Nami : Lina Audina
No urut :
18
Kelas : XII-IPA 3
Saking Cerkak “ Apuranen Aku”
Dening : Wida
BABAK 1 (ing omahe mas arif)
Ing waktu
suk mas arif sing lagi lungguh santai intuk telepun saka wida
Wida :Assalamualaikum
mas?
Mas Arif :Waalaikum
salam
Wida :sepurane mas aku mengko ora bisa
ketemu lan dolan bebarengan,amarga ana perlu liya sing luwih penting.
Mas Arif :penting
endi karo aku?
Wida :penting
kabeh,sepurane ya mas.
Mas
Arif :(Ora dakwangsuli,telepun banjur
tak pungkasi,wida banjur elepun maneh nanging wis ora tak gagas)pikiran lan
atiku wis kebacut panas,hawa panas uga nguwasai kuthaku kahanan saiki angel
dikira-kira,saiki krasa panas nanging sedela wae owah.
Awt
angin tumiyup banter nggawa mendhung pirang-pirang banjur udan deres.nganti
sore,kahanan iseh obah owah.
Mas Arif :Ah.....
dadi kelingan biyung sing wis tilar donya sawetara waktu kepungkur.
Mas
Arif sing atine ora kepenak dadi kepingin ketemu biyung,kanggo nambani rasa
kangen. Mas arif dolan menyang panti jompo tresna wreda.
BABAK 2
Ing panti jompo tresna wreda
Mas
arif :Ah....aku arep napa mrene
iki,genah aku ora gawa apa-apa sig bisa dakcaosake marang para sepuh sing mapan
ana kene...
Mas
arif mikir kepiye mengko tanggapane pengurus panti jompo,amarga mas arif mara
ing panti jompo ora gawa apa-apa.mas arif markir pit motor ing papan parkir
kang ana kanthi manteb.mas arif mlangkah menyang teras lan nothok lawang panti
jompo kuwi.
Mas arif :
(nothok lawang panti jompo)thok thok thok.. kula nuwun?
Bu samsi :mangga
mas ,wonten punapa mas?
Mas
arif :menawi kepareng kula namung badhe dolan ,kepingen kepanggeh
simbah-simbah ingkang wonten mriki (tembungku rangu-rangu)
Bu
samsi :woo..inggeh..sumangga,mangga
pinarak mlebet,para simbah nembe dahar.hehehe(mesem tulus)
BABAK 3
Ing ruwang
makan
Mas arif
ngetutake bu samsi mlebu ruang sing rada jembar,pranyata kuwi ruwang makan
banjur nyalami kabeh piyayi sepuh sing nembe dhahar kuwi.
Mas arif :satemene
ora sopan,dene nembe dhahar kok disalami.
Simbah-simbah :
(mesem lan seneng lan nampa mas arif kanthi becik)
Bu samsi :
Monggo mas melu aku mubeng mubeng ing ruwangan sing ana ning kene.
Mas Arif :
Inggih(aku ngetutake Bu Samsi)
BABAK 4
Ana
maneh ruwangan sing padatat kanggo kumpul dening para simbah kasepuh kasebut.
Ana TV 24 inchi ing poncot ruwang sing bisa disawang kanthi cetha saka papan
ngendi wae ing ruwangan kuwi.
Mas
Arif ketemu karo mbah Jini
Mas Arif :
Menapa kemawon ingkang dipunlampahi saben dinten mbah?
Mbah
Jini : Nggeh napa mawon. Sing asring
nggih nampi penyuluhan saking petugas kesehatan, ugi nampi perawatan rutin bab
kesehatan.
Mas Arif :
Teng mriki wonten petugas kebersihan mbah?
Mbah
Jini : Iya ana mas, sanadyan ana
petugas mirunggan sing ngurusi bab kebersihan, nanging simbah-simbah isih padha
sengkut resik-resik ruwangan lan uga ngumbahi sandhangane dhewe-dhewe, saliyane
kuwi uga padha isah-isah piring sing kanggo maem.
Mas Arif :
Ngeten niki nggih katah sing mriki mbah?
Mbah
Jini :kadhangkala ugi wonten rombongan
ibu-ibu utawi lare-lare sekolah lan mahasiswa ingkang sami dolan ngriki.
Mas Arif :
Alhamdulillah . .Katah nggih mbah ingkang tindak mriki.
Mbah
Jini : Wahh ndadosaken papan mriki
dados regeng. Kados kedhayohan anak lan putu. Remen raose . .Kadhangkala kula
dipun ajak gegojegan lan tetembangan kados tinenggan anak putu saestu.
Mas Arif :Nyuwun
pangapunten, mbah. Sapunika putra-pitrinipun mbah Jini wonten pundi?
Mbah
Jini : (Aelum pasuryane) kula niki
mboten gadhah turun. Nalika kula emah-emah, tansah dipun pala dening bojo kula.
Wusananipun kula pegatan dereng gadhah momongan, Gesang kula kesrakat, ngantos
nandhang sakit ingkang badhe nggondhl nyawa kula. Gusti mboten sare, awit kula
nampi pitulungan saking Bu Samsi ingkang makarya ing panti jompo punika
Manggihaken kula dipun betha manggen ing mriki.
Mas Arif :sepuntene
ingkang kathah mbah,kula sampun tangklet ngonten niku.
Mbah
Jini :halah,boten napa-napa mas. Boten
usah dipun gagas.kados pundi kemawon sedaya tiyang gadah pengalaman
gesang.sedaya sampun kelampahan,ingkang beken sapunika kok sampun rumaos
ayem,dening ing sisaning umur kulo,wonten papan kangge ngiyup. Matur nuwun
datheng gusti.
Para
sepuh kang manggon ing panti jompo kuwi duwe lelakon dewe-dewe ,geneya bisa
manggon ing papan kuwi . kabeh simbah-simbah sing iseh bisa mlaku kanthi jejeg
padha ngumpul ing ruwang TV.mbah Jini uga banjur nggabung ing ruwangan kuwi.
Mas arif uga pamitan marang kabeh kang ana kono. Mbah Jini katon owen.
Mas arif :kula
badhe pamit rumiyin mbah.
Mabh Jini :kenapa
kok kesusu to mas?
Mas
Arif :kula badhe asring mrki
mbah,griya kula namung celak mriku.menawi lodhang wektu kula badhe dolan mriki
maleh.
Mbah(sing gawe kebayak ireng): matur nuwun nggeh mas
kersa niliki simbah-simbah
Mas
Arif :inggih mbah sami-sami.(ing
batin Alhamdulillah aku bisa ditampa kanthi legawa,duduk barang lan bandha sing
diarep-arep para sepuh kuwi nanging kawigaten utawa perhatian)
BABAK 5
Ing dalanan ruwangan tumuju arep muleh
Mas
arif ngliwati kamar sing tutupan nanging lamat-lamat keprungu swara tembung .
Mas Arif :aku
kaya tepung karo swara kuwi (mandhek sedela,nyedhak lawang kamar)kuwi....
(atiku kumesar)
Bu Samsi :
(sing pranyata wis ana burine mas arif jawil lengene )wonten punapa mas?
Mas arif :
(kaget)swara tembang ing kamar iku ?
Bu
samsi : ooo..... niki kamar e Mbah
Jarni. Piyambake sampun dangu sakit ,niki wau meh sedinten dikancani mbak Yati.
Kenya mudha ingkang asring dolan mriki.
Mas Arif :punapa
kepareng kula sumerep kawonten nipun mbah Jarni?
Bu samsi :monggo..kula
aturi tindak mlebet.
Mas
arif : (ora bisa kumecap nalika
mlebu kamar ing kana katon kenya mudha nembe dulang piyayi sepuh sing namung
bisa sendhen)wida...??
Wida :walah...
mas Arif? (mripan endah kuwi blalak nuduhke kagete)
Bu Samsi :niki
Widayati mas.
Wida :
mbah Jarni niki Mas arif,calon bojo kula.
Mas arif :
(banjur nyalami mbah Jarni.tangane wida dak gegem) apuranen aku Wida..
RAMPUNG>>>>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar