Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Achmad Wildan Muzamil

Nama    : Achmad Wildan M.
Kelas     : XII-IPA 3
No Abs  : 01

Drama saking cerkak “Rejeki nomplok ora ngetok”
Dening : FX. SUBROTO

- Tema                  : Lelembut
- Alur                              : campuran
- Panggonan         :
  1. Ngarep pasar Ngasem
                       2. Ratan Kampung kunti
                       3. Buk
                       4. Blumbangan iwak
- Paraga lan watake     :    1.Parjan : Meri
                                          2.Mujio  : lugu
                                         3.Pakdhe marto : kendhel,lugu
                                         4.Sumilah/wong wadhon (dedemit) : nggudoan
                                         5.Juri   : Lugu,gak sabaran
                                         6.Dalimin,Kang danu,Sarwono,lan Buwang : Lugu

Babak 1
          Ing ndheg-ndegan becak ngarep pasar ngasem,parjan tukang becak omong-omongan karo kancane
Parjan : “ Min,rong wengi kepungkur sumilah ngetok maneh…..!!!”
Dalimin : “Sumilsh saka karangkhunti wi to ….???” (kaget)
Parjan   : “Iyo Min, sumilah saka karangkunti….arep sumilah saka ngendimaneh to….-_-“
Dalimin  : “Lha awakmu entuk kabar teko sopo jan … ?”
Parjan  : “Aku entuk kabar saka  Kang Danu…kakangku ipe …”
Juri      : “Lho lho lho…. Lha terus kepriye ceritane…ojo  gawe wong penasaran ae we jotos we ngku…!!”
Suwono : “Iyo jan kepriye ceritane…..?”
Buwang  : “ Iyo Jan ceritane kepriye ?... “
Parjan     : “Iyo…iyo…”
Juri          : “cepetan….!”
Parjan     : “ Mujiyo bakul senijang tanggane kang danu dhek malam jemuah kliwon wingi digudo sumilah   dagangane sing akehe pathang dhinak  ludes dipangan sumilah…”
Suwono   : “Terus kepriye maneh  Jan…..?”
Parjan      : “Nalika kedadeyan iku mujiyo during pana  yen adhepi sumilah,lelembut sing seneng nggodha wong lanang”
Buwang   : “Mujiono kepriye to kok ora weruh lak kuwi lelembut”
Parjan      : “Nalika kedadeyan iku mujio during pana yen sing diadhepi iku sumilah…lelembut sing senengan e nggodha wong lanang….”
Buwang   : “Lha kok iso ileh mosok rupane gak ngedheni uwong …??”
Parjan     : “Yo mujio ora ngerti amarga sumirah kuwi ayune kayata bidadari..”
Buwang  : “Iyo deh,sampek lali aku…..Trus kepriye maneh ceritane….?”
Parjan         : “Rampung ngentekne panganan sumirah klepat lunga  ngono we,nalika mujiyo mlayu nututi arep  njaluk bayaran e…..(plok-plok)…..!!! sak gebok dhuwit disawatne raine mujio….”
Juri               : “Penakmen mujiyo disawat dhuwit …” (guyu)
Parjan          : “Yo ora mesti penak…” (mapan lungguh nang becak)

Babak 2
          Ing pinggir rattan kampung karangkunti,Pakdhe marto numpak sepedah distop dening sawijining wanita mudha,jaritan,kebayakan werna ijo,rambut e digelung kondhe.
Sumirah         : “ Pakdhe nunut nggeh…lha ngenteni adhi kula mboten teka-teka mung teng ngebuk ler niku tok”
Pakdhe marto : “Dinunuti wong ayu mosok ape nolak”
Sumirah             : “Matur nuwun pakdhe”
Pakdhe marto  : “Iyoo…..ayo ndang numpak…”
Sumirah             : “Nggih pakdhe…”
Pakdhe marto   : “Biasane aku mung gonceng kronjot isi telo kaspa saka pasar menyang omah,ora tau gonceng wong ayu kaya sampean….”
Sumirah             : ”Kula mandhap ngajeng buk ler niku mawon….”
Pakdhe marto   : “lha kok mung dhilit…?”
Sumirah              : “Nek kirang dangu,mangga sampeyan bonceng  sak kesele sampean….hi..hi..hi”
          Krungu tembung sing keri iku pakdhe marto ora mudhun saka sadel, noleh memburi.neng buri ora ono sapa-sapa.Breng sirahe ndungkluk nyawang bagasi pedah e ono ne mung sirah manungsa sing wis cumplung.
          Seminggu sawis e  kedadeyan iku pakdhe marto oleh rejeki nomplok kang ora dikira sak durunge”.

Babak 3
          Sawise kedadeyan iku parjan nedya pindah anggone thethek nunggu penumpang.bengi kuwi ana wong wadhon sing ayu kon ngeterne mulih parjan
Sumirah  : “Kang aku ape mulih sampeyan ape ngulon to ? “
Parjan     : (Ora kleru iki mesti sumilah saka karangkunthi ) Batin e
Sumirah  : “(Rakakehan omong langsung lungguh nang becak)         
Parjan     : “Wis siap to ….?”
Sumirah  : “Uwis mas…..”
Parjan     : (Becak digenjot parjan, tekodalan sing dhedher munggah ,parjan mudhun lan nyurung becake)
Sumirah   : “Kepriye kang ….? Nak mboten kiat aku tak mudhun….?”
Parjan      : “Mboten mbak sampeyan lunguh wae…”
Sumirah   : “Nggih pun kang….”

Babak 4
             Mudhun buk parjo ora bisa ngendhalekne playune becak,becak e parjan langsung ngantem buk,lan parjan langsung gletak nang pinggir e tangent,begjane wong-wong rondha cedhak kono pada nguwehi pitulungan
Wong (1)    : “ Mboten ngeterne sapa-sapa kok lewat mriki to mas…?”
Wong (2)    : “Dalan niki buntu  mas ….Nek sampeyan terus dumugi makam…Pundi to griyane sampeyan?”
Parjan        : “Aku mau ngeterne wong wadhon terus munggah buk niku ,lha pas mudhun aku gak bisa ngendhalek ake playune becak….’’
Wong (1)   : “Wooo…lha niku lelembut  mas…’’
Wong (2)   : “ kula sedaya mboten mrangguli penumpang becak sampeyan niku..”
             Telung minggu luwih parjan mung biso lumah-lumah nang amben,dirumat lan diladeni bojo lan anak e ,dina genti dina,minggu genti minggu,ulan genti ulan,tahun genti tahun .Rejeki nomplok sing dienteni parjan ora teko-teko….                  


Nama : Annisa Sekar Ayu Fauziah
Kelas : XII-IPA 3
No. Absen : 04

Drama saking cerkak “Durung Tiba titi wancine”
Dening : Rinda Asy Syifa

Babak 1
Iva                : “Mbak Mar, ayo cepetan!”
Maryam       : “Mbak Mar tak nata iqra’ riyin nggih. Nek kesusu Iva mantuk riyin mawon”
Iva                : “Tenan mbak?”
Maryam       : “Iyo dhik, mantuk o disik ora apa-apa”
Iva                : “Nggih mbak, aku mantuk e bareng Dika karo Ratri ya mbak!”
Maryam       : “Iyo dhik, ati-ati nek mantuk”
Iva                : “ Nggih mbak Mar”
Maryam       : “ Oiyo dhik, mengko nek ibu nggoleki mbak sik nang masjid ya nata iqra’ e bocah-bocah!”
Iva                : “Nggih mbak, Assalamu’alaikum”
Maryam       : “Wa’alaikumsalam”

Babak 2
Lakuku tumuju pit ana latar kang dikebaki suket jalaran wis suwe ora dianakake kerja
bakti. Nalikane aku arep nggenjot pitku, kedadak ana swara ngundang jenengku.
Gunarto        : “Dhik Mar,”
                      “Dhik Mar, apa lali marang janjimu?”
Maryam : “ Mas Gun?”
Gunarto : “ Apa lali marang janjimu wingi? Di SMS ora mbales, ditelpon ora diangkat”
Maryam : “ lho, mas kok ngertos menawi kula teng ngriki?”
Gunarto : “ Mergane saka jroning ati sajero-jerone nyasmitake yen kowe lagi ngulanng ngji.”
Maryam : “ Ora usah nggombali aku”
Gunarto : “ Aku mau wis saka omahmu,ketemu ibumu. Ora kaya ndhek sewulan kepungkur aku ora panggih ibumu”
Maryam : “ Apa mas ? nang omahku? Ketemu ibuku?(batin maryam)

Babak 3
Sasuwene mlaku pit ku dienggokne mas gun ana ngarepe cangkruk sing kamangka omahku ora sawetane cangkruk keletan kalen cilik lan akhire
Gunarto : Mreneno dik, aku arep kandha
Maryam : “ Iva kak mboten ten ngriki nggih mas? (Aku nyaba nyuara)
Gunarto : “ O,dhik Iva mau ancen dolanan ning kene, weruh aku banjur mlayu bali. Sajake Iva kesenengnen tak gawakne oleh –oleh gulali.
Maryam : “ Ibu wau ngendhika napa mas?”
Gunarto : (Gedheg - gedheg) Ora ngendhika apa – apa mung matur nuwun oleh –olehe,terus....”
Maryam : (Motong omongane) Terus napa? “
Gunarto : “ iya terus,aku takon kowe neng endi?, Njur aku pamit goleki kowe neng masjid”
Maryam : “ Oalah mung ngono mawon to mas?”
Gunarto : “Iya ta dek, lha arep piye maneh?”
Maryam : “Ora piye – piye kok mas”
Gunarto : “Dik Maryam, sejatine ning njero atimu ana aku opo ora?”(lembut suarane)”Kandhakna     sing satemene,apa sing kok rasake. Yen kanggoku nggawa gela, aku ora bakal nesu,yen kanggoku gawe lega aku ya ora bakal kesusu”
Maryam : (Aku tetep ndingkluk mripatku brambangi. Mbuh saka ngendi critane,aku isa – isane nangis ana ngarepe mas Gun) “ Mas... nyuwun pangapunten, “(Kandhaku sinambi ngelungke amplop marang Mas gun) “ Kula pun Siap menawi njenengan badhe duka, estu kula mboten saget ngestokake kerjane njenengan”(suaraku alon,lirih ngulapi eluh kang netes ana pipiku)
Gunarto : “ Aku ora nyangka yen wiji tresna sing tak uwur-uwurake,tak siram,tak jaga sabendina suwene telung tahun iki bakal pungkas ngene iki. Aku wis sabar nunggu,nyimpen sakabehane,merga aku ngerteni yen kowe ora kaya kenya-kenya liya. Aku ora nempuh dalan pacaran merga kuwi wujud tresnaku dek. Apa iki kekarepanmu dek?”(Mas Gun ngundhari isi ati kang ditalemi sesuwene telung tahun)
Maryam : “ Kula pancen mpun ngancik wayah palakram,kepara kanca-kanca malah pun kagungan momongan. Nanging kados pundi maleh mas,Gusti Allah ngersake margi sanes kangge kula lan njenengan.” “Ibu nepangake kula kalih Mas Wawan,sedhereke Bu Warsih tangga ler dhaleme simbah ing salatiga.”Bu warsih niku kanca celak Ibu kula wiwit alit. Kula mboten saget nentang kersanipun Ibu.”
Gunarto : “ya wis dik Mar, nek iku gae kowe bahagia.Aku ikhlas menawa aku kelingan kowe.”
Maryam : “ Estu kula ugi gadhah menapa ingkang njenengan....”(ukaraku ora tak tutuke nalika keprungu swarane Iva bengok -bengok)
Iva : “ Mbak Mar! Digoleki Ibu”(Mbengok saka lurung banjur lunga maneh karo kanca-kancane dolan) 

Babak 4
Gege aku menyat nuntun pit. Mas Gun melu nututi aku, polate bingung kaya dene polatanku. Ana apa karo Ibu.
Maryam : “ Assalamu’alaikum, Enten napa bu?” (Langsung lungguh sisih ing Ibu ing ruang tengah)
Ibu : “ Gunarto ndi? Undangen rene!”
Maryam : (Bingung lan khawatir) “ wonten napa ta bu?”
Ibu : “ wes gek ndang.... kon mlebu! (Ora srento sajake)
Maryam : (Mlaku tumuju teras)” Mas ken mlebet” (Mlebu Omah maneh)
Ibu : “ Ngene Mar,Ibu are crita.Nalikane Ibu sowan simbah mau, Ibu ketemu karo buleke Wawan. Kebeneran ketemu Ibu nyuwun biodatane priya kang arep dikenalke karo kowe, dadi sesok piyambake ora usah merlake mrene” (Ibu mendhek anggone crita,banjur mbukak lampiran kertas cilik ana dhuwur meja)” Iki Wacanen “(ngewenehake lampiran)
Maryam : (Kertas cilik mau tak waca mripatku banjur mbrambangi)
Ibu : “ Iki fotone “
Maryam : (kaget lan bingung ) “  Mas Gunarto Setiawan,Mas Wawan! (Isih bingung)
Ibu : “ Wis tak restuni, nduk. Muga Gusti Allah paringi dalan kang lancar.Jebul wawan sing dikarepke Bu Warsih kuwi ya Gunarto iki. Mau nalika Gun iku teka omah, Ibu wis ngeti kabeh. Wawan kuwi Udang - udangane nalika isih cilik,Wawan pindah omah melu wong tuwane nang Bantul,mula Bu Warsih arang ketemu.Bu Warsih uga durung taren marang Wawan perkara jejodhohan iki.Merga manut critane Bu Warsih, Wawan iki bocahe ora gampang kepincut.”
Maryam : “ Mas Gun ya Mas Wawan? (Bungah banget)
Gunarto : (Arep ngruket Maryam,nanging maryam malah ngruket Ibune)
Ibu : “ Durung tiniba titi wancini ngger!”

Babak 5
Adzan Wes Kumandang
Ibu : “Ayoh pada sholat,wes magrib kae ngger”
Maryam : “ Inggih Bu, Bapak nggih sampun Adzan!”
Gunarto : “ Inggih Bu, Iva kalih kancane nggih sampun bidhal teng masjid.”
Maryam : (Dongaku muga yen wis tiniba titi wancine Mas Gun uga bakal kaya Bapak ing ngarep kae)

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar