Rabu, 31 Januari 2018

Naskah Cerkak Niken Larasati

         KEPUTUSANE WULAN
         DENING : EKAPTI LA

Nama : Niken Larasati
Kelas : XII-IPA 3
No. Ansen : 27

BABAK 1
Panggone => ing kamar
          Tekate wulan uwes trep dheweke owes suwe dadi guru anggone dadi guru wes cukup rumongso wis cukop anggone nyenengake bapake nyambut gawe dadi guru , sesuk isuk dheweke bakal nyerahake surat pengunduran diri menyang kepala sekolah.
Sak urunge wulan ngadep kepala sekolah wengi iku wulan nulis surat pengunduran ing kamar.
Wulan          :”oalah to yo yo aku iki nulis surat tapi kok isih bingung kok yo urung rampung,iki wis jam piro yo?”
Sisihane :” buk iki wes wengi kok isih urng turu jane nulis opo ta buk?”
Wulan          :” iki lo pak nulis surat pengunduran tapi aku kok yo isih bingung yo pak, njenengan setuju ta pak lak kula sampun mboten mulang maneh? “
Sisihane :” la sampean iku wes trep urung karo keputusane ibuk lak aku yo setuju mawon buk yen kuwi keputusane sampean buk”
Wulan          :”nggih mpun pak kula mpun trep lak samean setuju kula nggeh setuju pak”
Sisihane :” yowes bu ayo gek ndang ditulis buk iki wes wengi uwes jam sepuluh buk sesok lak yo telat gak iso tangi isuk goro-goro turu weng..i”

BABAK 2
            Esuke wulan ngadhep kepala sekolah
Panggonan => ing ruang kepala sekolah
Wulan          : “assalamu’alaikum wr.wb ngapunten bu ngganggu panjenengan ,’
Kepsek : “wa’alaikumussallam wr.wb lo bu wulan ,wonten nopo bu kok isuk mruput sampun mriki ?,  wonten keperluan nopo bu?”
Wulan          :” ngeten bu nuki kulo sampun 11 tahun niki dados guru la sakmeniko kulo badene ngunduraken diri bu kulo badene pados pegawean rumiyen kulo pingini niki sampun keputusane kulo bu !
Kepsen :”wo ngoten bu lak sak meniko sampun keputusane njenengan kulo tampibu mugi mugi njenengan saget tercapai nopo seng dados keinginan nopo angen”ne njenengan? bu mugi mugi lancar bu nggeh “
Wulan          : “ injeh amin buu matur nuwun pandonganipun bu matur nuwun sanget”
Kepsen : “yen kulo pareng nyuwun perso la njenengan niku bade nyambut damel tengpundi to bu sakmeniko?”
Wulan          : “ kulo niku kepingin nyambut damel kayata ing perusaha’an utawi hotel bu “
Kepsek : “ dados jenengan niku bade nglamar teng bagian nopo bu”
Wulan          : “ kulo niku kepingin dados manager bu amargi rumiyen niku sekolah enten bakat marketing bu”
Kepsek : “ walah ngoten to bu nggeh mugi ugi kasil nggeh bu anggoni ibu pingini “
Wulan          : “ amin amin amin buu, kulo nggeh matur ngapunten yen selama kulo nyambut damel enten kesalahan teng panjenengan kulo matur ngapunten ingkang katah bu”
Kepsek : “ sami bu kulo nggeh ngoten mbbok bileh kulo  wonten kesalahan kulo matur ngapunten ingkang katah nggeh bu”
Wulan          : “ enggeh sampun matur nuwun bu assalamu’alaikum wr.wb
Kepsek         : “ wa’alaikumsallam wr.wb “

Babak 3
Panggone => ing omah
Sak suwene setaun wulan uwes kerjo ing Hotel lan uwes kerjasama karo pihak hotel liane uripe wes bedo banget karo ndisik.Sawijining dino anakke wulan seng nomer loro jenenge Nurna lapuran karo nangis-nangis
Nurna           : “ bu wau biji matematikane kulo entuk biji telu buuu, ngendikane Bu Guru aku kudu sregep sinau ben munggah kelas “
Wulan          : “kok bisa nganti kaya ngene? piye to samean ii nduk kok iso isone ulangan biji telu ngunu kui lo akibate lak akeh dolan wae sak mbendino”
Nurna           : “ kula wingi sampun sinau bu tapi ora iso angel banget dijawab bu”
Wulan          : “ yen kowe kuwi ora iso yo nyuwun pirso bapak utowo ibu to nduk yo ben iso njawab nduk”
Nurna           : “ la pripun kulo saget nyuwun pirso bu Bapak kondure wengi,ibu uga, pripun kula saget nyuwun pirso bu?” dados kepeksan kula garap piambak
Wulan          :” owalah kan yo iso takon kancamu ibu kuwi kerjo mulih wengi kuwi yo golek ke duit anggone kowe sekolah nduk, wes ora usah nangis ayo sak iki ndang sinau ben inok biji apik nduk ,ayo nduk ibuk warai kene
Nurna : “ enggeh bu niki wau kulo nggeh wonten PR katah bu “
Wulan          : “ ayo gek ndang digarap selak wengi nduk”

BABAK 4
Panggone => Perusahaan Interior
          Dina iku wulan ana tugas methuki bos sawehing perusahaan anyar kang cukup gedhe.Perusahaan ing babagan interior , ing perusahaan interior Wulan mertamu nganti rong jam . nalika arep nyang toilet dumadakan ana sing nyapa dheweke .
Salwa : “Menapa leres Bu wulan nggih?”
Wulan          :” njenengan sinten? Kula nate sumerep ning kok supe.”
Salwa :” ibu mboten sisa basa, kula muridipun ibu nalika wonten Tk, nami kulo Salwa bu, ingkang seneng banget nggambar lan nulis halus.”
Wulan          :” Salwa? Oala ya, bu wulan lagi kelingan saiki, salwa muride ibu sing paling pinter nggambar lan nulis halus, nganti tau dadi juara tingkat kota ya, nalika lomba hari anak? Wah kowe sak iki ayu banget , nyambut gawe kene ta?”
Salwa :” inggih bu, kula dados staf desain wonten mriki.. Bu Wulan inggih panggah timur lan sulistya...”.
Wulan          :” tenan ta? Mengko gek malah ngece ibu...”
Salwa :” mboten bu saestu bu ....o inggih bu wuan kok saged wonten mriki wonten perlu ta bu?”
Wulan          :” Bu Wulan saiki wis ora mulang, saiki kerja nang marketing. Iki mau nemoni Pak Widyanto...Pimpinanmu.”
Salwa :” wah mboten klentu ta bu,,? kula lan kanca-kanca rumiyin, remen sanget nek Bu Wulan mucal, langkung-langkung yen mucal nggambar lan nulis latin. Bu Wulan saged sabar tur tlatos, anggen kula saged nyambut damel wonten desain inggih saking piwulangan panjenengan lo bu!”
Wulan          :” lo iyo seh salwa nduk cah ayu?”
Salwa :” inggih bu kula malah kepingin ngedegaken Taman Kanak-kanak Bu lan saged mucal kados ibu. Eman kula dereng gadhah dana langkung.. mila kula nyambut damel mriki rumiyen.”
 Sawise kuwi wulan krungu ditimbali pimpinan yen rapat arep dimulai eneh
Wulan          : “ lo nduk aku kok di timbali pimpinan paling arep rapat maneh nduk ,ibu disek yo nduk liyo wektu yen ketemu disambung maneh yo nduk .”
Salwa           :” wo injeh bu kula inggih bade balek kerja maleh bu .”
Nalika kabeh wes balek kerja maneh wulan angen-angen. Dheweke kaget karo kandhane Salwa sing kepingin kaya dheweke nalika mulang . kanyatan kang or kinira lan mbingungake . tibake kok ana murid sing ngeman nyang keputusane nggone mandeg dadi guru. Wengi iku Wulan rangu rangu apa bener kekarepane iku? Dosa apa ora nyang kulawargane? Dheweke apa ya wis dadi sisihan sing apik tumrap bojone? Dheweke apa ya wis dadi ibu sing apik tumrap anak-anake?. Akeh banget pitakon kang ngebaki sirahe.. nanging ora ana kang bisa diwangsuli nganti dheweke keturon nglepus.
Rampung......!

Unsur Intrinsik :
·      Tema : keluarga
·      Paraga : Wulan , Ryan (sisihane), Kepala sekolah , Nurma
·      Watak  :  ~ Wulan  -> Teges , Alus, lan api
~Ryan -> Apik , Perhatian
~ Kepala Sekolah -> Teges lan Apik
          ~ Nurma -> Jereh , Nangisan
·      Alur                        : maju
·      Latar                       :  omah, ruang kepala sekolah , kamar , lan Perusahaan     interior
·      Sudut Pandang       :  wong ketelu
·      Amanat  (wejangan)  :
Keputusan apa ikukudu didiskusekake karo keluwarga  amarga kita duwe bojo lan anak lan ora oleh mutuske dewe amarga iku hal penting kanggo masa depane keluarga.
Apa wae kerjane kita kudu tetep marang anak kewajiban ngurus anak bojo kuwi wis kewajibane wong wadon marang bojone.

>>>>> Rampung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar