Nama : Nyimas Afiata Nastiti
Kelas : XII – IPA 3
No.Absen : 28
Drama Saking Cerkak
“Kupon keramat Uda Fajri”
Dening : Impian
Novitasari
Babak 1
Kuliah jam iki rumangsaku kok suwene eram. Dhosene ngomong
apa wis mbuh mung mlebu kuping tengen metu kuping kiwa alias bablas. Dhasae
weteng wis ngelih,rasane pengin dang metu saka kelas.
Nasta : “Duh
suwene eram bu dhosen iki yen ceramah,kapan bubare yen bu dhosen betah banget ceramahe” takonku marang aku
dhewe.Sawise 10 menit tak rasani,
Bu dhosen :
“Do You Understand Guys?” karo ngringkesi bukune ing meja.
Mahasiswa : “
Yes sir”
Bu dhosen : “
Ok, it’s time to break and pray ashar, back to class at 04.00. Ok Guys? Good afternoon”
Mahasiwa :
Oke Sir, Good Afternoon” jawabe kanca–kanca kompak.
Bu dhosen ngendika yen wus wayahe
istirahat lan bu dhosen metu saka kelas karo nggawa bukune sing digawa menyang
kelas maeng. Aku langsung metu. Rukuh takjipuk,langsung neng mushola,sholat
ashar.
Babak 2
Bar ngono aku sakanca arep nyang
kantin. Nalika ngringkesi barang-barang aku lagi eling yen lali ra nggawa kupon
mangan. Neng kampus pascasarjana nggonku kuliah, yen arep maem kudu ngijolke
kupon sing wis dijatah saben samester. Blaik kok nganti gak kegawa. Aku dadi
bingung, wong lawang kelas wus kebacut dikancing pak Kis, karyawan kampus, gek
wonge tak goleki ora ana.
Nasta :
“Eh,aku lali ra nggawa kupon, Tas ku dhek jero kelas. Kelase wis di kancing pak
Kis? Piye yo iki Mbak In?” takonku marang mbak indah.
Mbak Indah :
“Lho lha piye?”
Nasta :“Mbak
indah,nggawa kupon luwih gak?” aku takon kancaku menawa nggawa kupon luwih,arep
nyileh siji.
Mbak Indah :
“Ora iki, mung nggawa siji,” Mbak Indah mangsuli karo nuduhake kupon sing mung
siji.
Nasta : “Mbak
Novi, Mbak Eny, Dini ? nggawa gak?” aku nyoba takon kanca liyane.
Mbak Eny
:“aku ya mung siji,” Mbak Eny mangsuli njur disusul kancane nuduhake kupon sing
uga mung siji. Kok gak kaya padatane ta,dha nggawa kupon sagendhel.
Duh, piye iki olehku maem!Yo mosok aku ngenteni mari
magrib!Batinku nyauri kok gak kaya padatane ya,dha nggawa kupon sagendhel.
Nasta : “Ya
wis Mbak, Dhisika wae, aku mengko tak nyusul nek lawange wis dibukak Pak Kis.
Nek ra ya aku tak mangan pas rampung
kuliah sesi siji,” kandhaku gela, ning piye maneh, lak ra mungkin aku
menggak mangan kanca - kancaku.
Mbak Indah :
“Tenanan gak papa? Betah ngelih tekan magrib? Pa nyilih mas Ali sik ? Biasane
wonge wis neng kantin, Mbak Indah aweh pamrayoga.
Nasta : “Ora
papa, Mbak dhisika wae. Tenan,”kandhaku. Bubar ngono kanca-kanca ninggalake
aku.
Babak 3
KARO ngenteni menawa ana mlebate Pak Kis supaya bisa mbukak
lawang kelas, aku lungguh neng kursi sandhing mushola. Ngarepku akeh cowok –
cowok lan bapak –bapak sing bubar sholat lan jagongan neng kono. Salah sijine
ana kancaku jaman S1 mbiyen, Si Risma,sing saiki dadi kakak tingkatku neng S2.
Aku nyedaki dheweke.
Nasta : “Opo
aku takon Risma wae ya?” Takonku marang aku dhewe “Eh bro, nggawa kupon mangan
gak? Nyilih siji dang,” takonku lirih.
Risma : “Ra nggawa aku, Bos. Nyilih Oching kana
lho,wonge ana neng kelas,”
Nasta :
“Ngono ya ? Ya wis sik ya,”
Risma : “Oke
bro,ati-ati ya akeh wong usil ing kelase Oching!” Jawabe karo tangane
dada-dada.
Kandhane Risma karo ngguyu nanging ora tak gubris aku
langsung ae njujug kelase Oching,senajan akeh wong ora takgagas, wong ya ra
kenal wae kok.
Babak 4
Oching lagi ngobrol karo kancane, takselani
Nasta :“Ching
aku nyilih kupon,ndang. Kelasku dikunci aku ra iso mlebu. Wetengku wis ngelih
banget ki,” ngomong ngono karo riku melas banget ngana kae.
Oching :“Weh
sorry banget,Nas aku mau ya lali ra nggawa. Aku wae nyilih Amel lho.”
Nasta :
“Adhuh,how poor I am. Nyilih sapa ya?” Aku muni ngono karo nggoceki wetengku
sing wis ora bisa dijak kompromi.Lagi bingung ngono dumadakan ana mas - mas
nyelani.
Uda Fajri :
“Mbak mau pinjem kupon? Ini saya kasih satu,”
Mas –mas iku
nyuwek kupon siji terus diwenehke aku.Aku speechless, ora bisa ngomong. Kupon
dak tampani, ning aku panggah meneng ngenti mas iku arep metu saka kelas.Aku
jan kaya terhipnotis.
Nasta : “Duh
sapa ya, Mas gantheng iki? Gantheng tenan mas iki,sapa ya bocah iki?Loh menyang
ndi mas ganthengku iki mau ya?” Ceplosku lan nutup lesanku dhewe,amarga aku
salah ngucap ngganthengku Batinku
Nalika eling, aku gragapan nututi mas gantheng
iku.
Nasta :
”Mas... mas... tunggu sebentar.” “ Mas, namanya siapa?” nanging ukara iku ora
kewetu, malahan , “Mas,terima kasih ya sudah dipinjami kupon,nanti saya
kembalikan besok.”
Uda Fajri :
“Iya, pakai saja,” ngomong ngono langsung ngilang mbuh nang ngendi.
Dhuh, bodho banget aku kok ora takon jenenge sapa.
Babak 5
Aku marani Risma sing isih jagongan
neng cedhak mushola.
Nasta : “Heh
Ris, kancamu sak kelas, cowok sing dhuwur, putih, nggantheng, rambute rada njegrag, wonge kalem, kae jenenge sapa
Bro?”
Risma : “
Hayo ngapa? Ngesir ya? Iki tak keki nomer hapene wae, kenalan dhewe,” Risma
Mbeda aku.
Nasta : “Apa
sih ris” tak gephuk pundhake, “wis gek ndang diwangsuli wae,”
Risma :
“hahaha, dhewekw ngguyu karo ndudihingi aku,“Jenenge Fajri Habibi, Uda
Fajri,saka Batusangkar, Sumatera Barat, tapi kuliyahe Mbiyen neng STAIN Jurai
Metro, Lapung.”
Nasta : O,uda
Fajri,ya wis ris aku tak menyang kantin dhisik, cacing-cacing wethengku pada
demo iki”
Risma :
“Oke!” Muni ngono karo mesem
Pamitku
marang Risma,sajane kepengen crita akeh karo risma tapi kok wethengku wis ora
iso dijak kompromi maneh,dadi aku mlaku menyang kantin karo mesem-mesem dhewe.
Babak 6
Kupon tak lilang – liling. Bingung
atiku antarane ngijolke kupon apa ora. Yen ora diijolke kok wetengku ngelih
benget, yen diijolke kok eman banget, kupon pawehe wong nggantheng, jare.
Sawise menimbang, wusanane kupon iku tak ijolke, wis gak betah ngelih, Cah!
Nasta : “
Mbak Kupon niku angsal disuwun malih, Mbak? “ takonku marang pramusaji ing
kantin kang adate ngladeni para mahasiswa sing arep dhahar kono.
Mbak
Pramusaji : “Wah, mangke rak malah disalahgunake ta mbak?” wangsulane.“
Nasta :
“Ngaten mawon. Kupon niku diorek- orek napa disuwek kedhik ngoten kersane
mboten saged diengge malih. Sing penting, kupon niku kula suwune, wong nggih
mangke paling njenengan buwak, lak nggih ta?” sambi nyekeli piring aku isih
nyoba rundhingan.
Mbak
Pramusaji : “ Wah, mangke badhe direkapa riyin lho mbak, mangke kula didukani
kepala kantin,” ujare si Mbak kantin semu wedi.
Nasta: ”O, ya
wis mbak nek ngono” wangsulku judhes.Aku judheg, sajake wis ora bisa dirimuk
maneh.
Ya wis lah,
durung jodhoku. Aku terus mlaku ngener kanca – kancaku wadon sing dha dhisiki
mangan mau. Nalika iku aku ngliwati cowok – cowok kancaku sakelas,ana Mas Ali
sing nyeluk aku.
Mas Ali :
“Na, jare Indah mau awakmu arep nyileh kupon, iki lho aku nduwe, nggonen,”
Nasta :
“Halah Mas,kasep, gak ket mau sih cah – cah sms aku sik, bacut tak ijolke kae
kupone. Eh kosik, sida dhing, kene taksilihe. Nitip piring sik ya,” kupon tak
jaluk, langsung arep tak ijolke.
Mas Ali plenggang – plenggong wis ora
takrewes. Aku marani mbak pramusaji, kupon saka nggonku mau takjaluk,tak ijoli
kupone , Mas Ali, oleh – oleh wae. Sawise kupon keramat iku wus nang gegamanku,
aku lagi lega. Maeman sing neng mejane Mas ali takjipuk karo ngguya – ngguyu,
aku mlaku marani kanca – kancaku. Dilokake stress ya wis ben.
Mbak Eny
:“Sida entuk silihan kupon?” takone
Nasta :
“Aaa... ngerti ra? Mau ana mas – mas gantheng heroik, aku diwenehi kupon. Ki
lho kupone, arep taksimpen, arep tak laminating!” ujarku bantas.
Kanca – Kanca
: “huuu...” kancaku padha koor ngece aku.
Mbak Indah :“
Nasta... Nasta... nek karo mas nggantheng, radharmu kok kencenge eram.”
Nasta : “Yo
bene to mbak, jan mase maeng Guantheng tenan lho mbak!Aku wae kayo dihipnotis
karo keganthengane!” Kandhaku karo ngguyu.
Mbak Eny :
“Halah lebay kowe iki na” karo njiwit lengenku.“
Nasta : “Duh
Mbak lara iki” karo nyekeli lengenku sing mari di jiwit mbka Eny.
Mbak Novy
:“Wes dang padha dipangan mengko selak masuk kelas!”
Dini :“Iyo
wes dang padha di enthekhe mengko jo lali mbayar dhewe-dhewe!” kandhane Dini
karo ngguyu ngakak.
PRANYATA pandugaku sasuwene iki kleru.
Wiwit mlebu kuliah S2 aku durung nemokke mas – mas nggantheng sing sreg neng
ati. Buiasa ... kabeh! Upama ana sing nggantheng, mesti wis dha nduwe bojo,
minimal ya pacar lah. Lha wingi kae,sing menehi aku kupon, kok bisa luput saka
radharku. Wingi kok aku ya lali nggawa kupon barang. Lali sing nggawa begja,
ditulungi wong nggantheng!
Uda Fajri... Uda iku paraban “Mas” nek
cara Minang. Wah, aku kok bisa kedanan wong sebrang mung gara – gara kupon ya!
Kamangka mbiyen aku tau sesumbar wegah entuk wong sebrang, pengin entuk wonh
jowo kene – kene wae. Wadhuh piye ya, muga – muga wae wonge dudu Malin Kundang sing keplayu saka ranah Minang.Aku
kudu golek sisik melik bab Uda Fajri, golej alesan ketemu maneh. Hm... apa reka
– reka ngijoli kupone sing disilihke aku kuwi ya? Rekake mbalekke kupon,
kamangka ya sing baku mung pengin adu arep karo dheweke, sokur – sokur bisa
mawan rembag. Ah mbuh, kecipir arem – are, dipikir karo merem.
Babak : 7
Dina Senen tekan Kemis aku ora
kuliyah, merga mung jemuah-setu mlebune. Dina longgar kuwi kadhang tak gunake
nggarap tugas kuliyah karo kanca – kanca sing ora kerja nenh instansi.Kebeneran
kancaku Isuk kimau ngajak nggarap tugas neng perpus, sisan karo internetan neng
kana. Aku ngiyani.
Aku,Mbak Indah, Mbak Eny, Mbak Novy wis tekan kampus, mlebu
lift mijet angka 4, arep ngurusi sertifikat neng TU dhisik. Wong papat runtang
– runtung metu saka lift. Mbak jegagig, ana wong nggantheng lagi dolanan laptop
cedhak lift. Uda Fajri.
Ngerti ana Uda Fajri neng cedhak lift
lha kok Mbak Eny langsung marani dheweke omong – omongangan yeng. Wah, wis
tepung sajake. Kok ora tau crita ya yen dheweke nduwe kanca jenenge Fajri. Ah
Mbak Eny nduwe konco ngganteng kok ora dikenalke aku. Eh, kok nggladrah timen
pikiranku iki. Aku langsung wae temuju TU nylamurke pikiranku sing ra pakra
mau.
Nasta : “Mbak
kok kenal karo Uda Fajri?” takonku sauwisi wus ana perpus.
Mbak Eny :
“Lha kae kancaku kuliyah neng Lampung mbiyen. Mlebune dhisik dheweke mula dadi
kakak tingkat. Eh kosik,kok awakmu wis kenal?” gek nyeluk nganggo Uda barang.
Sajake ana sing nyalawadi...”
Nasta :
“Eh... anu. Ah ora kok, mung ngerti jenenge wae saka kancaku S1 mbiyen sing
sakelas karo dheweke,” Wangsulanku ora teteh.
Mbak Eny :
“Hm, oh iya, aku ngerti, paling wong kuwi sing menehi kupon ya? Hayo ngaku!
Ihir... cah kancane dhewe lagi kasmaran karo Uda Fajri. Haha cie cie Nasta!”
Nasta : “Duh
apa sih Mbk Eny iki ana-ana wae”
Mbak Eny :
“Eh cah delengen Nasta salah tingkah!” Karo ngguyu lan nunjuk aku. Dirasuki
kanca – kanca aku jan isin tenan ngana kae. Ah Mbk Eny kok ya lantip banget
graitane.
Mbak Eny :
“Wis nduwe nomere durung Nas? Fbne? BBM? Ah kowe ra nduwe BBM,nomere wae ya,
iki lho takwenehi,” Mbak Eny isih ngethuprus wae.
Nasta : “Apa
ta Mbak, sampean iki. Tekan endi mau garapane? Ayo gek ndang dirampungake.”
Mbak Eny :
“Halah, gayane nyilmur di jak omong,”
Mbak Indah
:”Iyo nylimur ae ditakoni, wong yen wis jatuh cinta yo ngono kuwi, deloken nek
nganti salah tingkah Nasta” Mbak indah nambahi lan marai kau isin ra
karu-karuan. Omonganku mau ora digagas, malah sansaya dieceni.
Suwe – suwe aku mutung dhewe. Buku – buku tak jipuk arep
metu saka perpus timbang di-bully wae neng kene. Aku dijarke kanca – kanca.
Nasta : “Apa
sih Cah- cah maeng marai aku ra fokus ngerjakne garapanku” ujarku karo mlaku
ngadoh saka panggonane cah-cah mau.
Lagi wae
mbukak lawang arep metu, lha kok pas – pasan karo wong arep mlebu. Dawa umure
tenan, wong kuwi Uda Fajri.
Uda Fajri :
“Eh maaf, nggak sengaja” karo mbenakne buku sing arep jeblok saka tangane
dhewe.
Nasta : “Ah,
Oke no problem” ujarku “maaf saya permisi” Sahutku ndhingkluk ra wani ngiwasi
wajahe uda Fajri.
Mari ngono
aku mlaku banter wedi dheweke genah yen wajahku saiki wes kaya kepiting rebus
ngono kae.
Epilog
NGANTI seprene aku durung wani methuki
Uda Fajri. Yen pas kebeneran papasan neng dalan, aku malah mbalik utawa meneng
wae. Embuh rasane kok dheg – dhegan bange, keringetku metu kabeh, balungku kaya
dilolosi. Aku wis ngerti dheweke seneng lungguh neng cedhak lift, yen awan neng
perpus, pondhokane neng pesantren mahasiswa, lan durung duwe pancangan. Wis
pokoke aku kaya observer, golek sisik
– melik bab dheweke. Nanging tetep wae rasane ora wani adu arep.Aku mung bisa
nyipen kupon keramat saka dheweke, wong sebrang saka ranah Minang. Kupon kuwi
kaja jimat tumrap awakku,nang ngendi – ngendi takgawa. Yen lagi kangen aku mung
bisa ngiling kupon keramat saka dheweke iku karo ngucap. “ Oi Uda, ba’a kaba?
Lah lamo induk busao,adiak taragak bana ka uda. Bilo awak bisa basuo baliak jo
ngecek baduo sajo?”
·
Mas,
piya kabare? Wis suwe ora katemu, aku kangen banget karo sampean, Mas. Kapan ya
awake dhewe bisa ketemu lan ngobrol-ngobrol wong loro wae?
>>>> Rampung
Unsur
Intrinsik Cerkak “ Kupon Keramat Uda Fajri”
1.
Tema : Kisah Cinta Remaja
2.
Alur
: Maju
3.
Setting
:
Babak 1
- Papan Panggonan : Kelas
- Wektu : sore
- Kahanane : bosen
Babak 2
- Papan Panggonan : Mushola
- Wektu : sore
- Kahanane :Gela
Babak 3
- Papan Panggonan : cedhak Mushola
- Wektu : Mari Ashar (sore)
- Suasanane :Bingung
Babak 4
- Papan Panggonan :Kelase Oching
- Wektu : Mari Ashar (Sore)
- Suasane : Seneng
Babak 5
- Papan panggonan : Cedhak Mushola
- Wektu : Sore
- Kahanan : Seneng
Babak 6
- Papan Panggonan : Kantin
- Wektu : Sore
- Suasane : Seneng
Babak : 7
- Papan Panggonan : Perpus
- Wektu : Isuk
- Kahanane : Isin
4.
Sudut
Pandang : Orang Pertama Pelaku Utama
5.
Tokoh :
- Nasta : Protagonis
- Uda Fajri : Protagonis
- Mbak Eny : Tritagonis
- Mbak Indah : Tritagonis
- Mbak Novy : Tritagonis
- Dini : Tritagonis
- Mas Ali : Tritagonis
- Risma : Tritagonis
- Oching : Tritagonis
- Mbak Pramusaji : Antagonis
- Bu Dhosen : Antagonis
6.
Watak
:
- Nasta :Baik hati , Cawak, Pemalu, Pemarah
- Uda Fajri :Baik hati,Kalem
- Mbak Eny :Jahil,Cawak,Heboh,setia kawan
- Mbak Indah : Jahil,Heboh,setia kawan
- Mbak Novy : Kalem, Pendiam
- Dini : Kalem
- Mas Ali : Perhatian, Baik hati
- Risma : Usil, Baik hati
- Oching : Setia kawan
- Mbak Pramusaji : Tegas,Penurut
- Bu Dhosen : Cerewet,Pengertian
7.
Amanat
: Ojo nganti mendem perasaan marang wong sing kang ditresnani, ojo nganti ora
wani utawa duweni rasa wedi ngungkapne perasaan kuwi,amarga bisa kuciwa yen ora
bakal bisa ngungkapke perasaane dhewe.
>>>>> Rampung
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar