NAMA : MELIANA PUSPITA HANDAYANI
KELAS :
XII – IPA 3
NO.ABS : 21
Drama saking cerkak
“Gerong Rujak Jeruk”
Dening : Eko Budiono AED
Tema : Wong
lanang wedi karo bojone wadon
Alur :
Campuran
Setting :
·
Wektu : Esuk
·
Papan
Panggonan : Warung Tegal
Tokoh :
1. Sruni
2. Sukmono
3. Mira
Penokohan : 1.
Sruni : Ngengkel, ngeyel, gampang nyrandu, wani karo wong lanang.
2.
Sukmono: Menengan, sabar.
3.
Mira : Sopan, Manut karo wong tuwa.
Sudut pandang : wong ke-2 pelaku utama
Piwulang : Aja gampang nyrandu lan wani karo wong
lanang, apa maneh bojone
Dhewe.
BABAK I
Sruni :
“Bangeten tenan uripku iki! Duwe bojo isane mung ngresula terus! Angger
ditembungi apa – apa ora isa nuruti! Urip pisan wae rumangsaku kok dikon rekasa
terus!” (karo nata alat-alat dapur ing warunge.)
Sukmono : “Wis
to Buk, aja ngundhat-ngundhat ngono. Disyukuri apa enek e.”
Sruni :
“Kowe kuwi wong lanang apa, hng?! Wong lanang kok mlempem. Sing digedhekne mung
mangan turu mangan turu. Dadi wong lanang iku mbok ya sing pethel.”
Sukmono :
“Sakiki golek gawean iku angel. Apa maneh neng komplek koyok ngene iki.”
Sruni :
“Halah iku mung alesan. Mesthi angger keceneng sithik wae, sambat lara
neka-neka, nggo alesan! Dhasar wong lumuh. Angger dijaluki tulung alesane lara
rena – rena. Lara kok borongan!”
Sukmono
bojone mung bisa meneng wae ngrungokne.
Sruni :
“Awake dhewe iki rak dudu wong pangkat wong drajat, Pak. Eling, awake dhewe ki
mung trima usaha Warung Tegal.”
Sukmono : “La
usahane awake dhewe iki ancen warung tegal, arep usaha apa maneh?”
Sruni : “
Ya usaha apa ngono, ben ora nganggur wae. Mosok sing nyambut gae sing wadon.
Nek ra diewangi njungkir – walik sing arep ngeneki sapa?”
Sukmono : “Wis
to Buk, aja uring – uringan ngono. Dadi wong kui kudu sing sabar. Isin
dirungokno para tangga kiwa tengen e awak dhewe.”
Sruni :
“Nek ra tak uring – uring ngeneki, wakmu apa ya isa ngerti. Dulurmu kabeh ra
enek sing perduli. Arepa mas – masmu lan mbakyu – mbakyumu sing sugih – sugih,
sing omahemagrong-magrong lan bandhane turah-turah kuwi, apa ana sing ngerti karo
rekasane awake dhewe. Apa ana sing perduli karo awake dhewe, he?!”
Sukmono :
“Wis, wis, wis! Diumbar – umbar omongane kok saya nggladrah. Kabeh – kabeh
diundhat – undhat. Arepa tunggal weteng, nasibe uwong beda – beda.” (Sentak e
Sukmono ora tahan.)
Sruni :
“Buktine rak iya ta? Kuwi merga biyen kowe ora sekolah dhuwur. Mas – masmu,
mbakyu – mbakyumu pada sarjana kabeh, giliran kowe mung tamat SMA PGRI sing
murah, sing mutune....”
Sukmono :
“Uwis meneng! Uwong kok rina wengi gawene obong – obong terus. Dadi provokator
kaya gerombolane Emen Sengkuni Rasis!” (Sukmono nyuthel omongane sruni.)
Sruni :
“Nek ora provokator elek kaya ngene ki, arep mangan apa, he? Nek ora tak
rewangi adus kringet wiwit jam papat esuk nganti jam sanga bengi ngupakara
warung, apa sing nggo nyekolahne bocah – bocah?”
Sukmono : (Mung bisa ngelud dada lan istighfar.)
Sruni :
“Biyen wis enak – enak kerja neng Astra, metu. Gara – gara manut masmu, ya
ngene iki akibate.”
Sukmono : “La
aku dikongkon metu karo masku ya manut wae to buk, mergo masku ngerti pekerjaan
sing pas lan ora pas karo aku.”
Sruni :
“Coba nek isih kerja neng Astra, isa disekolahne neng Jepang kaya Yanto kae,
saiki dadi manager, bayarane gedhr, isa tuku omah mewah neng BSD.”
Sukmono :
“Ngono kuwi sing beja awake. Sing ora ya malah catho – catho nganti saiki isih
ngontrak. Isih lumayan awake dhewe.”
Sruni :
“Isih lumayan piye? Wong nelongso koyok ngene ki!”
Sukmono :
“Wong diomongi kok ngeyel. Awake dhewe isih isa manggon neng komplek. Ora
ketang pathenthengan empet – empetan buktine ya ora nemen-nemen. Avanza, duwe.
Sepedha motor, duwe. Malah telu. Omah, wis lunas. Arep apa maneh Buk?!”
Sruni :
“Kebutuhan liyane isih luwih akeh saka kuwi, Pak. Aku ya pingin barang-barang
kaya nggone wong-wong, kaya tas, perhiasan, bedhak, lan liyane maneh.”
Sukmono : “Nek
nuruti kurang ya ora ana enteke! Diparingi sehat lan bisa duwe warung akeh
langganane ngene iki awake dhewe kudu wis bersyukur marang sing Gawe Urip.”
Sruni :
“Halah...! saben kepepet omongane tiru – tiru Pak Ustadz!” (Karo prengat –
prengut.)
Sukmono mung ngumbar omongane Sruni. Nek diladeni saya nggladrah menyang
ngendi ngendi.
BABAK II
Mira anak wedoke sing kelas 12 SMA Al Amanah arep budal sekolah. Sruni
ngedoli langganane ing warunge.
Sruni :
“Lho, Mira kok durung diterne? Telad kuwi mengko. Ewuh apa maneh ta, kok ra
ndang budhal – budhal?”
Mira :
“Nggeh Buk, kula tasih ngentosi Bapak.”
Sukmono :
“Mira ayo budhal, dakterne bapak saiki.” (Metu teko omah karo gawe jaket.)
Mira :
“Nggeh Pak. Buk kula bidhal, assalamu’alaikum.”
Sruni :
“Wa’alaikumsalam, ati – ati nduk.”
Mira :
“Nggeh Buk.”
BABAK III
Ing tengah ndalan karo nyetir motore Sukmono ngandhani anake sing
digonceng.
Sukmono :
“Mir, eling – elingen omongane Bapak.”
Mira :
“Wonten punapa Bapak?”
Sukmono :
“Mbesuk kowe nek wis duwe bojo, aja galak – galak karo bojomu ya, ndhuk.”
Mira :
“Nggih, Pak. Nek diomeli terus mesakne, mangkane rak sakit nratab kados bapak.
Hehehe...”
Sukmono :
“Hahaha... iya ndhuk. Muga – muga ing
tembe guntur anak lanangku sing mbarep dadi wong sukses sing bisa nyembadani
keluarga lan Mira dadi putri sholehah sing bekti karo bojone, ora nranyam karo
wong lanang kaya gerangane (Batinku).
>>>>> Rampung
>>>>> Rampung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar