bapak :” ya Allah nak tego temen awakmu ninggal bapak lan ibumu koyok ngene huuhuuuhuu……”(nangis)
Ibu :” ya Allah nak …awakmu napa …..huuhuuu..(nangis karo nyekeli awake anake sing wes nggantung,banjur semaput)
Budi :”buk …buk ….(nyekeli awake buke sing wis semaput)
Bapak :”buk ..buk..tangi buk ..!!!
Parman kasi ngajak Tutik menyang alaming lelembut , semonouga Tutik dheweke uga wis nuhoni janji marang Parman bakal melu menyang ngendi wae lungane sing lanang.
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar